Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 36 Kitab Sutji (JAV)

Para turune Esap

36:1-19

1. Iki turune Esap, yaiku Edom.

2. Esap iku golek jodho wong wadon Kanaan, yaiku: Ada, anake Elon wong Het lan Oholibama, anake Ana, anake Zibeon wong Hewi,

3. lan Basmat, anake Ismael adhine Nebayot.

4. Ada mau anak-anak Elifas patutan saka Esap, lan Basmat anak-anak Rehuel.

5. Sarta Oholibama anak-anak Yeusy, Yaelam lan Korakh. Iya iku para anake Esap kang laire ana ing tanah Kanaan.

6. Esap tumuli mboyongi para somahe, anak-anake lanang lan wadon sarta sabrayate kabeh, raja-kayane, kewane lan sabarang darbeke oleh-olehane ana ing tanah Kanaan, banjur lunga menyang nagara liya pisah karo Yakub adhine.

7. Marga raja-darbeke sakaro-karone iku akeh banget, njalari ora bisa awor pamanggone, tanah pamanggone neneka iku ora nyukupi awit saka kehing raja-kayane.

8. Dadine Esap banjur manggon ing pagunungan Seir; Esap yaiku Edom.

9. Iki turune Esap, leluhure bangsa Edom ana ing pegunungan Seir.

10. Iki jenenge para anake Esap: Elifas, anake Ada, somahe Esap, Rehuel anake Basmat somahe Esap.

11. Anake Elifas yaiku: Teman, Omar, Zefo, Gaetam lan Kenas.

12. Anadene Timna iku selire Elifas anake Esap, iku nglairake Amalek patutan karo Elifas. Iku mau putu-putune Ada somahe Esap.

13. Para anake Rehuel yaiku: Nahat, Zerakh, Syama lan Miza. Iku para putune Basmat somahe Esap.

14. Iki para anake Oholibama, somahe Esap, anake Ana anake Zibeon; iku nglairake anak patutan karo Esap, yaiku: Yeusy, Yaelam lan Korakh.

15. Iki pratelane para panggedhening taler-taler turune Esap: Elifas anake pembarep Esap nurunake panggedhening golongan Teman, golongan Omar, golongan Zefo lan golongan Kenas,

16. Panggedhening golongan Korakh, golongan Gaetam lan golongan Amalek: iku para panggedhening golongan Elifas ing tanah Edom, iku turune Ada.

17. Dene para turune Rehuel anake Esap yaiku: panggedhening golongan Nahat, panggedhening golongan Zerakh, panggedhening golongan Syama lan panggedhening golongan Miza. Iku para panggedhening golongan anake Rehuel ana ing tanah Edom; iku mau padha turune Basmat somahe Esap.

18. Iki para anake Oholibama somahe Esap: Panggedhening golongan Yeusy, panggedhening golongan Yaelam, panggedhening golongan Korakh; iku kabeh para anake Oholibama somahe Esap anake Ana.

19. Iku mau padha turune Esap, yaiku Edom lan iku para panggedhening golongan-golongane.

Turune Seir

36:20-30

20. Iki anak-anake Seir wong Hori, wong bumi kono: Lotan, Syobal, Zibeon lan Ana.

21. Disyon, Ezer lan Disyan, iku mau panggedhening golongan Hori, anake Seir ana ing tanah Edom.

22. Anak-anake Lotan yaiku Hori lan Heman, sadulure Lotan kang wadon yaiku Timna.

23. Iki anak-anake Syobal: Alwan, Manahat, Ebal, Syefo lan Onam.

24. Anak-anake Zibeon: Aya lan Ana. Ana iku kang nemu tuk banyu anget ana ing pasamunan, nalika pinuju angon kuldine Zibeon bapakne.

25. Dene anake ana: Disyon lan Oholibama, anake wadon Ana.

26. Iki anak-anake Disyon: Hemdan, Esyban, Yitran lan Kheran.

27. Iki para anake Ezer: Bilhan, Zaawan lan Akan.

28. Iki para anake Disyan: Us lan Aran.

29. Iku para panggedhening golongane wong Hori: panggedhening golongan Lotan, golongan Syobal, golongan Zibeon, golongan Ana,

30. golongan Disyon, golongan Ezer lan golongan Disyan. Iku mau para panggedhening golongane wong Hori miturut golongane ing tanah Seir.

Raja-raja Edom

36:31-43

31. Iki pratelane para raja kang ngasta paprentahan ing tanah Edom, sadurunge tanah Israel ana rajane.

32. Ing tanah Edom, kang ngratoni Sang Prabu Bela bin Beor, dene kuthane aran Dinhaba.

33. Sawuse Sang Prabu Bela seda, kang nggentosi Sang Yobab bin Zerah saka ing Bozra.

34. Sasedane Sang Prabu Yobab, kang nggentosi jumeneng raja Sang Husyam saka nagarane bangsa Teman.

35. Sasedane Sang Prabu Husyam, kang nggentosi jumeneng raja Sang Hadad bin Bedad, kang nggecak bala Midian ana ing jajahane Moab, dene kuthane aran Awit.

36. Sasedane Sang Prabu Hadad, kang nggentosi jumeneng raja Sang Samla saka Masreka.

37. Sasedane Sang Prabu Samla, kang nggentosi jumeneng raja Sang Saul saka Rehobot ing pinggir bengawan.

38. Sasedane Sang Prabu Saul, kang nggentosi jumeneng raja Sang Baal-Hanan bin Akhbor.

39. Sasedane Sang Prabu Baal-Hanan bin Akhbor, kang nggentosi jumeneng raja Sang Hadar, kuthane aran Pahu lan garwane asma Mehetabeel putrane Sang Matred putrane Sang Mezahab.

40. Iki jenenge para panggedhene bani Esap miturut golongan lan panggonane kalawan jenenge dhewe-dhewe; panggedhene golongan Timna, panggedhene golongan Alwa, panggedhene golongan Yetet,

41. panggedhene golongan Oholibama, panggedhene golongan Ela, panggedhene golongan Pinon,

42. panggedhene golongan Kenas, panggedhene golongan Teman, panggedhene golongan Mibzar,

43. panggedhene golongan Magdiel lan panggedhene golongan Iram. Iya iku para panggedhene golongan Edom miturut panggonane ana ing tanah ebeke dhewe-dhewe. Edom iku Esap, leluhure bangsa Edom.