Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 32 Kitab Sutji (JAV)

Yakub wedi ketemu karo Esap

32:1-21

1. Yakub mbacutake lakune, tumuli dipethuk dening para malaekating Allah.

2. Bareng weruh malaekat mau, Yakub tumuli ngucap: “Iki wadyabalane Gusti Allah.” Mulane panggonan kono mau diarani: Mahanaim.

3. Sawuse iku Yakub tumuli kongkonan ndhisiki lakune nemoni Esap, kangmase, menyang tanah Seir jajahan Edom.

4. Padha diweling mangkene: “Kowe padha matura marang bendaraku Esap mangkene: Aturipun abdi panjenengan Yakub: Kula sampun dados tiyang neneka wonten ing panggenanipun Bapak Laban, saweg mantuk sapunika.

5. Kaliyan malih kula sampun angsal lembu, kuldi, saha menda tuwin rencang jaler estri, wondene samangke anggen kula kengkenan punika perlu ngaturi uninga dhateng bendara, supados kula angsala sih wonten ngarsa panjenengan.”

6. Sabaline kongkonan banjur padha matur marang Yakub: “Kula sampun sami sowan dhateng ingkang raka Esap, saha panjenenganipun sampun bidhal kadherekaken tiyang sekawan atus perlu methuk panjenengan.”

7. Ing kono Yakub wedi banget, lan atine miris, mulane para bature, wedhuse, sapine lan untane banjur diperang dadi rong pantha.

8. Osiking atine: “Saupama Esap teka nempuh kang siji nganti kalah, panthan kang kari isih bisa oncat.”

9. Yakub tumuli munjuk: “Dhuh Allahipun embah kawula Abraham saha Allahipun bapa kawula Iskak, dhuh Yehuwah, ingkang sampun ngandika dhateng kawula: Sira muliha menyang tanahira marang sanak kadangira lan Ingsun bakal mbeciki sira,

10. kawula punika babar-pisan boten pantes manawi tampia sakathahing sih kadarman saha kasetyan ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng abdi Paduka, awit kala rumiyin nalika kawula nyabrang lepen Yarden punika namung mbekta teken kawula punika, mangka kawula samangke sampun ngrebda ngantos dados kalih pantha makaten.

11. Mugi kawula Paduka uwalaken saking tanganipun kakang kawula, saking tanganipun Esap, awitdene kawula ajrih dhateng piyambakipun, bokmanawi sadhatengipun lajeng mejahi kawula dalah para biyung saanak-anakipun.

12. Paduka rak sampun ngandika: Ingsun mesthi bakal mbeciki sira lan turunira bakal Sundadekake kaya wedhine sagara kang ora kena dietung marga saka akehe.”

13. Ing wengi iku Yakub nginep ing papan kono.Sawuse mangkono nuli njupuk saperangane oleh-olehane kagawe atur-atur marang Esap rakane.

14. Wedhus wadon rong atus, wedhus berok lanang rong puluh, wedhus gembel wadon rong atus, kang lanang rong puluh.

15. Unta wadon kang lagi nusoni telung puluh dalah anak-anake, sapi wadon patang puluh lan sapi lanang sepuluh, kuldi wadon rong puluh lan kuldi lanang sepuluh.

16. Kabeh mau dipasrahake abdine supaya dijaga, saben sapantha dhewe-dhewe, karo padha diweling: “Kowe ndhisikana lakuku lan saben sapantha nganggoa dileti.”

17. Kang lumaku dhisik diweling mangkene: “Samangsa Esap kangmasku wus ketemu karo kowe lan kowe didangu: Sapa bendaramu, lan kowe padha arep menyang ngendi? Lan raja-kaya kang kokgiring iku duweke sapa?

18. Kowe nuli matura: Gadhahanipun abdi panjenengan Yakub, punika atur-aturipun ingkang kagem bendara kula Esap, lan abdi panjenengan piyambak wonten ing wingking kula.”

19. Batur kang kapindho lan katelu lan kabeh kang padha nggiring pepanthan mau iya padha diweling kaya mangkono uga, tembunge: “Kowe padha matura marang bendaraku Esap kaya mangkono mau, samangsa padha ketemu panjenengane.

20. Lan iya padha matura mangkene: Lah abdi panjenengan Yakub inggih wonten wingking kula.” Awitdene pangunandikane mangkene: “Atine daklilihne sarana atur-atur kang ndhisiki aku, sawuse mangkono daktemoni, bokmanawa aku ditanggapi klawan becik.”

21. Dadine atur-atur mau diaturake dhisik, nanging Yakub dhewe ing sawengi iku isih kari nginep ing tarube.

Yakub digelut dening Sang Malaekating Allah

32:22-32

22. Bareng bengi Yakub tangi sarta ngajak somahe karo pisan, abdine wadon loro-lorone lan anake lanang sawelas banjur disabrangake ing kali Yabok.

23. Sawuse iku padha disabrangake, tumuli iya nyabrangake sabarang darbeke kabeh.

24. Mung Yakub kang kari dhewe. Dumadakan ana priya kang nggelut Yakub nganti tumeka bangun raina.

25. Bareng priya mau rumaos ora bisa ngalahake, tumuli mupuh cethike Yakub, temahan cethike kongsul sajrone gelut mau.

26. Priya mau banjur ngandika: “Wis, eculna aku, awit wus bangun raina!” Ature Yakub: “Paduka boten badhe kawula eculaken, manawi dereng maringi berkah dhateng kawula.”

27. Pandangune priya mau: “Jenengira sapa?” Unjuke: “Yakub.”

28. Priya iku ngandika maneh: “Jenengira sabanjure wus aja kasebut Yakub maneh, nanging Israel, mulane mangkono awit sira wus gelut nglawan Allah lan manungsa, mangka sira menang.”

29. Yakub banjur matur: “Paduka inggih kawula aturi nyebataken ingkang asma.” Nanging pangandikane: “Yagene sira ndadak takon asmaningSun?” Yakub banjur diparingi berkah ana ing kono.

30. Panggonan kono mau dijenengake Yakub Pniel, ujare: “Aku wus ndeleng Allah adu arep, nanging nyawaku kapitulungan.”

31. Nalika Yakub wus ngliwati Pniel, srengengene mlethek; anadene lakune pincang, marga cethike kongsul.

32. Yaiku mula bukane wong Israel nganti saiki ora mangan daging kang nutupi cethik, marga Panjenengane wus mupuh cethike Yakub, ing ototing cethike.