Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48
  49. 49
  50. 50

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 3 Kitab Sutji (JAV)

Manungsa tumiba ing dosa

3:1-24

1. Anadene ula iku kang julig dhewe ing antarane sakehing kewan dharatan karyane Sang Yehuwah Allah, mangka iku celathu marang wong wadon mau: “Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampeyan: Sira aja mangan wohing sarupane wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?”

2. Pangucape wong wadon marang si ula: “Wohe wit-witan ing patamanan iki kabeh kena bae dakpangan,

3. nanging tumrap wohing wit kang ana satengahe patamanan iki, ana dhawuhe Gusti Allah mangkene: Aja sira pangan, malah ndemok bae aja, supaya sira aja padha mati.”

4. Nanging si ula calathu marang wong wadon mau: “Boten-botenipun sampeyan sami pejah,

5. nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampeyan nedha wohipun wit punika, sampeyan badhe kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang sae lan ingkang awon.”

6. Wong wadon mau nuli weruh yen wit iku becik kanggo pangan lan katon nengsemake, lan maneh wit iku menginake, awit bisa ngolehake kapinteran; tumuli methil wohe lan mangan, kang lanang kang uga ana ing kono iya diwenehi lan iya banjur mangan.

7. Ing kono mripate wong loro mau padha kabuka, temahan padha sumurup yen wuda; mulane tumuli padha nggandheng-nggandheng godhong anjir kagawe awer-awer.

8. Sakarone bareng padha krungu sabawane tindake Sang Yehuwah Allah lumampah ing patamanan, mbeneri wayah sumiliring angin raina, manungsa lan kang wadon banjur padha ndhelik saka ing ngarsane Sang Yehuwah Allah, ana ing satengahe wit-witan ing patamanan.

9. Nanging Sang Yehuwah Allah tumuli nimbali marang manungsa, pangandikane: “Sira ana ing ngendi?”

10. Unjuke kang kadangu: “Kawula mireng swaraning tindak Paduka wonten ing patamanan, temah kawula ajrih, amargi wuda; pramila kawula lajeng ndhelik.”

11. Gusti Allah ngandika: “Sapa kang aweh weruh marang sira yen sira iku wuda? Apa sira mangan wohing wit kang Sunwalerake marang sira supaya aja sira pangan?”

12. Unjuke manungsa: “Tiyang estri ingkang Paduka paringaken dados sisihan kawula, punika ingkang nyukani wohing wit wau dhateng kawula, lajeng kawula tedha.”

13. Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika marang wong wadon: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni?” Unjuke wong wadon: “Sawer punika ingkang ngapusi kawula, kawula lajeng nedha.”

14. Ing kono Sang Yehuwah Allah banjur ngandika marang si ula: “Sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, sira kena ing ipat-ipat ana ing antarane kewan ingon-ingon lan ing antarane sato ing ara-ara; lakunira bakal nlosor nlapak weteng sarta lebu kang bakal dadi panganira sajegira urip.

15. Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”

16. Wong wadon iku didhawuhi mangkene: “Ingsun bakal ngakehake banget karepotane anggonira meteng, klawan rekasa anggonira bakal nglairake anak; sira bakal kayungyun marang bojonira lan iku bakal mengku marang sira.”

17. Sarta marang manungsa pangandikane: “Sarehne sira nuruti tembunge somahira sarta mangan wohing wit kang wus Sundhawuhake marang sira supaya aja sira pangan, mulane bumi kena ing ipat-ipat marga saka sira. Kalawan rekasa anggonira bakal mangan pametune ing sajegira urip.

18. Eri lan rerungkudan kang bakal diwetokake kanggo sira, sarta tetuwuhan ing bumi kang bakal dadi panganira.

19. Anggonira mangan rejeki bakal kalawan kringeten rainira, nganti tumeka sira bali marang bumi kang dadi asalira. Amarga sira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebu maneh.”

20. Anadene manungsa menehi jeneng Kawa marang sisihane, amarga iku dadi lajering sakehing ngaurip.

21. Sang Yehuwah Allah banjur ngaryakake sandhangan walulang marang manungsa lan kang wadon, sarta dianggokake.

22. Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika: “Lah ta, manungsa iku wus dadi pepadhaningSun, bisa ngawruhi kang becik lan kang ala. Kang iku aja nganti mulung tangane methil lan mangan wohing wit panguripan temah urip langgeng.”

23. Mulane banjur ditundhung dening Sang Yehuwah Allah saka ing patamanan Eden, kakarsakake ngolah bumi kang dadi asale.

24. Sawuse manungsa katundhung metu, Sang Yehuwah Allah banjur mrenahake kerub sawatara ana ing sawetane patamanan Eden, kanthi pedhang murub kang mobat-mabit, kanggo njaga dalan kang anjog ing wit panguripan.