Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 7 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira iku Sunangkat dadi Allah tumrap Pringon, lan Harun kakangira, iku bakal dadi nabinira.

2. Sira ngucapna sabarang kang wus Sundhawuhake marang sira, lan Harun kakangira, kang banjur matur marang Pringon, supaya nglilanana wong Israel lunga saka ing tanahe.

3. Nanging Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, lan Ingsun bakal ngakehake pratandha lan kaelokan ana ing tanah Mesir.

4. Manawa Pringon ora ngrungokake marang sira, ing kono Ingsun bakal ndhawahake astaningSun marang tanah Mesir sarta ngirid wadya-balaningSun, iya umatingSun Israel metu saka tanah Mesir, kalawan paukuman-paukuman kang abot.

5. Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun ngagagake astaningSun marang tanah Mesir lan ngentasake wong Israel saka ing satengahe.”

6. Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah, iku ditindakake kabeh.

7. Anadene nalika iku yuswane Nabi Musa wolung puluh taun lan Rama Harun wolung puluh telu taun, ing nalikane padha munjuk marang Sang Prabu Pringon.

8. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun:

9. “Manawa Pringon akon marang sira: Sira nuduhna sawijining mukjijat, nuli sira ndhawuhana Harun: Jupuken tekenmu, lan uncalna ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, nuli bakal malih dadi ula.”

10. Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sarta nindakake kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah. Rama Harun nguncalake tekene ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, tekene banjur malih dadi ula.

11. Sang Prabu Pringon tumuli nimbali para sarjana lan juru sihir, lan para ahli Mesir mau iya padha tumindak mangkono uga srana japa-mantrane.

12. Siji-sijine padha nguncalake tekene, lan teken-teken iku padha dadi ula, nanging tekene Rama Harun nguntali teken-tekene wong-wong mau.

13. Ewadene panggalihe Sang Prabu Pringon tetep puguh, temahan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus dipangandikakake dening Pangeran Yehuwah.

Wewelak kapisan: banyu dadi getih

7:14-25

14. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Atine Pringon iku wangkot, ora gelem nglilani lunga bangsa iku.

15. Sira sowana marang Pringon ing wayah esuk, yaiku yen mbeneri metu menyang bengawan kaya adate, sira ngentenana ana ing sapinggire bengawan Nil karo nyekel teken kang maune malih dadi ula.

16. Sira banjur matura mangkene: Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun tiyang Ibrani, sampun ngutus kawula sowan ing ngarsa dalem, dhawuhipun: Sira nglilanana lunga umatingSun, supaya padha saosa pangabekti marang Ingsun ana ing pasamunan. Ewadene ngantos dumugi samangke, panjenengan dalem boten karsa miyarsakaken.

17. Margi saking punika, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Anggonira sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, srana mangkene: Lah teken ingkang wonten ing tangan kawula punika badhe kawula sabetaken dhateng ing toya ing benawi Nil, toyanipun lajeng badhe malih dados rah,

18. ulam-ulam ingkang wonten ing benawi badhe sami pejah, benawinipun badhe ngganda bacin, sarta tiyang Mesir sami boten purun ngombe toya ing benawi Nil punika.”

19. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Sira ndhawuhana marang Harun mangkene: Tekenmu jupuken! Banjur ayatna marang sakehe banyu ing tanah Mesir, marang sadhengah kali, kalen-kalen, blumbang lan sadhengah panggonan banyu, supaya padha maliha dadi getih. Banjur bakal ana getih ing sawratane tanah Mesir, dalah ing sakehe wadhah kayu lan watu.”

20. Nabi Musa lan Rama Harun banjur ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah; tekene diacungake lan disabetake ing banyune bengawan Nil, ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon lan ing ngarepe para abdine, banyu kang ana ing bengawan Nil kabeh banjur malih dadi getih.

21. Iwak-iwak ing bengawan Nil padha mati, temahan bengawane mambu bacin lan wong Mesir ora bisa ngombe banyune bengawan Nil, sarta sawratane tanah Mesir kebak getih.

22. Nanging para juru sihir ing Mesir iya nindakake mangkono sarana japa-mantrane, temahan galihe Sang Pringon tetep wangkot lan ora karsa miyarsakake ature Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.

23. Sang Prabu Pringon minger banjur kondur menyang ing kedhaton, lan ora maelu marang prakara mau.

24. Nanging sakehe wong Mesir padha ndhudhuk-ndhudhuk sakiwa-tengene bengawan Nil golek banyu kang kena diombe, marga banyune bengawan Nil ora kena diombe.

25. Kaya mangkono nganti kelakon ganep pitung dina, yaiku wiwit saka anggone Pangeran Yehuwah ndhawahi wewelak marang bengawan Nil.