Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 36 Kitab Sutji (JAV)

1. Kaya mangkono anggone kudu nyambut-gawe Bezaleel lan Aholiab lan saben wong kang ahli, kang wus kaparingan keahlian lan pangreten dening Sang Yehuwah, temah padha ngreti pratikele nggarap sarupane pegawean kanggo ngadegake pasucen, nyondhongi apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah.”

2. Nabi Musa banjur nimbali Bezaleel karo Aholiab lan saben wong kang ahli, kang ing sajroning atine wus padha kaparingan kawasisan dening Pangeran Yehuwah, iya sakehe wong kang legawa atine supaya padha teka nindakake pagawean iku.

3. Iku nuli padha nampani saka astane Nabi Musa sakehe pisungsung-mligi atur-ature wong Israel kanggo ing ayahan ngadegake pasucen. Nanging wong Israel iku saben esuk isih terus ndlidir bae anggone padha ngaturake pisungsung manasuka marang Nabi Musa.

4. Lan sakehe para ahli kang nandangi sakehe pagawean kanggo pasucen iku padha teka kalawan ninggal pagaweane dhewe-dhewe,

5. banjur padha sowan marang ing ngarsane Nabi Musa sarta matur: “Tiyang-tiyang anggenipun sami ngaturaken sampun nglangkungi saking ingkang dipun betahaken kangge ngayahi padamelan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah.”

6. Nabi Musa tumuli dhawuh ngudhangake ana ing palereban, mangkene: “Wong lanang utawa wadon wus ora susah nggawa apa-apa maneh minangka pisungsung-mligi kanggo ing pasucen.” Mangkono dadine rakyat mau kapenggak anggone ngaturake pisungsung maneh.

7. Marga bahan kang dibutuhake kanggo nggarap sakehe pagawean wus cukup, malah kepara turah.

Panggarape Tarub Suci

36:8-38

8. Ing antarane para tukang-tukang mau kang ahli banjur padha nggarap Tarub Suci kanthi migunakake tendha lena alus kang benange kaantih lan bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, lan bakal jingga cacahe sapuluh; lan ana kerube gaweane ahli tenun, kabeh iku kagawe ing wong.

9. Dawane saben tendha wolulikur asta lan ambane saben tendha patang asta, tendha mau kabeh ukurane padha.

10. Tendha mau kang lima disambung-sambung dadi siji, lan kang lima uga dirangkep dadi siji.

11. Pungkasane tendha rangkep kang siji, ing pinggir pojok, dietrapi kolongan tali wungu tuwa, mangkono uga tendha rangkep sijine iya dietrapi mangkono.

12. Kolongan seket dietrapake ing tendha kang siji, lan kolongan seket maneh ing pinggire tendha sijine. Trape kolongan mau siji lan sijine adhep-adhepan.

13. Sarta gawe canthelan mas seket iji, tendha siji lan sijine banjur dadi siji disambung kalawan canthelan mau.

14. Nuli gawe tendha wulu wedhus kanggo payon kang nutupi Kemah Suci, cacahe sawelas kang digawe.

15. Saben tendha dawane telung puluh asta lan ambane patang asta, tendha sawelas mau ukurane padha.

16. Tendha kang lima disambung-sambung dadi siji, dene tendha kang nem iya disambung dhewe.

17. Banjur gawe kolongan tali seket kaetrapake ing pinggiring tendha sambungan kang siji ana ing pungkasan, lan kolongan seket ing pinggiring tendha sijine.

18. Mangkono maneh iya gawe canthelan tembaga seket kanggo nggandheng tendha-tendha mau dadi siji.

19. Tarub mau iya digawekake payon lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang lan ing sadhuwure katutupan ing lulang dhuyung.

20. Tarub Suci iku digawekake blabag kayu sittah, kang didegake jejeg,

21. dawane saben blabag sapuluh asta lan ambane karo tengah asta.

22. Saben blabag ana puruse loro jejer, kaya mangkono anggone gawe kabeh blabag ing Tarub Suci.

23. Anggone gawe blabage Tarub Suci iku, rong puluh dipasang ana iring kidul,

24. blabag rong puluh mau digawekake ompak selaka patang puluh, dadi saben blabag siji ompake loro kanggo purus loro mau, lan sabanjure saben blabag siji ompake loro kanggo purus loro.

25. Ing sisihe Tarub Suci sijine, ing sisih lor, iya digawekake blabag rong puluh iji,

26. karo ompake selaka patang puluh iji, blabag siji ompake loro, lan ing sabanjure ompak loro kanggo blabag siji.

27. Ing burine Tarub Suci iya iku sisih kulon, digawekake blabag nem iji.

28. Kanggo pojoking Tarub Suci kagawekake blabag loro kanggo ing sisih buri.

29. Blabag loro mau ing ngisor lan ing dhuwur padha plek lan gandheng nganti tekan ing gelangan kang kapisan; kaya mangkono anggone gawe karo pisan ana ing pojok loro mau.

30. Dadi gunggung ana blabag wolung iji dalah ompake salaka, kabeh nembelas; blabag siji ompake loro.

31. Sarta maneh iya gawe kendhit kayu sittah: lima kanggo blabag-blabag ing sisihe kang siji Tarub Suci,

32. lan lima maneh kanggo ing sisihe kang kapindho Tarub Suci, sarta lima maneh kanggo ing sisih buri, ing sisih kulon.

33. Ing tengah kagawekake kendhit wiwit poncot tekan poncot.

34. Blabag-blabag mau diblongsong ing mas, lan gelangan kang dadi slobokane kendhit iku kang digawe mas; kendhite iya padha diblongsonga ing mas.

35. Banjur gawe klambu ngarep, kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus kang benange kaantih, kadokokan kerub gaweaning ahli tenun.

36. Klambu iku kagawekake cagak kayu sittah papat kang kablongsong ing mas, canthelane iya mas, sarta cagak-cagak iku padha kadokokana ompak salaka cor-coran papat.

37. Lawange Tarub iya kagawekake klambu, kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus kang benange kaantih: tenunan kang manca-warna,

38. anadene sakane lima lan ana canthelane kanggo cagak-cagak mau; pojoke lan sambungane padha diblongsong ing mas, dene ompake lima iku tembaga.