Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 11 Kitab Sutji (JAV)

Wewelak kang kaping sapuluh diumumake

11:1-10

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa: “Ingsun bakal ndhatengake wewelak sapisan engkas marang Pringon lan marang tanah Mesir, sawuse mangkono mesthi bakal nglilani sira lunga saka ing kene. Dene samangsa wus nglilani lunganira, sira malah padha dipeksa-peksa metu saka ing nagara kene.

2. Kang iku sira ndhawuhana marang umat, supaya saben wong lanang njaluka marang tanggane barang dandanan mas lan selaka, mangkono uga saben wong wadon marang tanggane!”

3. Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake wong Mesir padha atindak loma marang bangsa iku, lan maneh Nabi Musa iku kajen banget ana ing tanah Mesir, ana ngarepe para abdine Sang Prabu Pringon lan para kawulane.

4. Nabi Musa munjuk mangkene: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Ing wayah tengah wengi Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir.

5. Nuli sakehe, anak pembarep ing tanah Mesir bakal padha mati, wiwit pembarepe Pringon kang bakal lungguh ing dhampare nganti tekan pembarepe batur wadon kang ngadhep watu panggilingan, uga sakehe pembarepe kewan.

6. Sarta ing satanah Mesir bakal ana udan tangis kang luwih dening ngeres-eresi, kang durung tau kelakon lan kang bakal ora kelakon maneh.

7. Nanging marang wong Israel sapa bae, ora ana asu siji-sijia kang wani mbaung, dadia marang manungsa utawa marang kewan, supaya sira padha sumurupa yen Pangeran Yehuwah mbedakake wong Mesir lan wong Israel.

8. Ing ngriku sakathahing para abdi dalem badhe sami ndhatengi kawula kaliyan sumungkem sarta wicantenipun: Sumangga panjenengan tindak, panjenengan dalah sadaya ingkang ndherek panjenengan. Sasampunipun makaten kawula lajeng badhe kesah.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon klawan duka banget.

9. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene: “Pringon ora bakal ngrungokake sira, supaya kaelokaningSun mundhaka akeh ana ing tanah Mesir.”

10. Nabi Musa lan Rama Harun wus padha nindakake sakehe kaelokan iku ana ngarsane Sang Prabu Pringon. Nanging Pangeran Yehuwah mangkotake galihe Sang Prabu Pringon, temah ora nglilani wong Bani Israel padha metu saka ing nagarane.