Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 22 Kitab Sutji (JAV)

Pranatan bab nempuhi darbeking liyan

22:1-17

1. “Yen ana wong nyolong sapi utawa wedhus, banjur disembeleh utawa diedol, iku kudu ngijoli, sapi siji kalironana sapi lima, dene wedhus siji kalironana wedhus papat.

2. Manawa ana maling konangan lagi mbabah, banjur dipenthungi nganti mati, iku kang menthungi ora utang getih,

3. nanging yen anggone mateni iku wus kaplethekan srengenge, iku utang getih.Malinge kudu nglironi sapira regane, yen ora duwe, awake diedola minangka lirune kang dicolong.

4. Yen kang dicolong iku katemu isih urip, dadia sapi, kuldi utawa wedhus, iku kudu dilironi tikel loro.

5. Manawa ana wong kang ngengon kewane ana ing pategalane utawa ing kebone anggur, mangka kewan iku diumbar bae, nganti mangani tanduraning liyan nganti entek, kang duwe kewan iku kudu nglironi saka pepethingane pametuning pategalane utawa saka pepethingane pametuning kebon anggure.

6. Yen ana wong obong-obong lan genine nyalad eren, njalari tumpukan gandum utawa gandum kang durung dieneni utawa tanduran sapategalan katut kobong, kang obong-obong mau kudu nglironi sakabehe.

7. Manawa ana wong nitipake dhuwit utawa barang marang kancane, mangka titipane iku dicolong saka omahe kang dititipi, saupama kang nyolong kecandhak, kudu nglironi tikel loro.

8. Saupama kang nyolong ora kecandhak, kang duwe omah disebakna marang ing ngarsaning Allah perlu sumpah, yen pancen ora njupuk barange kancane.

9. Ing sarupaning prakara tukar-padu bab barang darbe dadia bab sapi, bab kuldi, bab wedhus, bab sandhangan, lan sadhengah barang kang ilang, manawa kang siji kandha: “Iki duwekku!” -- prakarane wong loro iku kasaosna marang Gusti Allah. Dene sapa kang disalahake dening Gusti Allah kudu nglironi tikel loro marang kancane mau.

10. Manawa ana wong nitipake kuldi, sapi utawa wedhus, utawa kewan apa bae marang kancane, mangka kewan iku mati, putung sikile utawa kebradhat, ora kaweruhan ing wong,

11. ing kono karampunganing prakara nganggo sumpah ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, yen kang katitipan iku temen ora njupuk darbeke kancane, lan kang nitipake kudu narima, sarta kang katitipan ora prelu nglironi.

12. Nanging manawa kewan mau pancen dicolong, mesthi kudu nglironi marang kang duwe.

13. Saupama kewane iku pancen kamangsa ing kewan galak, iku digawaa kanggo bukti. Kewan kang kamangsa iku ora susah dilironi.

14. Manawa ana wong nyilih kewane kancane, mangka kewan iku putung sikile utawa mati, nalika kang duwe ora ana ing kono, kang nyilih kudu nglironi saregane.

15. Nanging manawa kang duwe ana ing kono, kang nyilih ora susah nglironi. Yen kewan iku disewa, kapitunane iku kalebu ana ing sewan mau.

16. Manawa ana wong mbujuk sadhengah prawan kang durung pepacangan, sarta banjur sapaturon, bocah wadon iku kudu diepek bojo kalawan mbayar maskawin samurwate.

17. Yen bapakne bocah wadon mau babar pisan ora nglilani anake diepek, iya meksa kudu mbayar salaka samurwate, minangka patukoning prawan.”

Pranatan bab dosa kang nistha

22:18-20

18. “Ahli sihir wadon aja sira uripi.

19. Sing sapa laku jina karo kewan, kudu diukum pati.

20. Sing sapa sesajen marang para allah lan ora marang Pangeran Yehuwah, kudu disirnakake.”

Pranatan tumrap para wong sekeng

22:21-27

21. “Sira aja nguya-uya utawa nindhes wong neneka, marga sira dhewe iya wus ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir.

22. Sira aja nganiaya randha utawa bocah lola.

23. Yen nyata sira nganiaya, mangka iku kalawan sora sesambat marang Ingsun, mesthi bakal Sunsembadani pasambate,

24. nuli bakal tuwuh bebenduningSun, sarta sira bakal padha Sunpateni kalawan pedhang, temah somahira padha dadi randha lan anak-anakira padha lola.

25. Manawa sira ngutangi marang wong panunggalanira, umatingSun kang miskin ana ing antaranira, pangrengkuhira aja kaya salumrahe wong potang, aja sira jaluki anakan.

26. Saupama sira nganti njupuk jubahe pepadhanira minangka cekelan gadhen, iku sira balekna sadurunge srengenge surup,

27. awit mung iku kemule, iya mung iku sandhangane; kang kanggo turu apa? Kang iku samangsa ana sambate marang Ingsun, mesthi Sunpiyarsakake, awitdene Ingsun iki sipat asih mirma.”

Pranatan warna-warna

22:28-31

28. “Sira aja ngala-ala marang Gusti Allah lan aja ngipat-ipati panggedhening bangsanira.

29. Sira aja lali saos pisungsung saka pametune gandum lan undhuh-undhuhane anggurira. Anakira lanang kang pambarep iku saosna marang Ingsun.

30. Mangkono uga mungguh sapi lan wedhusira, anak-anake padha worna karo embokne pitung dina, ing wolung dinane saosna marang Ingsun.

31. Sira padha dadia wong suci kagunganingSun: sira aja padha mangan daginge kewan kang kasempal-sempal kewan galak ana ing ara-ara, iku sira pakakna asu.”