Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 13 Kitab Sutji (JAV)

Pranatan bab anak pambarep

13:1-16

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sakehe anak pambarep iku sira sengkera sumaos marang Ingsun; endi kang lair dhisik saka sadhengah kandhutan ana ing antarane wong Israel, dadia manungsa utawa kewan, iku kagunganingSun.”

3. Nabi Musa banjur dhawuh marang para umat: “Dina iki padha pengetana, marga ing dina iki kowe padha metu saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan; awitdene Pangeran Yehuwah anggone wus ngentasake kowe klawan asta kang rosa, mulane aja mangan sadhengah apa kang mawa ragi.

4. Ing dina iki kowe padha metu, mbeneri sasi Abib.

5. Samangsa Pangeran Yehuwah wus ngirid kowe lumebu ing tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Hewi lan wong Yebus, nagara kang wus diprasetyakake klawan supaos marang para leluhurmu bakal kaparingake marang kowe, tanah kang luber puwan lan madu, nuli kowe padha netepana pranatan iki, ing sajroning sasi mangkene iki uga.

6. Pitung dina lawase kowe mangan roti tanpa ragi, ing dinane kang kapitu nganakna riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah.

7. Sajroning pitung dina mau kang dipangan ngemungna roti tanpa ragi, lan sadhengah apa kang mawa ragi utawa kang arupa ragi, ing satlatahmu kabeh aja nganti ana wong kang kanggonan.

8. Karomaneh ing dina iku kowe nerangna marang anakmu lanang: Pangibadah iki kanggo pangeling-eling marang apa kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku nalika aku metu saka ing tanah Mesir.

9. Pranatan iki dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger pangeling-eling ana ing bathukmu, supaya angger-anggere Pangeran Yehuwah ana ing lambemu. Awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kowe saka ing tanah Mesir.

10. Pranatan iki tetepana ing waktu kang wus ditemtokake saben taun.

11. Samangsa Pangeran Yehuwah wus ngirid lakumu lumebu ing tanahe bangsa Kanaan, kaya kang wus diprasetyakake klawan supaos marang kowe lan marang para leluhurmu, lan samangsa tanah iki wus kaparingake marang kowe,

12. nuli kowe nyaosna marang Pangeran Yehuwah sadhengah kang lair dhisik dhewe saka ing guwa-garba, dalah sakehe pambarepe kewanmu, sapira kang lanang iku dadi kagunganing Pangeran Yehuwah.

13. Nanging saben belone kuldi kang pambarep iku tebusen nganggo wedhus gembel siji, manawa ora koktebus, cokleken cengele. Nanging sakehe pambarepe manungsa kang lanang iku kudu koktebus.

14. Anadene manawa besuk samangsa anakmu takon marang kowe: Punika tegesipun kadospundi? Banjur tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah wus ngentasake kita saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan klawan asta kang rosa.

15. Marga nalika Sang Prabu Pringon mangkotake galihe ora nglilani kita padha lunga, Pangeran Yehuwah tumuli mateni sakehe pambarep ing Mesir, wiwit pambarepe manungsa nganti tekan pambarepe kewan; mulane sakehe pambarepe kewan kang lanang dikurbanake, nanging saben anakku pambarep kang lanang iku daktebus.

16. Pranatan iku dadia pratandha ana ing tanganmu, lan tetenger ing bathukmu, awitdene klawan asta kang rosa Pangeran Yehuwah anggone ngentasake kita saka ing tanah Mesir.”

Gusti Allah ngirid umate

13:17-22

17. Kacarita bareng Sang Prabu Pringon wus nglilani wong Israel lunga, Gusti Allah anggone ngirid lakune ora metu ing dalan kang anjog ing tanahe bangsa Filisti, sanadyan dalan iku kang cedhak dhewe, sabab pangandikane: “Bangsa iku manawa katempuh ing perang aja nganti keduwung, temah padha bali menyang ing Mesir.”

18. Nanging Gusti Allah anggone ngirid bangsa iku dienggokake metu pasamunan saurute sagara Teberau. Wong Israel anggone padha budhal saka ing tanah Mesir, kalawan siyaga ing perang.

19. Nabi Musa iya mbekta balung-balunge Sang Yusuf, marga iku wus mundhut sumpahe para putrane Rama Israel, pangandikane: “Besuk Gusti Allah mesthi nuweni kowe, nuli balung-balungku gawanen metu saka ing kene.”

20. Sawuse mangkat saka ing Sukkot, banjur padha leren ana ing Etam, ing pinggir pasamunan,

21. dene Gusti Allah tindak ana ing ngarepe, ing wayah awan ana ing tugu mega kang diagem nuntun lakune, lan ing wayah bengi ana ing tugu geni kang diagem madhangi, supaya padha bisa mbanjurake lakune rina lan wengi.

22. Tugune mega ing wayah awan lan tugune geni ing wayah bengi ora tau gumingsir saka ing ngarepe bangsa iku.