Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 21 Kitab Sutji (JAV)

Pranatan bab batur tukon Ibrani

21:1-11

1. “Iki pranatan-pranatan kang perlu sira dhawuhake marang wong-wong iku.

2. Manawa sira tuku batur wong Ibrani, iku anggone ngenger sira suwene nem taun, ing taun kaping pitune dililanana metu lan dadi wong mardika tanpa mbayar tebusan.

3. Manawa mlebune legan, metune iya legan; manawa nggawa somah, somahe mau iya lilanana melu metu.

4. Manawa bendarane kang menehi somah, mangka somahe mau duwe anak lanang utawa wadon, kang wadon dalah anak-anake tetep dadi wewenange bendarane, lan kang lanang metune mung awake dhewe.

5. Nanging saupama batur mau kanthi temen-temen matur: Kula sampun tresna dhateng bendara kula, saha dhateng anak-semah kula, kula boten badhe medal dados tiyang merdika,

6. nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.

7. Manawa ana wong ngedol anake wadon dadi batur, iku metune, patrape ora kaya batur lanang.

8. Saupama batur wadon mau ora disenengi bendarane, mangka maune wus disadhiyakake kanggo awake dhewe, bendarane kudu nglilani batur mau ditebus, ora kena diedol marang wong ngamanca, awitdene bendarane wus mblenjani marang batur wadon iku.

9. Nanging manawa bendara mau nyadhiyakake kanggo anake lanang, iya dianggepa kaya kang wus dadi wewenange anak wadon.

10. Saupama bendarane mau ngepek wong wadon liyane, kang dhisik ora kena disuda cadhonge, sandhangane lan anggone tinunggal turu.

11. Manawa bendarane ora nindakake telung bab iku, wong wadon mau kudu dililani metu, ora usah mbayar tebusan apa-apa.”

Bab rumeksa marang nyawaning sapadha-padha

21:12-36

12. “Sapa sing menthung wong, nganti ndadekake patine, iku mesthi kaukum pati.

13. Nanging manawa pepati mau klawan ora kajarag, kaya-kaya tangane mau kaagem dening Gusti Allah nindakake iku, Ingsun bakal nedahi sawijining panggonan kang kena diungseni.

14. Balik manawa ana wong kang ambeksiya lan mateni pepadhane kalawan paekan, iku kudu dijupuk saka ing misbyahingSun lan dipateni.

15. Sapa sing menthung bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.

16. Sing sapa nyulik pepadhane, dadia banjur diedol utawa isih katemu ana panggonane, iku mesthi kaukum pati.

17. Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyunge, iku mesthi kaukum pati.

18. Yen ana wong padha regejegan, kang siji ngepruk watu utawa ngantem, nanging ora ndadekake patine, mung kapeksa nggluntung ana ing paturon,

19. yen kelakon bisa tangi maneh lan mlaku-mlaku nganggo teken ana ing jaba, kang ngepruk utawa ngantem mau bebas saka ukuman, mung kudu mbayar kapitunane kang tatu, marga kapeksa nganggur, lan ngragadi anggone tetamba nganti samarine.

20. Manawa ana wong kang nggebugi bature tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti sanalika ndadekake patine, iku kudu diwales.

21. Nanging manawa batur mau isih bisa urip sadina utawa rong dina, iku ora diwales, marga batur mau duweke dewe.

22. Yen ana wong kang lagi kerengan, mangka salah siji ana kang numbuk wong wadon kang lagi meteng, nganti runtuh wetengane, nanging kacilakan mau ora ndadekake patine, wong kang numbuk mau kadhendha kaya sapanjaluke bojone wong wadon mau, miturut putusane hakim.

23. Nanging manawa wong wadon kang kacilakan iku nganti mati, sira kudu menehi nyawa lirune nyawa,

24. mata lirune mata, untu lirune untu, tangan lirune tangan, sikil lirune sikil,

25. mlicet lirune mlicet, tatu lirune tatu, abuh lirune abuh.

26. Manawa ana wong nggitik bature tukon lanang utawa wadon, kena mripate nganti rusak, iku nglilanana bature mau metu dadi merdika minangka lirune mripate.

27. Utawa manawa anggone nggitik bature tukon lanang utawa wadon mau nganti ompong untune, iya dililanana metu dadi mardika minangka lirune untune.

28. Manawa ana sapi nyundhang wong lanang utawa wadon, nganti ndadekake patine, sapi mau kudu kabenturan watu nganti mati lan daginge aja nganti dipangan, nanging kang duwe sapi bebas saka ing paukuman.

29. Nanging manawa sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang lan kang duwe iya wus dielingake, nanging ora gelem njaga, mangka sawuse iku sapi mau nyundhang maneh wong lanang utawa wadon, lan njalari patine, ing kono sapine dibenturana watu, lan kang duwe iya diukuma pati.

30. Saupama mung dijaluki dhuwit panebus, iku anggone nebus nyawa miturut sapira kang diwajibake dibayar.

31. Manawa kang disundhang iku bocah lanang utawa wadon, pangadilane iya padha karo kang kasebut mau.

32. Nanging manawa sapi mau nyundhang batur tukon lanang utawa wadon, kang duwe sapi kudu mbayar telung puluh sekel selaka marang bendarane batur mau, lan sapine dibenturana watu nganti mati.

33. Yen ana wong mbukak utawa ndhudhuk sumur, mangka ora ditutupi, banjur ana sapi utawa kuldi kacemplung ing kono,

34. kang duwe sumur iku kudu nempuhi sing duwe kewan awujud dhuwit sapira regane, nanging kewane kang mati mau dadi duweke kang wus nempuhi.

35. Yen ana wong duwe sapi, sapine nyundhang sapining liyan, nganti mati, sapi kang isih urip iku kaedola, pepayone diparo, mangkono uga sapi kang mati mau iya dibagi loro.

36. Nanging manawa wus kasumurupan yen sapi mau biyen mula wus kerep nyundhang, mangka kang duwe ora njaga, iku kudu nempuhi padha sapi, dene kewan kang mati iku dadia duweke kang mbayar iku.”