Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 30 Kitab Sutji (JAV)

Bab misbyah padupan

30:1-10

1. “Sira iya gawea misbyah kanggo ngobong dupa, kayu sittah kang sira gawe;

2. dawane saasta, ambane iya saasta, dadi pesagi nanging dhuwure rong asta; sungune iras-irasan karo misbyahe.

3. Iku kablongsonga ing mas murni, iya papane ing dhuwur, iya sisih-sisihe mubeng apadene sungune, sira wenehana plisir mas mubeng.

4. Karodene misbyah iku iya sira etrapana gelangan mas kaprenah ana ing sangisore plisir; sira etrapna ing sisihe misbyah ing kiwa lan tengen, kanggo slobokane pikulan samangsa kausung.

5. Anadene pikulan kang sira gawe iku kayu sittah kang kablongsong mas.

6. Misbyah padupan iku sira prenahna ing sangarepe geber kang kanggo ngaling-alingi pethi angger-angger, ing sangarepe tutup pangruwatan kang ana ing sadhuwure papan angger-angger, iya ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira.

7. Harun ngobonga dupa kang wangi ana ing misbyah mau saben esuk, samangsa ngresiki damar-damar.

8. Lan samangsa Harun nyumed damar ing wayah sore, Harun iya ngobonga maneh, dadi pangobonge dupa iku ajeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, ana ing satengahira turun-tumurun.

9. Ana ing misbyah iku sira aja ngobong dupa liyane, utawa kurban obaran apadene kurban dhaharan, sarta sira iya aja nyaosake kurban unjukan.

10. Setaun sapisan Harun nindakake panebus ana ing sungu-sungune misbyah iku, nganggo getihe kurban pangruwating dosa, anggone nindakake panebus tumrap misbyah iku saben setaun sapisan ana ing antaranira nganti turun-tumurun, iku prakara kang suci pinunjul kagem Pangeran Yehuwah.”

Bab pisungsung-mligi nalika ndaftar wong Israel

30:11-16

11. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene:

12. “Samangsa sira ngetung cacahe wong Israel, nalika padha didaftar, siji-sijine nyaosna pisungsung minangka panebusing nyawane konjuk marang Pangeran Yehuwah, supaya sajrone kacacahake aja nganti padha kena ing wewelak.

13. Saben wong kang kadaftar nyaosna dhuwit satengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, sasekel iku bobote ana rong puluh gerah; satengah sekel iku minangka pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah.

14. Wong kang bisa kalebu ing pendaftaran iku umure rong puluh taun munggah, iku kudu nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.

15. Wong sugih anggone asok aja luwih lan wong miskin aja kurang saka satengah sekel, samangsa sira padha nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah minangka panebuse nyawa iku.

16. Anadene dhuwit panebus kang sira pungut saka wong Israel iku kaanggoa mragadi pangibadah ana ing Tarub Pasewakan; pranatan iku dadia pangeling-eling marang wong Israel ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, lan kanggo panebuse nyawanira kabeh.”

Bab padasan kanggo wisuh

30:17-21

17. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

18. “Sira gawea wadhah banyu tembaga satadhahane iya tembaga, kanggo sesuci, iku sira prenahna ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah sarta isenana banyu.

19. Harun lan anak-anake padha wisuha tangan lan sikil nganggo banyu kang ana ing padasan mau.

20. Samangsa arep lumebu ing Tarub Pasewakan, kudu wisuh tangan lan sikil, supaya aja nganti nemahi pati. Mangkono uga samangsa arep menyang ing misbyah perlu ngladeni pangibadah sarta ngobong kurban kang kasaosake sarana geni konjuk marang Pangeran Yehuwah,

21. iya padha wisuha tangan lan sikil dhisik, supaya aja nganti nemahi pati. Iku dadia pranatan kanggo ing salawase, kanggo Harun saanake turun-tumurun.”

Bab lenga jebad kang suci

30:22-33

22. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene:

23. “Sira njupuka bumbu-bumbu pilihan, blendok mur cuwer limang atus sekel, lan manis jangan kang wangi bobote separone iku, dadi rong atus seket sekel, dringo wangi rong atus seket sekel,

24. kayu teja limang atus sekel, ditimbang miturut sekel suci, lan lenga jaitun sa-hin.

25. Iku mau kabeh kagawea lenga jebad kang suci, adon-adon arum kang kagawe kalawan ngati-ati kaya gaweane juru masak lenga, iku dadia lenga jebad kang suci.

26. Lenga iku kagawea njebadi Tarub Pasewakan lan pethine angger-angger,

27. meja sapirantine kabeh, padamaran sapirantine lan misbyah padupan;

28. apamaneh misbyah kurban obaran dalah sapirantine kabeh lan wadhah banyu satadhahane.

29. Iku kabeh kudu sira sucekake, supaya dadia suci pinunjul, sadhengah wong kang nggepok iku bakal dadi suci,

30. Harun lan para anake iya padha sira jebadana sarta sira sucekna supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun.

31. Karodene wong Israel padha sira kandhanana bab dhawuhingSun mangkene: Iki Suntetepake dadi lenga jebad kang suci kagem Ingsun ana ing antaranira turun-tumurun.

32. Aja nganti diesokake ing awake wong lumrah, lan sira aja gawe lenga kang kaya mangkono iku kalawan nganggo adon-adon padha kaya iku; awitdene iku lenga kang suci, iya sira anggepa suci.

33. Sapa kang gawe lenga adon-adone padha kaya iku, lan ngusapake ing awake wong lumrah, iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”

Bab dupa sengkeran

30:34-38

34. Sarta maneh pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira njupuka wangen-wangen, yaiku: tlutuh damar, kulit kayu lokan lan blendok rasamala, wangen-wangen iku kacampura kalawan menyan tulen, siji-sijine padha akehe.

35. Kabeh mau sira dadekna dupa, dadi campuran bumbu-bumbu kaya gaweane tukang nyampur bumbu-bumbu, nganggo diwori uyah, tanpa campuran liyane, dadia suci.

36. Saperangane campuran iku kajupuka, banjur kabebaka kang lembut, iku salong kadokokna ana ing ngarepe pethine angger-angger ing Tarub Pasewakan, iya ana ing kono anggoningSun manggihi sira, iku sira anggepa prakara kang suci pinunjul.

37. Anadene dupa kang padha sira gawe manut campuran mangkono iku aja padha sira gawe kanggo awakira dhewe, iku kagem Sang Yehuwah kang suci tumrap sira.

38. Wong kang gawe lenga kang kaya mangkono dianggo ambon-ambon, iku kudu kasirnakake saka ing antarane bangsane.”