Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 40 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Musa ngadegake Tarub Suci

40:1-38

1. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

2. “Ing sasi kapisan tanggal sapisan sira ngadegna Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan.

3. Pethine angger-angger banjur sira prenahna ana ing kono, sarta sira aling-alingana geber.

4. Sawuse mangkono mejane sira lebokna lan sira tatanana pirantine miturut prenahe. Padamarane sira lebokna sarta damar-damare sira pasangana.

5. Misbyahe padupan mas sira prenahna ana ing ngarepe pethi angger-angger, nuli sira pasangana wrananing Tarub Suci.

6. Misbyahe kurban obaran sira prenahna ana ing sangarepe lawang Tarub Suci yaiku Tarub Pasewakan.

7. Wadhahe banyu sira prenahna ana ing antarane Tarub Pasewakan lan misbyah iku, banjur sira isenana banyu.

8. Sawuse mangkono sira gawea platarane mubeng, lan wranane kapasanga ana ing gapurane plataran.

9. Nuli sira njupuka lenga jebad, Tarub Suci dalah saisine padha sira jebadana; mangkono anggonira nucekake iku dalah sapirantine, satemah padha dadia sengkeran.

10. Misbyah kurban obaran iku iya sira jebadana dalah sapirantine kabeh, mangkono anggonira nucekake misbyah iku, temah iku dadi sengkeran kang pinunjul.

11. Padasan dalah saompake iku sira jebadana, lan mangkono anggonira nucekake iku.

12. Harun lan para anak-anake sira ajokna menyang ing lawanging Tarub Pasewakan, padha sira sucekna klawan banyu.

13. Harun tumuli sira anggonana sandhangan suci, nuli sira jebadana lan sira sucekna supaya banjur nglakonana pagaweaning imam lumadi marang Ingsun.

14. Mangkono uga anak-anake padha sira ajokna lan sira anggonana kemejan,

15. nuli sira jebadana, kaya anggonira njebadi bapakne, supaya padha nindakna pagaweaning imam lumadi marang Ingsun; lan anggone iki katindakake iku, supaya marga saka jinebadan mau katetepna kaimamane ing salawase turun-tumurun.”

16. Nabi Musa banjur nglampahi kabeh kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah.

17. Bareng ing taun kang kapindho sasi kapisan, tanggal sapisan, Tarub Suci kelakon kaadegake.

18. Nabi Musa ngadegake Tarub Suci iku, ompak-ompake kapasang, blabag-blabage kaetrapake, kendhit-kendhite kapasang sarta cagak-cagake kaadegake.

19. Tendhaning payon banjur digelar nutupi Tarub Suci, lan banjur ditumpangi singeb payon kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

20. Papan angger-anggering Allah banjur dipundhut lan kaselehake ana ing jero pethi, pethine banjur dietrapi pikulan lan ditumpangi tutup pangruwatan.

21. Pethine tumuli diusung menyang ing Tarub Suci, sarta klambune panutup dipasang kagawe ngaling-alingi pethine angger-angger, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

22. Mejane banjur kadokok ana ing jero Tarub Pasewakan, kaprenahake ing jero Tarub Suci sisih lor ing sajabane klambu,

23. sarta ditumpangi roti sesaosan katata ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

24. Padamarane iya tumuli diprenahake ana ing jero Tarub Pasewakan adhep-adhepan karo meja mau, ana ing Tarub Suci sisih kidul,

25. karodene damare padha dipasang ing padamaran kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

26. Misbyah mas dipapanake ana ing jero Tarub Pasewakan ing sangarepe geber.

27. Ing misbyah iku tumuli diobongi dupa wangi kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

28. Sawuse mangkono lawangane Tarub Suci banjur kaparingan geber.

29. Misbyah kurban obaran diprenahake ana ing sangarepe lawang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan, nuli nyaosake kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah kono, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

30. Wadhahe banyu banjur kadokok ana ing saantarane Tarub Pasewakan lan misbyah, sarta banjur diiseni banyu kanggo sesuci.

31. Nabi Musa, Rama Harun lan para putrane padha wijik asta lan sampeyan klawan banyu iku.

32. Saben-saben arep lumebet ing Tarub Pasewakan lan samangsa nyelaki misbyah, padha wijik asta lan sampeyan kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

33. Cagak-cagake plataran nuli kaadegake ing saubenge Tarub Suci lan misbyah, sarta gapura plataran iku banjur kapasangan klambu. Mangkono Nabi Musa anggone ngrampungake pagawean iku.

34. Sawuse mangkono megane nglimputi Tarub Pasewakan, sarta Tarub Suci banjur kinebekan ing kamulyaning Yehuwah,

35. temah Nabi Musa ora bisa lumebu ing Tarub Pasewakan, marga iku kalimputan ing mega, lan kamulyaning Yehuwah ngebeki Tarub Suci.

36. Anadene samangsa mega mau mumbul saka ing Tarub Suci, wong Israel banjur budhal saka ing palerebane,

37. nanging manawa mega iku ora mumbul, iya padha ora budhal nganti samumbule megane.

38. Awitdene meganing Sang Yehuwah iku ing wayah awan ana ing sadhuwure Tarub Suci, dene ing wayah bengi ana genine, katon marang wong Israel kabeh ana ing saben panggonan kang dilerebi.