Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 17 Kitab Sutji (JAV)

Ana ing Masa lan Meriba

17:1-7

1. Sawuse mangkono sagolongane wong Israel padha budhal saka pasamunan Sin, lakune saka palerenan kang siji menyang ing palerenan sijine miturut dhawuhe Pangeran Yehuwah, banjur padha leren ana ing Rafidim; nanging ing kono ora ana banyu kanggo ngombe bangsa mau.

2. Wong-wong tumuli padha madoni Nabi Musa, ature: “Kula panjenengan paringi toya, supados sami saget ngombe!” Pangandikane Nabi Musa: “Yagene kowe kok padha madoni aku? Lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah?”

3. Nanging sarehne wong-wong padha ngorong, mulane padha nggrundeli marang Nabi Musa, ature: “Kenging punapa kula sami panjenengan angkataken medal saking Mesir, njalari kula, anak-anak lan kewan kula sami pejah kasatan?”

4. Nabi Musa banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Punapa ingkang badhe kawula tandukaken dhateng bangsa punika? Sakedhap malih kawula temtu dipun benturi sela!”

5. Dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira lumakua ana ing ngarepe umat kairinga dening para tuwa-tuwane Israel sawatara, dene teken kang wus tau sira gawe nyabet bengawan Nil iku gawanen, nuli mangkata!

6. Lah Ingsun bakal jumeneng ana ing ngarepira ana ing dhuwur gunung parang ing Horeb, sira banjur nyabeta parang iku temah bakal metu banyune, satemah bangsa iku bakal padha bisa ngombe.” Nabi Musa iya tumuli ngestokake kaya mangkono ana ing ngarepe para tuwa-tuwane Israel.

7. Panggonan iku banjur diarani Masa lan Meriba, marga wong Israel padha madoni lan padha nyoba marang Pangeran Yehuwah, tembunge: “Pangeran Yehuwah iku ana ing satengah kita apa ora?”

Wong Israel ngalahake wong Amalek

17:8-16

8. Nalika samana bala Amalek teka lan nempuh perang nglawan marang wong Israel ana ing Rafidim.

9. Nabi Musa banjur dhawuh marang Yusak: “Aku padha pilihna wong, banjur mapaga perang nglawan wong Amalek; sesuk aku bakal ngadeg ana ing pucake gunung klawan nyekel lantarane Gusti Allah.”

10. Yusak tumuli nglakoni sadhawuhe Nabi Musa, perang nglawan wong Amalek, nanging Nabi Musa, Rama Harun lan Hur padha munggah menyang ing pucake gunung.

11. Kacarita samangsa Nabi Musa anggone ngangkat astane dhuwur, Israel unggul, nanging samangsa ngandhapake astane, Amalek kang unggul.

12. Suwe-suwe astane Nabi Musa kiyu, mulane dijupukake watu didokok ana ing sangisore, kagawe lenggah, sarta Rama Harun lan Hur padha nyangga astane sasisih edhing, mulane astane ora obah nganti tumeka ing surupe srengenge.

13. Kaya mangkono anggone Yusak ngalahake wong Amalek kalawan landhepe pedhang.

14. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Kabeh iki tulisana ing buku minangka pangeling-eling, lan Yusak konen ngeling-eling temenan, yen Ingsun bakal nyirnakake babar pisan pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisoring langit.”

15. Nabi Musa banjur yasa misbyah kang dijenengake: “Pangeran Yehuwah iku banderaku,”

16. lan ngandika: “Tangan ana ing sadhuwure banderaning Yehuwah. Perange Yehuwah nglawan Amalek iku turun-tumurun.”