Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 5 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Musa lan Rama Harun sowan Sang Prabu Pringon, bangsa Israel saya kasiya-siya

5:1-24

1. Sawuse mangkono Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon sarta matur: “Dhawuhipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun Israel makaten: Sira nglilanana umatingSun supaya padha menyang ing pasamunan nganakake riyaya konjuk marang Ingsun!”

2. Nanging pangandikane Sang Prabu Pringon: “Sapa ta Yehuwah iku, kang prentahe kudu sunestokake bab nglilani lungane wong Israel? Ingsun ora wanuh karo Yehuwah iku lan uga ora bakal nglilani lungane wong Israel.”

3. Ature Nabi Musa lan Rama Harun: “Gusti Allahipun tiyang Ibrani sampun manggihi kawula. Sapunika panjenengan dalem mugi karsaa nglilani kawula sami kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, supados kawula sampun ngantos kadhawahan ing pageblug utawi pedhang.”

4. Nanging Sang Nata ing Mesir ngandika: “He Musa lan Harun, yagene sira padha nindakake kang njalari bangsa iki banjur nglirwakake pagaweane? Lungaa, sira nglakonana pagaweanira dhewe!”

5. Pangandikane Sang Prabu Pringon maneh: “Delengen, cacahe bangsamu ana ing nagara kene wus akeh banget, mangka sira kok arep nglerenake anggone nyambut-gawe peksan!”

6. Ing dina iku uga Sang Prabu Pringon dhawuh marang para pambereging bangsa iku lan marang mandhor-mandhore wong-wong mau dhewe, mangkene:

7. “Bangsa iku anggone gawe bata ora susah diwenehi damen kaya dhek wingi-wingine, kareben padha golek dhewe.

8. Nanging setorane bata ajeg cacahe kaya wingi-wingine, ora kena disuda, marga wong-wong iku kesed. Mulane padha bengok-bengok: Kawula mugi kalilana kesah badhe saos kurban dhateng Allah kawula.

9. Pagaweane wong-wong iku kudu ditambahi abote, nganti gagasane mung tumuju marang pagawean, lan aja nganti katut marang tetembungan kang dora.”

10. Para pambereging bangsa mau lan para mandhore nuli padha tutur marang umat: “Dhawuhe Sang Prabu Pringon mangkene: Sira iku wus ora sunparingi damen maneh.

11. Sira padha goleka damen dhewe, ngendi saolehe, ewadene setoranira ora kena kurang!”

12. Bangsa mau banjur padha pating salebar menyang ing sawratane tanah Mesir perlu golek bonggol gandum kanggo lirune damen.

13. Para pambereg tansah ngatag-atag, pangucape: “Pagaweanmu rampungna, yaiku kewajibanmu sadina, dipadha kaya nalika isih oleh merang!”

14. Para pamberege Sang Prabu Pringon iku padha nggebugi mandhor-mandhor Israel, kang padha diangkat dening wong-wong iku kalawan pangucape: “Yagene ladenmu bata dina iki cacahe ora kaya ladenmu dhek wingi?”

15. Jalaran saka iku para mandhor Israel mau padha seba marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon, ngaturake prakara iku, unjuke: “Para abdi dalem punapaa dene sami panjenengan dalem etrapi kados mekaten?

16. Abdi dalem sami boten dipun sukani merang, ewasamanten sami dipun prentahi damel banon, wewah malih abdi dalem mawi dipun gebagi, mangka ingkang lepat punika para kawula dalem.”

17. Nanging pangandikane: “Sira iku wong kesed, wong kesed! Mulane ujarira: Kawula mugi sami kalilana kesah saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah.

18. Mulane saiki padha mundura! Nyambuta gawe, nanging merang ora bakal diwenehi, ewadene sira padha setora bata padha karo adat-sabene!”

19. Ing kono para mandhor Israel padha ngreti, yen pancen ana ing sajroning karibedan, marga padha dipangandikani: “Kowe padha ora kena ngurangi cacahe setoran bata saben dinane.”

20. Mulane bareng kapethuk Nabi Musa lan Rama Harun, kang padha nyegat undure saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon,

21. banjur padha matur mangkene: “Pangeran Yehuwah mugi nguninganana pandamel panjenengan sarta maringi paukuman dhateng panjenengan, margi panjenengan sampun sami ndadosaken bacin nama kula sadaya wonten ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha para abdinipun, lan margi saking makaten panjenengan prasasat nyepengi lading dhateng tiyang-tiyang punika kangge mejahi kula.”

22. Nabi Musa banjur wangsul sowan marang ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, sarta munjuk: “Dhuh Pangeran, kados pundi dene Paduka nandukaken kasangsaran kados makaten dhateng umat punika? Punapaa dene kawula ingkang Paduka utus?

23. Awitdene wiwit sowan kawula ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, ngunjukaken atur atas asma Paduka, bangsa punika dipun etrapi ingkang awon, mangka Paduka babar-pisan boten ngluwari umat Paduka.”

24. Nanging pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Ing samengko sira bakal sumurup, apa kang bakal Suntandukake marang Pringon; anggone bakal nglilani lunga bangsa iki sarana dipeksa ing asta kang rosa, iya marga saka dipeksa dening asta kang rosa dheweke bakal nundhung bangsa iku saka ing nagarane.”