Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 39 Kitab Sutji (JAV)

Gawe sandhangan imam

39:1-31

1. Bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga iku dianggo gawe sandhangan dhines, kang kanggone samangsa nindakake pangibadah ana ing pasucen; uga gawe sandhangan suci kagem Rama Harun, kaya kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

2. Kotange efod kang digawe mas, bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus kang benange kaantih.

3. Mase mau digembleng nganti dadi blebekan tipis, banjur dirajang-rajang dadi benang mas, kanggo nyampuri lawe kang wungu tuwa, lan wungu nom sarta lawe jingga disulamake ing lena alus, gaweaning ahli.

4. Kotang efod iku dietrapi tutup-pundhak, kang digandhengake karo efod iku, ana ing pojoke loro-lorone.

5. Sabuke kotang efod iku iras-irasan, panggawene padha karo kotang efod, yaiku: mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih, kaya kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

6. Wong-wong mau banjur padha nggarap sesotya krisopras, kang kaembanan mas, kaukir namane para putrane Rama Israel, patrape kaya ngukir cap.

7. Banjur padha dipasang ana ing tutup pundhake kotang efod minangka sesotya pangeling-eling kanggo wong Israel, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

8. Sarta iya padha gawe tutup dhadha, gaweaning ahli, patrape kaya gawe kotang efod, kang digawe mas, lawe wungu tuwa, lawe wungu nom, lawe jingga lan lena alus kang benange kaantih.

9. Tutup dhadha mau pesagi, sarta anggone gawe dirangkep loro, dawane sakilan lan ambane iya sakilan.

10. Tumuli dietrapi sesotya patang larik, larikan sapisan: sesotya yaspis abang, krisolit lan malakit;

11. larikan kapindho: sesotya mirah, lazurit lan yaspis ijo;

12. larikan katelu: sesotya ambar, akik lan kecubung;

13. larikan kaping pat: sesotya pirus, krisopras lan nefrit, kabeh padha kawengku ing mas, dadi sesotya-sesotya iku padha didokoki embanan.

14. Sesotya iku cocog karo namane para putrane Rama Israel, cacahe rolas lan saben sesotya diukiri salah sijine jenenge suku saka suku rolas iku, patrape kaya ngukir cap.

15. Karodene tutup dhadha iku iya dietrapi rante mas murni adhapur klabangan.

16. Lan padha gawe embanan mas loro lan gelangan mas loro, gelangan mas rong iji mau padha kapasang ing pojoke tutup dhadha.

17. Rante mas untiran loro mau banjur padha diolehake ing gelangan loro kang ana ing pojoke tutup dhadha.

18. Pucuke rante untiran loro iku padha diolehake ing embanan loro kang kasebut mau, dietrapake ing tutupe pundhak kotang efod ing sisih ngarep.

19. Sarta padha gawe gelangan mas loro maneh padha dietrapake ing pojoke loro tutup dhadha, kaprenah ana ing pinggir jero, kang tumumpang ing kotang efod.

20. Karodene iya padha gawe gelangan mas loro dietrapake ing tutup pundhake kotang efod loro-lorone, ana ing ngisor sisih ngarep, mepet sambungane ing sadhuwure sabuk kotang efod.

21. Tutup dhadha mau gelangane nuli padha ditaleni oleh gelangane kotang efod sarana tali wungu tuwa, dadi tetep ana ing sadhuwuring sabuke kotang efod, lan tutup dhadha iku ora bisa pisah karo kotange efod, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

22. Jubahe efod iku yasane tukang tenun, kang kagawe bakal wungu tuwa kabeh.

23. Gulone jubah iku ing tengahe memper gulon klambi wesi, gulon iku kaplipit mubeng, supaya aja nganti suwek.

24. Jubah mau pinggire ngisor dipasangi rerekan delima kang kagawe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga kang benange kaantih.

25. Sarta maneh padha gawe klinthingan mas murni; klinthingan mau dipasang selang-seling karo delimane ana ing pinggire jubah kang ngisor mubeng,

26. dadi saben klinthingan siji, delimane siji selang-seling ing pinggire jubah mubeng, kanggone samangsa nindakake pangibadah, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa.

27. Rama Harun lan para putrane iya digawekake kemejan lena alus gaweane tukang tenun,

28. serbane lena alus, iket kang endah iya lena alus, lancingan lena alus kang benange kaantih,

29. sarta paningsete lena alus kang benange kaantih, bakal wungu tuwa, bakal wungu nom lan bakal jingga, tenunane manca-warna, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

30. Lan uga padha gawe blebekan, kanggo jamang suci mas murni lan ing jamang mau ana tulisane kang kaukir kaya gawe cap, unine: Suci kagem Sang YEHUWAH.

31. Blebekan mau kawenehan tali wungu kanggo nalekake blebekan iku ing serban ana ing sisih dhuwur, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

Pagawean katampi dening Nabi Musa lan kagalih wus becik

39:32-43

32. Kaya mangkono anggone ngrampungake sakehe pagawean kang lumadi marang Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan. Wong Israel anggone padha nggarap iku ngetrepi kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono anggone nggarap sakabehe.

33. Tarub Suci mau banjur diaturake marang ing ngarsane Nabi Musa, iya tarub dalah saprabote kabeh; canthelane, blabage, kendhite, cagake lan ompake,

34. payone lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang, payon lulang dhuyung, tendha tutup,

35. pethi angger-anggere Gusti Allah dalah pikulane lan tutup pangruwatan,

36. meja sapirantine kabeh dalah rotine sesaosan,

37. padamaran mas murni, damar-damare, damar kang kudu dipasang ing ndhuwure lan sapirantine kabeh, lenga kang kagawe madhangi,

38. misbyah mas, lenga jebad, dupa wangi, tuwin wrana lawanging tarub,

39. misbyah kurban obaran tembaga dalah krawangane tembaga, pikulane lan sapirantine kabeh, wadhah banyu satadhahane,

40. klambu plataran, cagak saompake, geber kanggo gapuraning plataran, tali dalah pathoke, sakehe piranti kang kanggo ngadegake Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan,

41. sandhangan dhines kang dianggo samangsa nindakake pangibadah ana ing pasucen; sandhangan suci pangagemane Imam Harun, lan sandhangane para putrane kanggo ngimami.

42. Wong Israel anggone padha nggarap iku mau kabeh ngetrepi kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

43. Nabi Musa tumuli mriksani sakehe gegawean iku, pranyata anggone padha nggarap iku cocog karo kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah, kaya mangkono anggone padha tumindak ing gawe. Wong-wong mau tumuli padha diberkahi dening Nabi Musa.