Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 28 Kitab Sutji (JAV)

Bab pangagemaning imam

28:1-43

1. “Sira ndhawuhana marang sadulurira Harun saanak-anake, saka ing satengahe wong Israel, supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun; yaiku Harun lan anak-anake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.

2. Kakangira Harun iku sira gawekna sandhangan kang suci, minangka rerengganing kaluhuran.

3. Sira ndhawuhana marang sakehe para ahli, kang wus Sunesoki rohing kawasisan, padha konen gawe sandhangane Harun, kanggo nucekake dheweke, supaya dadia imam lumados marang Ingsun.

4. Iki sandhangan kang kudu digawe: tutup dhadha, kotang efod, jubah, kemejan tenunan endah, serban lan sabuk, yaiku sandhangan kang suci kanggo kakangira Harun lan anak-anake, supaya padha ngimamana lumados marang Ingsun.

5. Kanggo kaperluan iku dibutuhake mas, bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus.

6. Kotange efod kang digawe kudu mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, bakal jingga lan lena tenunan alus kang benange kaantih, garapaning ahli.

7. Kotang efod iku ana pundhakane tangkeban loro, kang kagawe nangkebake ana ing kiwa lan ing tengen.

8. Sabuk kang kanggo ningseti kotang efod iku kudu padha panggarape lan kagawe iras-irasan karo kotang efod mau, bakale iya mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.

9. Karodene sira njupuka sesotya krisopras loro lan ing kono kaukira jenenge para anake Israel.

10. Jeneng kang nem ana ing sesotya kang siji, lan kang nem ing sesotya sijine, urut tuwa,

11. patrape kaya juru ngukir sesotya, saemper ngukir cap, kaya mangkono anggonira ngukir jenenge para anake Israel ana ing sesotya loro mau; banjur sira wenehana embanan mas.

12. Sesotya loro iku kapasanga ana ing pundhakane kotang efod minangka sesotya pangeling-eling kanggo wong Israel; Harun kang kudu nggawa jenenge ana ing pundhake marang ing ngarsaning Sang Yehuwah sarta dadia pangeling-eling.

13. Sira uga gawea embanan mas,

14. apadene rante mas murni rong iji, rante mau banjur kagawea tali adhapur klabangan rante kang wus kadhapur tali mau kagandhenga karo embanane.

15. Lan sira kudu gawe tutup dhadha, piranti kanggo nibakake kaputusan, garapaning ahli. Panggarape padha kaya kotang efod, kang kagawe: mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih.

16. Wangune pesagi lan rangkep loro, dawane sakilan ambane iya sakilan,

17. iku kaetrapana sesotya patang larik. Larikan kapisan: sotya yaspis abang, krisolit lan malakit.

18. Larikan kapindho: mirah, lazurit lan yaspis ijo.

19. Larikan katelu: sotya ambar, akik lan kecubung.

20. Larikan kang kaping papat: sotya pirus, krisopras lan nefrit, kabeh padha kaembanana mas, kaya mangkono sesotya-sesotya mau dalah embanane.

21. Sesotya iku kaetrapana jenenge para anake Israel, mulane cacahe kudu rolas. Lan ing saben sotya diukirna jenenge, niji miturut taler rolas, kaya patrape gawe cap.

22. Tutup dhadha iku etrapana rante mas murni awujud klabangan, panggawene kaya tali nam-naman.

23. Uga kaetrapana gelangan mas rong iji, gelangan iku kaetrapna ing pojokane tutup dhadha loro pisan.

24. Rante mas loro mau kapasanga ing gelangan loro iku, ing pojoking tutup dhadha.

25. Pucuke rante loro iku kaolehna ing embanan loro mau; kaya mangkono anggonira masang iku ana ing pundhakaning efod kaprenah ana ing ngarep.

26. Sarta maneh sira gawea gelangan mas loro engkas, kaetrapna ing pojokane tutup dhadha loro pisan, ing pinggir jero kang tumumpang ing kotang efod.

27. Karo maneh sira gawea gelangan mas loro sira etrapna ing pundhakane kotang efod, kaprenah ngisor perangan ngarep, mepet ing sambungane, ing sadhuwure sabuke kotang efod.

28. Sawuse mangkono gelangane tutup dhadha iku padha sira talenana mandhuwur oleh gelangane kotang efod srana tali wungu tuwa kaprenah tumumpang ing dhuwur sabuke kotang efod, lan tutup dhadha iku ora kena kapisah karo kotange efod.

29. Mangkono Harun anggone ngemban jenenge para anake Israel ana ing sadhuwuring atine dumunung ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku samangsa lumebu ing pasucen, supaya dadia pangeling-eling kang tetep ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.

30. Lan ana ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku sira pasangana Urim lan Tumim, ana ing sadhuwure jantunge Harun samangsa lumebu seba ing ngarsaning Yehuwah; mangkono Harun anggone tansah ngemban karampungane keputusan tumrap wong Israel, ana ing sadhuwure atine ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.

31. Karo maneh sira gawea jubahe efod nganggo bakal wungu tuwa byur.

32. Gulone anaa ing tengahe; sarta nganggo pinggiran mubeng rupa tenunan, kaya klambi kere, supaya aja nganti suwek.

33. Ing pungkasane jubah iku kaetrapana rerekan delima lawe wungu tuwa, lawe wungu nom lan lawe jingga mubeng temu gelang, kaseling-seling karo klinthingan mas,

34. dadi saben klinthingan mas siji delimane siji, ana ing pinggiraning jubah mau mubeng.

35. Jubah iku dianggoa Harun samangsa nindakake pangibadah, lan unine klinthingan mas mau bisaa keprungu samangsa lumebu pasucen marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan uga samangsa metu, supaya aja nemahi pati.

36. Apadene sira gawea blebekan mas murni lan ing blebekan iku sira ukirna tulisan patrape kaya ngukir cap, unine: Sesengkerane Pangeran Yehuwah.

37. Blebekan iku sira pasangana tali wungu tuwa, katemplekna ing serban ing sisih ngarep.

38. Blebekan iku anaa ing bathuke Harun lan Harun kudu nyangga akibate kaluputan tumrap samubarang kang disucekake dening wong Israel, yaiku tumrap sadhengah kang dadi pisungsung sesengkerane. Blebekan mau kudu tetep tumempel ing bathuke, supaya wong Israel iku katrimah ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.

39. Sira kudu gawe kemejan tenunan endah nganggo lena alus, mangkono uga serban iya saka lena alus, dene sabuke iku kagawea nganggo tenunan mancawarna.

40. Uga para anake Harun iku iya sira gawekna kemejan lan sabuk, iya gawekna kopyah kang minangka rerenggan kamulyan.

41. Sandhangan mau sira anggokna marang kakangira Harun lan anak-anake, sarta sawuse iku banjur sira jebadana, sira wisudhaa lan sira sucekna, supaya padha dadi imam lumadi marang Ingsun.

42. Sarta maneh iya gawekna clana lena, kagawea nutupi kawirangane. Clana mau dawane wiwit bangkekan nganti tekan pupu.

43. Iku kudu dianggo Harun dalah anak-anake samangsa lumebu ing Tarub Pasewakan utawa samangsa nyedhaki misbyah perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, supaya aja nganti kaluputan lan banjur mati. Iku dadia pranatan ing salawase tumrap Harun lan para turune.”