Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 35 Kitab Sutji (JAV)

Dhawuh supaya nucekake dina Sabat

35:1-3

1. Nabi Musa banjur nglempakake sapasamuwane wong Israel kabeh, sarta padha dipangandikani mangkene: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah supaya padha dilakoni.

2. Nem dina wong padha nindakna pagaweane, nanging ing dina kapitu kudu ana wektu ngaso kang suci, yaiku Sabat, dina ngaso babar pisan kagem Pangeran Yehuwah. Sadhengah wong kang nglakoni pagawean ing dina iku, kudu kaukum pati.

3. Ing dina Sabat kowe aja padha daden geni ana ing ngendi bae ing sajroning papan panggonanmu.”

Pisungsung-mligi kanggo ngadegake Tarub Pasewakan lan kanggo nindakake tata pangibadah ana ing kono

35:4-29

4. Karomaneh pangandikane Nabi Musa marang sapasamuwane wong Israel kabeh: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah:

5. Sira padha ngaturna pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah saka kang sira duweni. Saben wong kang legawa atine iku nggawaa pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah: mas, selaka, tembaga,

6. bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus, wulu wedhus,

7. lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang, lulang dhuyung, kayu sittah,

8. lenga kanggo padamaran, bumbu-bumbu kanggo lenga jebad lan dupa kang wangi-wangi,

9. sesotya krisopras lan sesotya kang bakal kaembanan kanggo ing kotang efod sarta ing tutup dhadha.

10. Nuli sakehe wong panunggalanira kang ahli padha tekaa lan gawea samubarang kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah,

11. yaiku Tarub Suci, payoning Tarub, lan tutuping payon, canthelane lan blabage, kendhite, sakane lan ompake;

12. pethi dalah pikulane, tutup pangruwatan lan gebere aling-aling;

13. meja dalah pikulane lan sapirantine kabeh lan roti sesaosan;

14. padamaran kang kanggo madhangi dalah pirantine, samare lan lengane kang kanggo padamaran mau;

15. misbyah padupan dalah pikulane, lenga jebad lan dupa saka bumbu kang wangi; klambu lawanganing Tarub Suci;

16. misbyah kurban obaran dalah pancak-sujine tembaga, pikulane lan sapirantine kabeh, wadhah banyu satadhahane;

17. geber plataran, cagake, ompake lan klambu gapura plataran;

18. pathoke Tarub Suci lan pathoke plataran dalah taline;

19. sandhangan dines kanggo ngladeni ana ing pasucen, lan sandhangan suci panganggone Imam Harun lan sandhangane para anake kanggo ngimami.”

20. Wong sapasamuwane Israel kabeh banjur padha bubaran saka ngarsane Nabi Musa.

21. Sawuse mangkono saben wong kang adreng atine, kanthi lila legawa padha ngaturake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah, kanggo pagawean mgrampungake Tarub Pasewakan lan kanggo sakehing kaperluan pangibadah ana ing kono apadene kanggo yasa sandhangan suci.

22. Sakehe wong kang lila legawa atine, lanang wadon, padha teka nggawa anting-anting irung, anting-anting kuping, ali-ali cap lan kalung, sawernaning barang mas-masan; mangkono uga saben wong kang nyaosake pisungsung mas kagem Pangeran Yehuwah minangka pisungsung goyangan,

23. lan saben wong kang duwe bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, lena alus, wulu wedhus, lulang wedhus gembel lanang kang dipulas abang, apadene lulang dhuyung, iya teka nggawa iku.

24. Saben wong kang arep nyaosake pisungsung-mligi awujud selaka utawa tembaga, iku iya teka kalawan nggawa pisungsung-mligi iku konjuk marang Sang Yehuwah, lan saben wong kang duwe kayu sittah, iya teka nggawa iku kanggo ngedegake tarub iku.

25. Karodene sakehe wong wadon kang ahli, padha ngantih dhewe banjur nggawa kang wus diantih mau, yaiku bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus.

26. Lan sakehe wong wadon kang duwe keahlian kanthi legawa padha ngantih wulu wedhus.

27. Para panggedhe padha nggawa sesotya krisopras lan sesotya kang bakal diembani kanggo kotang efod lan tutup dhadha,

28. bumbu-bumbu tuwin lenga kanggo padamaran, kanggo lenga jebad lan kanggo dupa wangi.

29. Sakehe wong lanang lan wadon kang legawa atine padha nguruni kanggo sabarang gegawean kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa supaya digarap wong-wong iku, yaiku wong Israel, iku padha ngladekake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.

Bezaleel lan Aholiab kaangkat

35:30--36:7

30. Nabi Musa tumuli ngandika marang wong Israel: “Lah, Pangeran Yehuwah wus netepake Bezaleel bin Uri bin Hur, saka taler Yehuda,

31. wus kaparingan Rohe Gusti Allah, temah nduweni keahlian, pangreten lan kawruh tumrap sarupane gegawean,

32. yaiku bisa gawe rancangan kang kudu ditindakake bab gawe dandanan mas, selaka lan tembaga,

33. ngukir-ngukir sesotya kang kagawe isen, ngukir kayu lan nindakake sarupane pagawean kang wus karancang mau.

34. Sarta Pangeran Yehuwah wus maringake kapinteran ana ing atine, mangkono uga marang Aholiab bin Ahisamakh saka taler Dhan, temah bisa memulang,

35. padha kaparingan keahlian bisa nggarap sarupane pagawean tukang, gaweane wong kang ahli, nggarap barang sulaman kang manca-warna saka bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga lan lena alus, apadene tenunan, ringkes bisa nggarap sakabehe pagawean lan ngrancang rupa-rupa.