Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 23 Kitab Sutji (JAV)

Pranatan hak wewenanging manungsa

23:1-12

1. “Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerekan.

2. Sira aja melu-melu wong akeh nglakoni piala, lan anggonira nglairake paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akeh murih dhoyonging pangadilan.

3. Iya aja ngiloni prakarane wong miskin.

4. Manawa sira mrangguli sapine utawa kuldine mungsuhira kang ketriwal, poma iku enggal-enggal sira ulihna marang kang duwe.

5. Manawa sira weruh kuldine mungsuhira ambruk marga kabotan momotan, poma sira aja sungkan tetulung, nanging kang duwe sira rewangana mbongkar momotane kalawan eklas.

6. Sira aja ndhoyongake wewenange wong miskin ing sajroning prakarane.

7. Sira ngedohana tindak culika; wong kang ora luput lan kang bener aja sira pateni, awitdene Ingsun ora bakal mbenerake wong kang luput.

8. Sira aja nampani besel, marga besel iku marakake wutane wong melek, lan ngisruhake prakarane wong-wong kang bener.

9. Wong neneka aja sira tindhes, awitdene sira rak wus padha ngerti marang rasaning atine wong neneka, marga sira wus padha ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir.

10. Sajroning nem taun sira nyebarana buminira lan ngundhuhana pametune,

11. nanging ing taun kang kaping pitune kudu sira lerenake, lan sira tinggal mangkono bae, supaya panunggalanira kang miskin padha bisaa mangan, lan sisane iku kareben dipangana dening sato-kewan ing alas. Mangkono uga tumrap pakebonanira anggur lan witira jaitun.

12. Nem dina sira nglakonana pagaweanira, nanging ing dina kapitu sira lerena, supaya sapi lan kuldinira padha bisa ngaso; lan supaya anake baturira lan wong kang neneka padha leren.”

Pranatan bab tata-pangibadah lan dina gedhe

23:13-19

13. “Sira diprayitna ing bab sabarang kang wus Sundhawuhake marang sira: sira aja nyebut jenenge allah liyane, jenenge aja nganti keprungu saka ing cangkemira.

14. Setaun kaping telu sira kudu nganakake riyaya sumaos marang Ingsun.

15. Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa.

16. Riyaya panen, iya riyaya wiwitaning pametune anggonira nyebar ing tegal, iku uga tetep sira anakna, mangkono uga riyaya undhuh-undhuh, samangsa tutuping taun, salebare anggonira ngundhuhi pametuning pategalanira.

17. Setaun rambah kaping telu wongira kang lanang kudu padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gustinira.

18. Anggonira nyaosake getihing kurban sembelehan kang sumaos marang Ingsun, iku aja nganti kaworan sadhengah kang mawa ragi, karomaneh gajihing kurban riyaya kang sumaos marang Ingsun aja nganti nginep nganti esuke.

19. Pepethingane pametune buminira iku ladekna marang ing padalemaning Sang Yehuwah Gusti Allahira. Anggonira nggodhog daginging cempe iku aja nganggo puwaning embokne.”

Prasetya lan pepenget marang Israel

23:20-33

20. “Lah Ingsun bakal ngutus malaekat tindak ana ing ngarepira, perlu ngreksa lakunira ana ing dalan sarta ngirid lakunira menyang panggonan kang Suncawisake.

21. Sira dingati-ati ana ing ngarsane lan ngestokna marang dhawuh-dhawuhe, sira aja gawe duraka marang Panjenengane, awitdene panerakira ora bakal diapura, sabab asmaningSun ana ing batose.

22. Nanging manawa sira temen-temen ngestokake dhawuh-dhawuhe, lan nglakoni sabarang kang Sundhawuhake, Ingsun bakal nglawan marang mungsuhira lan nglawan marang lawanira.

23. Ingsun bakal ngutus malaekatingSun tindak ana ing ngarepira, sarta ngirid lakunira menyang ing tanahe bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Kanaan, bangsa Hewi lan bangsa Yebus, lan para bangsa iku bakal Suntumpes.

24. Sira aja sujud utawa ngabekti marang allahe lan aja niru panggawene, malah padha sira sirnakna babar pisan reca-reca brahala gegaweane.

25. Nanging sira kudu ngabekti marang Pangeran Yehuwah Gusti Allahira, temah roti lan banyune bakal binerkahan lan Ingsun bakal ngedohake lelara saka ing tengahira.

26. Ing nagaranira bakal ora ana wong wadon kang keluron utawa kang gabug. Lan umurira bakal Sunjangkepi.

27. Rasa giris marang Ingsun bakal Sunkirimake ndhingini sira, Ingsun bakal ndadekake kisruhe sakehe wong kang sira parani, lan sakehe mungsuhira bakal Sundamel lumayu ninggal sira.

28. Karodene Ingsun bakal ngeculake tawon ndhingini sira, iku bakal nundhungi wong Hewi, wong Kanaan lan wong Het saka ing ngarepira.

29. AnggoningSun nundhungi bangsa-bangsa iku saka ngarepira ora sajroning setaun, supaya nagara iku aja banjur sepi, sarta buron alase aja nganti mundhak akeh ngungkuli cacahira.

30. AnggoningSun bakal nundhungi bangsa iku saka ngarepira saka sathithik, nganti sira wus padha duwe anak-putu akeh lan bisa ndarbeni tanah iku.

31. Ingsun bakal nemtokake tapel-watese tanahira yaiku wiwit sagara Teberau tekan ing sagara Filisti, lan saka ing pasamunan tekan ing bengawan Efrat, awitdene sakehing wong ing nagara kono bakal Sunulungake marang ing tanganira, supaya padha sira tundhung saka ngarepira.

32. Sira aja gawe prajanjian karo wong iku utawa karo allahe.

33. Bangsa-bangsa mau bakal ora tetep pamanggone ana ing nagaranira, supaya ora njalari sira padha gawe dosa marang Ingsun, yaiku sira padha ngabekti marang allahe; prakara mangkono iku mesthi dadi kala-jiret tumrap sira.”