Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 20 Kitab Sutji (JAV)

Angger-angger sapuluh prakara

20:1-17

1. Gusti Allah banjur ndhawuhake sakehe pangandika iki:

2. “Ingsun iki Yehuwah Gusti Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, ing tanah pangawulan.

3. Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.

4. Sira aja gawe reca utawa tetironing apa bae kang ana ing langit ndhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene kang ana ing banyu sangisoring bumi.

5. Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,

6. nanging kang nandukake sih palimirma marang wong pirang-pirang ewu, yaiku kang padha tresna marang Ingsun lan netepi pepakeningSun.

7. Sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yehuwah Gusti Allahira, awitdene Pangeran Yehuwah mesthi mastani luput marang sadhengah wong kang nyawiyah marang asmane.

8. Sira elinga marang ing dina Sabat, sarta sira sucekna,

9. nem dina sira nyambuta gawe lan nglakonana sapagaweanira kabeh,

10. nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira; ing dina iku sira aja nyambut gawe, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan kewanira, apadene wong liya kang ana ing papan panggonanira.

11. Awitdene sajrone nem dina anggone Pangeran Yehuwah nitahake langit lan bumi sagara lan saisine kabeh, sarta banjur kendel ing dina kapitu, mulane dina Sabat iku diberkahi lan disucekake dening Pangeran Yehuwah.

12. Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira.

13. Sira aja memateni.

14. Sira aja laku jina.

15. Sira aja nyenyolong.

16. Sira aja ngucapake paseksi goroh tumrap pepadhanira.

17. Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”

Wong Israel padha wedi methukake rawuhe Pangeran Yehuwah

20:18-21

18. Kacarita bareng bangsa mau padha krungu gumlegering gludhug lan bledheg samber-samberan, unine kalasangka, apadene kumeluning pega saka ing gunung, padha wedi lan gumeter sarta tumuli padha mundur ngadoh,

19. sarta matur marang Nabi Musa: “Mugi panjenengan kemawon ingkang ngandikani kula, kula badhe sami mirengaken; sampun ta dipun pangandikan dening Gusti Allah, mindhak kula sami nemahi pejah.”

20. Nanging pangandikane Nabi Musa marang bangsa iku: “Aja kuwatir, awit rawuhe Gusti Allah iku arep nyoba kowe, lan supaya kowe padha duwea ering marang Panjenengane, aja nganti padha gawe dosa.”

21. Anadene bangsa iku anggone ngadeg ana ing kadohan, nanging Nabi Musa nyelaki ing pepeteng lelimengan panggonane lenggah Gusti Allah.

Pranatan bab pangibadah

20:22-26

22. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wong Israel padha dhawuhana mangkene: Sira wus padha nyumurupi dhewe anggoningSun mangandikani sira saka ing langit.

23. Sira aja padha gawe brahala salaka utawa mas ana ing sandhingingSun.

24. Ingsun sira gawekna misbyah lemah, sira anggoa nyaosake kurban obaranira lan kurban kaslametanira apadene wedhusira lan sapinira. Ing saben panggonan kang Sunpilih dadi pangeling-eling marang asmaningSun, Ingsun bakal rawuh lan mberkahi sira.

25. Dene saupama Ingsun sira gawekake misbyah watu, iku aja watu tatahan kang sira gawe, sabab manawa anggonira gawe nganggo wadung iku sira nerak kasucene.

26. Mangkono uga anggonira ngunggahi misbyahingSun aja nganggo andha, supaya aja nganti katon kawiranganira.”