Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 33 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Musa nyuwun panganthining Yehuwah ana ing pasamunan

33:1-23

1. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Wis, sira lungaa, mangkata saka ing kene, sira dalah bangsa kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku, padha menyanga ing tanah kang wus Sunprasetyakake klawan supaos marang Abraham, Iskak lan Yakub mangkene: Turunira kang bakal Sunparingi tanah iku --

2. Ingsun bakal nglampahake malaekat siji kang bakal lumaku ana ing ngarepira sarta bakal nundhungi bangsa Kanaan, bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus --

3. yaiku tanah kang luber puwan lan madu, sabab Ingsun ora bakal tindak ana ing tengahira, marga sira iku bangsa kang wangkal, supaya sira ora Suntumpes ana ing dedalan.”

4. Nalika bangsa iku krungu pangandika pangancam kang nggegirisi iku, banjur padha susah, lan ora ana siji-sijia kang manganggo rerenggane.

5. Marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Sira nglantarna pangandikaningSun marang wong Israel: Sira iku bangsa kang wangkal. Saupama Ingsun tindak ana ing tengahira munga sadhela bae, mesthi sira bakal padha Suntumpes. Kang iku saiki sira padha nyelehna rerengganira, nuli Ingsun bakal nggalih, apa kang bakal Suntandukake marang sira.”

6. Marga saka iku wong Israel padha ora nganggo rerenggan maneh, wiwit saka ing gunung Horeb iku.

7. Sawuse iku Nabi Musa banjur mendhet tarub sarta ditancebake ing sajabane palereban kapara adoh, iku diarani Tarub Pasewakan. Saben wong kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah, iku nuli mara menyang ing Tarub Pasewakan kang ana ing sajabane palereban.

8. Samangsa Nabi Musa menyang ing tarub iku, wong kabeh padha mapan ngadeg ana lawanging tarube dhewe-dhewe, karo mandeng marang tindake nganti salebete ing tarub.

9. Manawa Nabi Musa lumebet ing tarub mau, tugu mega nuli mudhun mapan ana ing lawangane tarub, sarta Pangeran Yehuwah banjur imbal pangandika karo Nabi Musa.

10. Bareng wong kabeh padha ndeleng tugu mega mapan ana ing lawangane tarub, wong sabangsa padha ngadeg, tumuli sumungkem sujud, saben wong ana ing lawanging tarube dhewe.

11. Pangeran Yehuwah anggone imbal pangandika karo Nabi Musa iku aben-ajeng kaya wong guneman karo kancane; sawuse mangkono Nabi Musa tumuli bali menyang ing palereban maneh, nanging abdine, Yusak bin Nun wong nom-noman iku ora lunga saka ing tarub.

12. Nabi Musa banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Lah kawula Paduka pangandikani: Bangsa iki konen mangkat, mangka Paduka boten paring sumerep dhateng kawula, sinten ingkang badhe Paduka dhawuhi nyarengi kawula; ewadene sampun wonten pangandika Paduka dhateng kawula: Ingsun wanuh marang jenengira, lan sira iya wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun.

13. Ingkang punika manawi kawula pancen angsal sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangreh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampeni sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka. Paduka mugi karsaa enget, bilih bangsa punika umat Paduka.”

14. Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun pribadi kang bakal nganthi marang sira lan maringi katentreman marang sira.”

15. Unjuke Nabi Musa marang Sang Yehuwah: “Manawi sanes Paduka pribadi ingkang nganthi kawula, kawula mugi sampun ngantos Paduka dhawuhi bidhal saking ngriki.

16. Kadospundi sagedipun kasumerepan, manawi kawula sampun tampi sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, inggih kawula dalah umat Paduka punika? Punika rak margi Paduka nganti lampah kawula sadaya, ngantos kawula dalah umat Paduka punika kabedakaken kaliyan bangsa-bangsa ingkang wonten ing salumahipun bumi punika.”

17. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Panyuwunira iku iya bakal Sunsembadani, awitdene sira wus oleh sih-mirma ana ing ngarsaningSun lan Ingsun wus wanuh marang sira.”

18. Nanging unjuke Nabi Musa: “Paduka mugi karsaa ngatingalaken kamulyan Paduka dhateng kawula!”

19. Pangandikane Sang Yehuwah: “Sakehing kamulyaningSun bakal Sunlampahake ana ngarepira lan Ingsun bakal ngumandhangake asmane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepira, Ingsun bakal paring sih-mirma lan melasi marang sapa kang Sunwelasi.”

20. Pangeran Yehuwah ngandika maneh: “Sira mesthi ora bisa tahan ndeleng pasuryaningSun, awit ora ana manungsa kang ndeleng Ingsun bisa lestari urip.”

21. Karomaneh pangandikane Sang Yehuwah: “Lah ing sacedhakingSun kene ana papan kang kena sira enciki, kaprenah ana ing dhuwur parang,

22. nuli samangsa kamulyaningSun tindak langkung, sira bakal Sunlebokake ing lowahane parang iku lan sira Suntamengi astaningsun, nganti Ingsun wus langkung.

23. Sawuse mangkono astaningSun bakal Sunsingkirake lan sira bakal ndeleng pengkeraningSun, nanging pasuryaningSun ora bakal katon.”