Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 25 Kitab Sutji (JAV)

Pituduh bab ngadegake tarub pasamuwan lan bab pisungsung mirunggan

25:1-9

1. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira ndhawuhana marang wong Israel, supaya padha nyaosna pisungsung mirunggan konjuk marang Ingsun. Anggone padha nyaosake pisungsung mirunggan konjuk marang Ingsun iku metua saka legawaning atine.

3. Anadene mungguh pisungsung mirunggan kang konjuk marang Ingsun iku arupa: mas, selaka, tembaga,

4. bakal wungu tuwa, bakal wungu nom, bakal jingga, mori alus, wulu wedhus,

5. lulang wedhus gembel lanang dipulas abang, lulang dhuyung lan kayu sittah

6. lenga kanggo padamaran, anggi-anggi kanggo lenga jebad lan kanggo dupa,

7. sotya krisopras lan sesotya tatahan kanggo klambi efod lan tutup dhadha.

8. Lan Ingsun padha sira yasakna pasucen, supaya Ingsun dedalem ana ing tengahira.

9. Anggonira padha yasa dalem pasucen lan sakehe pirantine kabeh iku mituruta conto kang bakal Suntedahake marang sira.”

Bab pethi prasetyan

25:10-22

10. “Sira padha gawea pethi kayu sittah, dawane loro satengah asta, ambane karotengah asta lan dhuwure karotengah asta.

11. Pethi iku sira lapisana mas murni ing jero lan ing jabane, sarta ing dhuwur mubeng sira wenehana plisir mas.

12. Karodene sira gawea gelang mas cithakan patang iji padha kapasanga ing pojokane papat, dadi ing iringan kenene ana gelangane loro, lan ing iringan kanane ana gelangane loro.

13. Sarta maneh sira gawea pikulan kayu sittah, padha kalapis ing mas.

14. Pikulan iku padha kaslobokna ing gelangan kang ana ing iringane pethi, dianggo nggotong pethine.

15. Pikulan iku tetepa ana ing gelangan pethi, ora kena didudut.

16. Ing jeroning pethi isenana papan angger-angger kang bakal Sunparingake marang sira.

17. Apadene sira gawea tutup pangruwatan mas murni, dawane loro satengah asta, ambane karotengah asta.

18. Lan sira gawea pepethan kerub mas loro kang kagawe emas gemblengan, kapasanga ing pungkasane tutup pangruwatan mau.

19. Kerub kang siji ana ing pungkasane sisih kenene, lan kerub sijine ana ing sisih kanane tutup, kerub sakarone iku padha gawenen irasan karo tutup pangruwatan ing kiwa lan ing tengen.

20. Kerub-kerub iku padha ngegarna swiwine mandhuwur ngaubi tutup pangruwatan, raine padha adu arep; raine kerub-kerub iku padha tumungkula marang tutup pangruwatan mau.

21. Tutup pangruwatan iku sira etrapna ing dhuwure pethi, samangsa papan angger-angger kang bakal Sunparingake marang sira iku wus sira selehake ing sajroning pethine.

22. Ana ing kono anggoningSun bakal ngrawuhi sira saka ing sadhuwure tutup pangruwatan iku, saka ing antarane kerub loro kang ana ing sadhuwure pethi angger-angger iku, Ingsun bakal paring pangandika marang sira bab kang bakal Sundhawuhake marang sira kang kudu sira terusake marang wong Israel.”

Bab meja roti sesaosan

25:23-30

23. “Lan maneh sira gawea meja kayu sittah, dawane rong asta, ambane saasta lan dhuwure karotengah asta.

24. Meja iku sira lapisana mas murni sarta wenehana plisir mas mubeng.

25. Karodene sira wenehana wengku mubeng ambane saepek-epek, lan wengku iku iya sira wenehana plisir mas mubeng.

26. Sarta maneh meja iku iya sira gawekna gelangan mas patang iji, gelangan iku sira etrapna ing pojokane papat kaprenah ana ing sikile papat.

27. Gelangane padha pepetna ing wengku, kanggo slobokane pikulan kang kanggo ngusung mejane.

28. Pikulane iku iya kayu sittah kalapisa mas, iku kang kagawe ngusung mejane.

29. Sira iya gawea pinggan, piring, porong lan tuwung, kang kagawe ngesok kurban unjukan, kabeh iku kagawea saka mas murni.

30. Mejane iku tansah dokokana roti sesaosan ana ing ngarsaningSun.”

Padamaran

25:31-40

31. “Sira gawea padamaran mas murni; padamaran iku kang digawe kudu mas gemblengan, iya sikilane iya adeg-adege; dalah rerekane slaga, kudhup lan kembange padha kagawea iras-irasan karo padamarane.

32. Pange nem metu saka ing adeg-adege; pange kang telu ing sisih kenene, lan kang telu ing sisih kanane.

33. Siji-sijine pang anaa rerekane slaga kembang saked nelung iji, karo rerekan kudhup lan kembang, dadine pang nem kang metu saka padamaran iku iya gawenen kaya mangkono.

34. Mungguh adeg-adege padamaran iku anaa rerekane slaga kembang saked patang iji dalah rerekane kudhup lan kembang.

35. Rerekan kudhup siji anaa kang kapasang ing ngisore pang sajodho kang kapisan kang metu saka padamarane, siji maneh ing ngisore pang kang kapindho lan siji maneh ing ngisore kang katelu, mangkono mungguh pang nem kang metu saka ing adeg-adege padamaran mau digawea padha.

36. Kudhup lan pange iku kudu metu saka ing padamaran mau lan kabeh mau kang digawe kudu mas murni gemblengan.

37. Padamaran iku iya sira gawekna clupak pitung iji, katumpangna ing ndhuwure, supaya madhangi kang ana ing ngarepe.

38. Sapite lan tadhahane langes iya padha mas murni.

39. Mas murni satalenta kang dianggoa gawe padamaran dalah sapirantine kabeh.

40. Dingati-ati, anggonira gawe kabeh mau kudu ngepleki conto kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.”