Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 6 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing nalika iku Sang Prabu Suleman tumuli ngandika: “Pangeran Yehuwah wus nagndika manawa karsa dedalem ana ing papan kang peteng.

2. Sapunika kawula sampun yasa padaleman kagem Paduka, ingkang kenging Paduka dalemi ing salami-laminipun.”

Pangeran Yehuwah netepi prajanjiane marang Rama Dawud

6:3-11

3. Sang Prabu banjur minger lan mberkahi pasamuwaning Israel kabeh, dene pasamuwane Israel kabeh padha ngadeg.

4. Pangandikane Sang Nata: “Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel, kang wus nindakake kalawan astane apa kang kapangandikakake kalawan lesane marang Rama Dawud, ramaningsun, mangkene:

5. Wiwit nalika Ingsun ngirid umatingSun metu saka ing tanah Mesir, ora ana kutha kang Sunpilih ing antarane sakehe suku Israel, kanggo ngedegake padaleman, kang dadi papan padalemaning asmaningSun, lan ora ana wong kang Sunpilih prelu Sundadekake ratuning umatingSun Israel.

6. Nanging wekasane Ingsun milih Yerusalem minangka papaning padalemane asmaningSun sarta milih Dawud supaya ngwasani umatingSun Israel.

7. Nalika Rama Dawud, ramaningsun, kagungan karsa arep yasa padaleman kagem asmaning Yehuwah, Gusti Allahe Israel,

8. banjur dipangandikani dening Sang Yehuwah: Sira duwe karep arep ngedegake padaleman kagem asmaningSun, karepira iku pancen becik;

9. mung bae dudu sira kang bakal yasa padaleman iku, nanging anakira dhewe kang besuk bakal lair, iku kang bakal ngedegake padaleman iku kanggo asmaningSun.

10. Dadine Pangeran Yehuwah wus netepi janji kang wus dipangandikakake; ingsun wus madeg nggentosi Rama Dawud, ramaningsun, lan wus lenggah ing dhamparing karajan Israel, kaya kang wus kapangandikakake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel,

11. sarta wus mrenahake pethi ana ing kono, kang isi prajanjian kang wus kadamel dening Pangeran Yehuwah karo wong Israel.”

Pandongane Sang Prabu Suleman

6:12-42

12. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur jumeneng ana ing sangarepe misbyahe Pangeran Yehuwah, ing sangarepe pasamuwane Israel kabeh, nuli ngegarake astane

13. -- awit Sang Prabu Suleman wus yasa mimbar tembaga kang dawane limang asta ambane limang asta sarta dhuwure telung asta, kang kaedegake ana ing plataran --; panjenengane jumeneng ana ing kono nuli jengkeng ana ing ngarepe pasamuwan Israel kabeh lan ngegarake astane marang ing langit,

14. kambi munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel! Ing swarga saha ing bumi boten wonten allah ingkang kados Paduka; Paduka ingkang nglestantunaken prajanjian saha sih-susetya dhumateng para abdi Paduka ingkang gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan gumolonging manah;

15. Paduka ingkang tansah nyepengi janji Paduka dhumateng Rama Dawud, rama kawula, saha ingkang sampun nindakaken kalayan asta Paduka punapa ingkang Paduka ngandikakaken kalayan lesan Paduka, kados ingkang kalampahan ing dinten punika.

16. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka mugi karsaa nglestantunaken janji Paduka dhumateng Rama Dawud, rama kawula, inggih punika pangandika Paduka: Turunira bakal ora ana pedhote ana ing ngarsaningSun lan bakal lestari lungguh ing dhamparing karajan Israel, anggere anak-anakira padha tansah lumaku manut ing angger-anggeringSun kaya anggonira lumaku ana ing ngarsaningSun.

17. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, mugi kayektosana pangandika Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng abdi Paduka Rama Dawud.

18. Nanging punapa inggih sayektos, bilih Gusti Allah karsa dedalem nunggil kaliyan manungsa wonten ing bumi? Lah langit, malah sanadyan sainggil-inggilipun langit pisan inggih boten saged ngewrat Paduka, punapa malih padaleman ingkang kawula degaken punika.

19. Milanipun Paduka mugi karsaa midhangetaken pandonga saha panyuwunipun abdi Paduka punika, dhuh Yehuwah Gusti Allah kawula, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pasambat saha pandonga, ingkang kaunjukaken dhumateng ing ngarsa Paduka dening abdi Paduka punika.

20. Paningal Paduka mugi tansah mirsanana padaleman punika, rinten kalayan dalu, tansah mirsanana panggenan ingkang Paduka ngandikakaken, bilih badhe dados padalemaning asma Paduka. Paduka mugi karsaa midhangetaken pandonga, ingkang kaunjukaken dening abdi Paduka wonten ing panggenan punika,

21. saha mugi karsaa miyarsakaken panyuwunipun abdi Paduka tuwin umat Paduka Israel ingkang kaunjukaken wonten ing panggenan punika; mugi inggih karsaa midhangetaken saking papan padaleman Paduka, saking ing swarga; punapa malih manawi Paduka midhangetaken, mugi Paduka inggih karsaa paring pangapunten.

22. Manawi wonten tiyang ingkang kalepatan dhateng mitranipun, mangka lajeng dipun wajibaken supados ngipat-ipati badanipun piyambak, saha nunten supaos wonten ing sangajengipun misbyah Paduka wonten ing padaleman punika,

23. Paduka mugi karsaa miyarsakaken saking swarga tuwin karsaa tumindak ngadili para abdi Paduka, inggih punika paring piwales dhateng pandamelipun tiyang ingkang lepat kanthi patrap nanggelaken kalepatanipun wau dhateng tiyang punika piyambak, nanging ngleresaken tiyang ingkang leres kanthi patrap nandukaken dhateng tiyang punika, ingkang laras kaliyan pandamelipun ingkang leres wau.

24. Manawi umat Paduka dipun kawonaken dening mengsahipun margi dosa dhumateng Paduka, mangka ing wusananipun lajeng mratobat saha ngandhemi asma Paduka, punapadene ndedonga sarta nyenyuwun wonten ing ngarsa Paduka wonten ing padaleman punika,

25. Paduka mugi karsaa midhangetaken saking ing swarga saha karsaa ngapunten dosanipun umat Paduka Israel sarta mugi karsaa mangsulaken dhateng ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhateng umat Paduka punika saha dhateng para leluhuripun.

26. Manawi langit kinancing ngantos boten wonten jawah, margi tiyang-tiyang sami damel dosa dhumateng Paduka, mangka lajeng sami ndedonga wonten ing panggenan punika saha ngakeni dhumateng asma Paduka tuwin nilar dosanipun, awit sampun sami Paduka tindhes,

27. Paduka mugi karsaa miyarsakaken saking ing swarga saha karsaa ngapunten dosaning para abdi Paduka wau, inggih umat Paduka Israel punika, awit inggih Paduka ingkang nedahaken dhateng tiyang-tiyang punika margi ingkang sae, ingkang kedah dipun ambah, punapadene mugi Paduka karsaa paring jawah dhateng siti Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhateng umat Paduka dados tanah-pusaka punika.

28. Manawi ing nagari punika wonten pailan, manawi wonten pageblug, ama gosong, ama lodhoh, ama walang srakah, manawi sami kadamel rupek dening mengsah wonten ing salah satunggaling kithanipun, manawi wonten wewelak utawi sesakit punapa kemawon,

29. lajeng wonten tiyang utawi umat Paduka Israel sadaya ngunjukaken pandonga saha panyuwun wonten ing padaleman punika kalayan ngulukaken tanganipun -- awit satunggal-satunggalipun nyumerepi dhateng wewelakipun tuwin kasangsaranipun piyambak --

30. Paduka mugi karsaa midhangetaken saking ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, punapadene Paduka mugi karsaa paring pangapunten saha karsaa paring piwales dhateng saben tiyang miturut ing sakathahing pandamelipun, amargi Paduka nguningani manahipun -- awit namung Paduka ingkang nguningani manahipun para anaking manungsa, --

31. supados tiyang-tiyang wau sami ajrih dhumateng Paduka saha lajeng sami lumampah ing sakathahing margi pitedah Paduka ing salaminipun gesang wonten ing tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.

32. Makaten ugi manawi wonten tiyang ngamanca, ingkang boten kagolong umat Paduka Israel, ingkang dhateng saking nagari tebih margi saking asma Paduka ingkang luhur, asta Paduka ingkang rosa saha lengen Paduka ingkang kaacungaken, mangka tiyang wau nunten ndedonga wonten ing padaleman Paduka,

33. Paduka mugi inggih karsaa miyarsakaken saking ing swarga, saking papan padaleman Padaleman Paduka ingkang tetep, punapadene mugi karsaa tumindak ingkang laras kaliyan sakathahing pasambatipun tiyang ngamanca wau dhumateng Paduka, supados sakathahing bangsa ing bumi sami nyumerepana dhateng ing asma Paduka, satemah lajeng sami ajrih dhumateng Paduka kadosdene umat Paduka Israel, tuwin sami mangretos, bilih asma Paduka sampun kasebut tumrap ing padaleman ingkang sampun kawula degaken punika.

34. Manawi umat Paduka nglurug perang nglawan mengsah-mengsahipun, dhatenga pundi kemawon anggen Paduka dhawuh lumampah, sarta manawi sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan madhep dhateng ing kitha ingkang sampun Paduka pilih punika, saha dhateng ing padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka punika,

35. mugi Paduka karsaa midhangetaken pandonga tuwin panyuwunipun saking ing swarga, punapadene Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhateng tiyang-tiyang wau.

36. Manawi sami damel dosa dhumateng Paduka -- awit boten wonten manungsa ingkang boten gadhah dosa -- saha Paduka lajeng duka dhateng tiyang-tiyang punika, sami Paduka pasrahaken dhateng mengsah, satemah nunten katawan tuwin kaboyong dhateng ing nagari ingkang tebih utawi ingkang celak,

37. mbokbilih wonten ing tanah pamboyongan tumunten sami kraos ing salebeting batos lajeng sami cariyos: kula sampun sami damel dosa, sami kalepatan tuwin nglampahi duraka,

38. manawi nunten sami mratobat dhumateng Paduka kalayan gumolonging manah saha kanthi gumolonging nyawanipun wonten ing nagarinipun tiyang ingkang sami nawan lan mboyong, punapa dene sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan madhep dhateng ing nagarinipun ingkang sampun Paduka paringaken dhateng para leluhuripun, dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih tuwin dhateng ing padaleman, ingkang sampun kawula degaken kagem ing asma Paduka punika,

39. Paduka mugi karsaa miyarsakaken saking ing swarga, saking ing panggenaning padaleman Paduka ingkang tetep dhateng pandonga tuwin sakathahing panyuwunipun saha Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhateng tiyang-tiyang wau sarta karsaa paring pangapunten dhateng umat Paduka ingkang sampun damel dosa dhumateng Paduka punika.

40. Awit saking punika, dhuh Allah kawula, paningal Paduka mugi mirsanana tuwin talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonga ingkang kaunjukaken wonten ing panggenan punika.

41. Wondene sapunika, dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng saha tedhak ing papan pakendelan Paduka,Paduka kaliyan pethining karosan Paduka.Mugi para imam Paduka, dhuh Yehuwah Allah, sami sinandhangana ing karaharjan,tuwin para tiyang ingkang Paduka tresnani sami abingah-bingaha margi saking kasaenan Paduka.

42. Dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi sampun ngantos nampik dhateng ingkang sampun Paduka jebadi,Paduka mugi karsaa enget dhateng sakathahing sih-susetya Paduka dhumateng Rama Dawud, abdi Paduka.