Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 33 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Manasye

33:1-20

1. Pangeran Manasye nalika jumeneng ratu yuswane rolas taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase seket lima taun.

2. Sang Prabu nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah cocog karo panggawene nistha para bangsa kang wus ditundhungi dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

3. Panjenengane ngedegake maneh tengger-tengger pangurbanan kang wus padha dibubrahi dening Sang Prabu Hizkia, kang rama; Sang Nata yasa misbyah-misbyah kanggo para Baal, damel reca-reca Asyera sarta sujud lan nyembah marang wadya-bala ing langit kabeh tuwin ngabekti marang iku.

4. Panjenengane iya ngedegake misbyah-misbyah ana ing padalemaning Yehuwah, sanadyan tumrap padaleman iku Pangeran Yehuwah wus ngandika: “AsmaningSun bakal dumunung ana ing Yerusalem ing salawas-lawase!”

5. Sarta uga damel misbyah-misbyah kanggo wadya-bala ing langit kabeh ana ing plataraning padalemane Sang Yehuwah karo pisan.

6. Malah para putrane padha kapasrahake minangka kurban ing geni ana ing Lebak Ben-Hinom; panjenengane oleh ngelmu weca, ngelmu pethek lan ngelmu sikir, sesrawungan karo para prewangan tuwin para tukang ngundang roh kang memeca. Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah akeh banget, temah damel gerahing panggalihe.

7. Panjenengane uga mrenahake reca brahala damelane ana ing padalemaning Allah, sanadyan Gusti Allah wus ngandika marang Sang Prabu Dawud lan marang Sang Prabu Suleman, kang putra: “Ana ing padaleman iki lan ana ing Yerusalem, kang wus Sunpilih saka ing astane suku Israel, Ingsun bakal mrenahake asmaningSun ing salawas-lawase!

8. Ingsun ora bakal ndadekake sikile wong Israel nganti sumingkir maneh saka ing tanah kang wus Sungadhangake marang para leluhurira, anggone padha lestari nindakake sakehe pepakeningSun lumantar Musa, yaiku sakehe angger-angger, katetepan lan pranatan.”

9. Nanging Sang Prabu Manasye nasarake Yehuda lan para kang manggon ing Yerusalem, temah padha nindakake apa kang ala ngluwihi para bangsa kang wus kasirnakake dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

10. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Sang Prabu Manasye lan rakyate, nanging padha ora maelu marang pangandika iku.

11. Awit saka iku Sang Yehuwah nuli ndhatengake para panggedhening wadya-balane Sang Nata ing Asyur, kang nyepeng Sang Prabu Manasye nganggo ganthol, nuli kabanda nganggo rante tembaga sarta banjur kagawa menyang ing Babil.

12. Ing sajroning kaanan kapepet iku, Sang Prabu ngudi nglilihake panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe; panjenengane ngesorake sarirane banget ana ing ngarsane Gusti Allahe para leluhure,

13. sarta ndedonga marang Panjenengane. Pangeran Yehuwah banjur ngabulake pandongane lan minangkani panyuwune. Gusti Allah mangsulake panjenengane menyang Yerusalem tuwin kajumenengake ratu maneh. Sang Prabu Manasye nuli ngakeni, manawa Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah.

14. Sang Prabu banjur ngedegake tembok njaba ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, ana ing sakulone Gihon, ana ing lebak, nganti tekan ing sacedhake Gapura Iwak, ngubengi ing Ofel. Tembok iku kagawe dhuwur banget. Sang Nata uga mapanake panggedhe-panggedhening perang ana ing saben kutha-beteng ing tanah Yehuda.

15. Allah-allah ngamanca lan brahala padha kasingkirake saka ing padalemaning Sang Yehuwah, uga sakehe misbyah kang kaedegake ana ing gununge padalemane Pangeran Yehuwah lan kang ana ing Yerusalem, iku padha dibuwangi menyang ing sajabaning kutha.

16. Misbyahe Sang Yehuwah diedegake maneh lan banjur kagem saos kurban slametan tuwin kurban pamuji sokur sarta maneh Sang Nata tumuli ngundhangake marang Yehuda, supaya ngabekti marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.

17. Ewadene sanadyan mangkono, rakyat isih saos kurban ana ing tengger-tengger pangurbanan, nanging mung marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe.

18. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Manasye, pandongane marang Gusti Allahe sarta tembung-tembunge para wong sidik kang padha munjuk marang Sang Prabu atas asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, lah kabeh iku kamot ana ing riwayate para ratu ing Israel.

19. Pandongane lan kabule pandongane, sakehe dosane lan anggone ora setya, sakehing panggonan kang diedegi tengger-tengger pangurbanan, tugu-tugu brahala tuwin reca-reca tatahan, sadurunge panjenengane ngesorake sarira, lah kabeh iku padha katulisan ana ing riwayate para wong sidik.

20. Sawuse mangkono Sang Prabu Manasye banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan disarekake ana ing kadhatone. Dene Pangeran Amon, kang putra, nuli jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.

Sang Prabu Amon

33:21-25

21. Pangeran Amon nalika jumeneng ratu yuswa rolikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene rong taun.

22. Sang Prabu nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, kaya kang katindakake dening Sang Prabu Manasye, kang rama. Sang Prabu Amon sesaji kurban marang sakehe reca tatahan, yasane Sang Prabu Manasye, kang rama, lan ngabekti marang iku.

23. Nanging panjenengane ora ngesorake sarira ana ngarsane Pangeran Yehuwah, kaya Sang Prabu Manasye, kang rama, malah saya mundhak akeh kaluputane.

24. Para punggawane banjur padha sekuthon nglawan marang panjenengane; Sang Prabu disedani ana ing kadhatone.

25. Nanging kang padha sekuthon nglawan Sang Prabu Amon mau banjur dipateni dening rakyat ing nagara kono lan sawuse mangkono rakyat mau nuli njumenengake ratu Pangeran Yosia, kang putra, nggentosi panjenengane.