Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 22 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Ahazia

22:1-6

1. Para wong ing Yerusalem banjur njumenengake ratu Pangeran Ahazia, putrane kang wuragil nggentosi panjenengane, awit para putrane kang luwih sepuh yuswane wus padha disedani kabeh dening grombolan kang nekani pakuwon bebarengan karo para wong Arab. Mangkono dadine Pangeran Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram, ratu ing Yehuda, banjur jumeneng ratu.

2. Nalika jumeneng ratu iku Sang Prabu Ahazia yuswa patang puluh loro taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene setaun. Kang ibu asma Atalya, wayahe Sang Prabu Omri.

3. Sang Prabu sugenge iya manut ing lampah-lampahe tedhake Sang Prabu Akhab, awit kang ibu paring pitutur supaya nglampahi kang ala.

4. Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, amarga sasedane kang rama, iku tumuli padha dadi juru pirembage kang gawe cilakane.

5. Marga saka pirembage wong-wong mau uga panjenengane nuli tindak bebarengan karo Sang Prabu Yoram putrane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel, arep lumawan ing perang karo Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, menyang ing Ramot-Gilead, nanging Sang Prabu Yoram banjur ketaton dening wong Aram,

6. Sang Prabu banjur kondur menyang ing Yizreel arep jejampi marga saka anggone ketaton ana ing Rama nalika perang nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram mau. Anadene Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram ratu ing Yehuda, tumuli tindak martuwi marang Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab, menyang ing Yizreel, marga panjenengane nandhang gerah.

Sang Prabu Ahazia disedani Sang Yehu

22:7-9

7. Gusti Allah wus nemtokake, manawa Sang Prabu Ahazia bakal seda ing wektu martuwi Sang Prabu Yoram; bareng Sang Prabu Ahazia rawuh, tumuli bebarengan karo Sang Prabu Yoram manggihi Sang Yehu, wayahe Sang Nimsi, kang wus dijebadi dening Pangeran Yehuwah, supaya panjenengane iku kang nyirnakake tedhake Sang Prabu Akhab.

8. Nalika Sang Yehu matrapi paukuman marang tedhake Sang Prabu Akhab, kepanggih karo para panggedhe ing Yehuda lan para putrane sadherek-sadhereke Sang Prabu Ahazia, kang padha ngladosi Sang Prabu Ahazia; iku iya padha disedani.

9. Sawuse mangkono tumuli madosi Sang Prabu Ahazia. Sang Prabu Ahazia kecepeng nalika ndhelik ana ing Samaria, banjur kaladosake marang ing ngarsane Sang Yehu, nuli disedani, nanging iya tumuli kasarekake, amarga pangucape wong: “Panjenengane iku wayahe Sang Prabu Yosafat, kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah kalawan gumolonging panggalihe.” Anadene kulawargane Sang Prabu Ahazia iku ora ana kang keconggah ngasta paprentahan maneh.

Sang Putri Atalya kasedanan lan Pangeran Yoas jumeneng ratu

22:10-23:21

10. Sang Putri Atalya, ibune Sang Prabu Ahazia, bareng mirsa, manawa kang putra wus seda, banjur tumandang nyirnakake sakehe tedhak turuning ratu, trah Yehuda.

11. Nanging Sang Putri Yosabat, putra putrine Sang Prabu, mundhut Pangeran Yoas, putrane Sang Prabu Ahazia, kaculik saka ing satengahe para putrane Sang Prabu kang bakal disedani mau, banjur dilebetake ing gudhang pasarean karo inyane. Kaya mangkono Sang Putri Yosabat, putri putrane Sang Prabu Yoram, garwane Imam Yoyadha, -- panjenengane iku sadhereke putri Sang Prabu Ahazia -- anggone ndhelikake Pangeran Yoas saka ing ngarsane Sang Putri Atalya, satemah ora nganti disedani dening Sang Putri Atalya;

12. nem taun anggone Pangeran Yoas dedalem kalawan umpetan ana ing padalemaning Allah nunggil karo para kadange mau, ing nalikane Sang Putri Atalya ngasta paprentahan ana ing nagara.