Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 24 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Yoas

24:1-27

1. Pangeran Yoas yuswa pitung taun nalika jumeneng ratu iku, sarta anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase patang puluh taun. Kang ibu asma Zibya, saka ing Bersyeba.

2. Sang Prabu Yoas nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah sajege sugenge Imam Yoyadha.

3. Imam Yoyadha mundhutake garwa loro Sang Prabu, kang banjur padha peputra kakung lan putri.

4. Sang Prabu Yoas nuli kagungan karsa arep ndandosi padalemaning Yehuwah.

5. Para imam lan para wong Lewi padha diklempakake lan dipangandikani mangkene: “Sira padha mider-midera ing kutha-kutha ing Yehuda sarta nglumpukna dhuwit saka wong Israel kabeh kanggo ndandani padalemaning Gusti Allahira saben taun. Iku enggal sira tindakna!” Nanging para wong Lewi ora enggal-enggal nglakoni dhawuh iku.

6. Sang Prabu nuli nimbali Imam Agung Yoyadha sarta ndangu marang panjenengane: “Punapa sababipun, dene panjenengan kok boten mundhut dhateng para tiyang Lewi supados sami nglempakaken paos wonten ing Yehuda saha ing Yerusalem, ingkang katetepaken dening Nabi Musa, abdining Allah, tumrap pasamuwan Israel kangge Tarub papaning angger-anggeripun Gusti Allah?

7. Amargi para putranipun eyang Atalya, wanita duraka punika, sami ngrisak padalemaning Allah, malah sami ngginakaken barang-barang suci ing padalemaning Yehuwah kangge para Baal.”

8. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur dhawuh gawe pethi kang didekek ing sangarepe gapuraning padalemane Pangeran Yehuwah,

9. sarta nuli dhawuh ngumumake ana ing Yehuda lan ing Yerusalem, manawa wong kudu asok pajeg kagem Pangeran Yehuwah, kang ditetepake dening Nabi Musa, abdining Allah, tumrap wong Israel ana ing pasamunan.

10. Sakehing panggedhe lan rakyat kabeh padha bungah; padha teka karo nggawa pajege, dilebokake ing pethi mau nganti kebak.

11. Saben-saben pethi digawa lumebu prelu dipriksa dening para wong Lewi atas asmane Sang Prabu, lan manawa wus katon isi dhuwit akeh, panitrane Sang Prabu lan para kang dikwasakake dening Imam Agung padha teka ngwetokake isining pethi mau, nuli dibalekake marang ing panggonane maneh. Kaya mangkono iku saben-saben katindakake, lan akeh dhuwit kang diklumpukake.

12. Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha masrahake dhuwit mau marang kang manggedheni pagaweaning padalemaning Yehuwah. Iki banjur padha menehake dhuwit iku marang para tukang natah lan para tukang kayu minangka opah anggone ndandani padalemaning Yehuwah; uga marang para tukang besi lan tembaga kang padha ndandani padalemaning Yehuwah.

13. Sawuse mangkono tukang-tukang mau padha wiwit nyambut gawe; tumindaking pagawean rancag kagarap ing wong-wong iku. Padalemaning Allah kabangun maneh manut kaanane sakawit lan disantosakake.

14. Bareng wus rampung, turahane dhuwit dicaosake marang Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha. Dhuwit iku dianggo gawe prabot-praboting padalemaning Pangeran Yehuwah, yaiku: piranti-piranti kanggo nganakake kebaktian, piranti-piranti kanggo caos kurban obaran, uga piring-piring lan piranti-piranti emas lan selaka. Sajege sugenge Imam Agung Yoyadha kurban obaran ajeg kasaosake ana ing padalemaning Yehuwah.

15. Kacarita Imam Agung wus sepuh lan wus akeh banget yuswane, nuli seda. Sedane nalika yuswa satus telung puluh taun,

16. banjur disarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud sandhing para ratu, marga saka pandamel-pandamele kang becik ana ing tanah Israel kang tumuju marang Gusti Allah lan padalemane.

17. Sasedane Imam Agung Yoyadha, para panggedhe ing Yehuda padha sowan lan sumungkem ana ing ngarsane Sang Prabu. Wiwit nalika iku Sang Prabu kang dipidhangetake ature wong-wong iku,

18. dadine banjur padha ninggal padalemaning Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, sarta tumuli padha nyembah marang tugu-tugu brahala lan reca-reca brahala. Marga saka kaluputane iku Yehuda lan Yerusalem katiban ing bebendu.

19. Nanging Sang Yehuwah utusan para nabi marang wong-wong mau, supaya padha mratobat marang Panjenengane. Para nabi mau banget-banget anggone ngengetake, nanging ora padha gelem ngrungokake.

20. Rohing Allah banjur menuhi Imam Zakharia, putrane Imam Agung Yoyadha; iku jumeneng ana ing ngarepe rakyat lan ngandika: “Mangkene pangandikane Gusti Allah: Yagene sira padha nerak marang pepakening Yehuwah, nganti sira padha ora kadunungan kabegjan? Sarehne sira padha ninggal Pangeran Yehuwah, mulane Panjenengane iya nilar sira.”

21. Nanging nuli padha sekuthon lumawan marang panjenengane lan awit saka dhawuhe Sang Prabu banjur padha mbenturi watu panjenengane ana ing platarane padalemane Pangeran Yehuwah.

22. Sang Prabu Yoas ora ngengeti marang kasetyane Imam Agung Yoyadha, kang ramane Imam Zakharia, marang panjenengane. Sang Nata nyedani putrane Imam Agung Yoyadha, kang nalika sedane ngandika: “Pangeran Yehuwah muga nguningana lan paring piwales!”

23. Kacarita nalika salining taun wadya-bala Aram nglurugi Sang Prabu Yoas sarta lumebu ing Yehuda lan Yerusalem, sakehe panggedhe bangsa padha disedani nganti entek lan sakehe jarahan dikirimake marang Sang Nata ing Damsyik.

24. Sanadyan wadya-bala Aram iku mung sathithik, nanging Pangeran Yehuwah ngulungake wadya-bala kang gedhe banget iku marang wong-wong mau, amarga wong Yehuda wus padha ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure. Kaya mangkono dadine wong Aram padha nibakake paukuman marang Sang Prabu Yoas.

25. Nalika wadya-bala Aram lunga saka ing ngarsane -- mangka nalika ditinggal iku Sang Prabu nandhang tatu banget -- para punggawane padha sekuthon nglawan panjenengane marga saka rahe putrane Imam Agung Yoyadha mau, Sang Nata nuli disedani ana ing pasareane. Sang Prabu seda lan disarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, nanging ora ana ing pasareane para ratu.

26. Kang padha sekuthon iku yaiku: Zabad, anake Simeat wong wadon Amon, lan Yozabad, anake Simrit wong wadon Moab.

27. Mungguh para putrane lan pangandikaning Allah kang akeh kang tumuju marang panjenengane, sarta bab anggone ndandani padalemaning Allah, kabeh iku katulisan ana ing Tapsiran bab Kitab Para Raja. Sang Pangeran Amazia, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.