Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 26 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Uzia

26:1-23

1. Wong Yehuda sabangsa kabeh tumuli padha nambut Pangeran Uzia, kang lagi yuswa nembelas taun, kajumenengake ratu nggentosi kang rama, Prabu Amazia.

2. Panjenengane nyantosani kutha Elot dibalekake marang Yehuda, yaiku sawuse Sang Nata kepareng aso nunggil karo para leluhure.

3. Pangeran Uzia nalika jumeneng ratu yuswa nembelas taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase seket loro taun. Kang ibu asma Yekholya, saka ing Yerusalem.

4. Sang Prabu nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah, trep kaya kang dilampahi Sang Prabu Amazia, kang ramane.

5. Panjenengane ngupadi marang Gusti Allah sajege Imam Agung Zakharia, kang mulang muruk marang panjenengane supaya ajrih asih marang Gusti Allah. Lan salawase Sang Prabu ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ndadosake sakehe pambudidayane oleh gawe.

6. Sang Prabu nglurug perang nglawan wong Filisti lan nggempur tembok Gat, Yabne sarta Asdod, banjur ngedegake kutha-kutha ana ing sakubenge Asdod tuwin ing wilayahe wong Filisti liyane.

7. Anggone merangi wong Filisti, wong Arab kang manggon ing Gur-Baal, lan wong Meunim, Sang Nata kaparingan pitulungan dening Gusti Allah.

8. Wong Amon padha caos bulubekti marang Sang Prabu Uzia. Asmane misuwur nganti tekan ing Mesir, marga saka kakiyatane kang linuwih.

9. Sang Prabu Uzia yasa panggung ana ing Yerusalem ana ing sadhuwure Gapura Pojok, ing sadhuwure Gapura Lebak lan ing sadhuwure Padon, sarta iku padha disantosani.

10. Panjenengane uga yasa panggung ana ing pasamunan lan dhawuh ndhudhuk sumur akeh, amarga raja-kayane akeh ana ing Tanah Ngare lan ana ing Tanah Warata Dhuwur. Sang Prabu uga kagungan abdi-abdi tani lan tukang jaga kebon anggur ana ing pagunungan lan ing tanah kang subur, awit panjenengane remen tetanen.

11. Kajaba iku Sang Prabu Uzia kagungan wadya-bala kang sembada ing perang, kang manawa maju perang kadadekake golongan-golongan manut cacahe wong kang dipengeti dening abdi dalem panitra Yeiel lan abdi dalem juru tata-usaha Maaseya, kang dipanggedheni dening Sang Hananya, salah sawijine tetindhihe perang Sang Prabu.

12. Para lelurahing kulawangsa, para prawira kang gagah prakosa, iku gunggunge kabeh ana rong ewu nem atus.

13. Iku padha manggedheni wadya-bala, kang cacahe ana wong telung atus pitu ewu limang atus, kang padha prawira ing perang sarta siyaga mbiyantu Sang Prabu nanggulangi mungsuh.

14. Sang Prabu Uzia maringi marang wadya-balane mau kabeh tameng, tumbak, topong, kere, gendhewa lan watu kanggo mbandhil.

15. Ana ing Yerusalem Sang Prabu uga yasa pirantining perang, kang kena kanggo nglepasake panah lan watu gedhe. Iku gaweane tukang kang ahli. Piranti iku kadekek ing sadhuwure panggung lan ing pojok-pojok. Asmane Sang Prabu dadi misuwur nganti tekan nagara-nagara kang adoh, amarga panjenengane kaparingan pitulungan kalawan ngeram-eramake, satemah dadi santosa.

16. Bareng Sang Nata wus santosa, banjur gumunggung lan nindakake bab kang gawe rusak. Panjenengane ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, sarta kumawani lumebet ing Padaleman Suci prelu mbesmi dupa ana ing misbyah padupan.

17. Nanging Imam Agung Azarya ngetutake ana ing sawingkinge, kadherekake imaming Yehuwah wolung puluh, para wong kang tatag.

18. Nuli padha ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu Uzia lan matur: “Dhuh, Sang Prabu Uzia, paduka boten kagungan wewenang mbesmi dupa kagem Pangeran Yehuwah, namung para imam tedhakipun Rama Harun ingkang sampun kasucekaken, ingkang wenang mbesmi dupa! Paduka kawula aturi miyos saking papan suci punika. Paduka sampun boten setya malih. Paduka boten badhe angsal kaluhuran saking Pangeran Yehuwah Allah margi saking prakawis punika.”

19. Nanging Sang Prabu Uzia kalawan ngasta bokor padupan arep kekutug, banjur dadi duka. Bareng dukane lagi banget-bangete, palarapane nuli kena lelara saraat ana ing ngarepe para imam ana ing padalemaning Yehuwah kono, ana ing sacedhake misbyah padupan.

20. Imam Agung Azarya lan sakehe imam liyane padha mandheng marang panjenengane, lah Sang Prabu gerah saraat ana ing palarapane. Sang Prabu banjur enggal-enggal diaturi miyos saka ing kono. Sang Prabu piyambak iya tumuli enggal-enggal miyos, awit wus kadhawuhan wewelak dening Pangeran Yehuwah.

21. Sang Prabu Uzia anggone nandhang gerah saraat nganti tumeka ing dina sedane, lan sarehne gerah saraat, banjur manggen ana ing dalem piyambak, amarga kasetrakake saka ing padalemaning Yehuwah. Dene Pangeran Yotam, kang putra, kang mangagengi kraton lan nindakake paprentahan tumrap rakyat ing nagara kono.

22. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Uzia, wiwit wiwitan nganti wekasan, iku katulisan dening Nabi Yesaya bin Amos.

23. Sang Prabu Uzia banjur kepareng aso nunggil karo para leluhure lan disarekake sandhing para leluhure ana ing pategalan sacedhake pasareaning para ratu, awit panjenengane gerah saraat. Mangkono pangucape wong. Dene Pangeran Yotam, kang putra banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.