Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 34 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Yosia. Owah-owahan kang dianakake Sang Prabu Yosia

34:1-7

1. Pangeran Yosia nalika jumeneng ratu yuswa wolung taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase telung puluh siji taun.

2. Sang Prabu nindakake apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah sarta sugenge kaya Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ora nyimpang manengen utawa mangiwa.

3. Ing taun kang kaping wolune paprentahane, nalika panjenengane isih timur, panjenengane wiwit ngupadi marang Gusti Allahe Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ing taun kang kaping rolas Sang Prabu wiwit ngresiki kanajisaning Yehuda lan Yerusalem yaiku nyingkirake tengger-tengger pangurbanan, tugu-tugu brahala, reca-reca tatahan lan reca-reca cithakan.

4. Misbyah-misbyahe para Baal padha dibubrahi ana ing ngarsane; padupan-padupan kang ana ing dhuwure padha diejur-ejur; tugu-tugu brahala padha diremuki lan digecaki, uga reca-reca tatahan lan reca-reca cithakan, nuli disawur-sawurake ing kuburane wong kang padha sesaji kurban marang brahala-brahala iku.

5. Balung-balunge para imam padha diobongi ana ing misbyah-misbyahe. Kaya mangkono anggone Sang Prabu ngresiki kanajisane Yehuda lan Yerusalem.

6. Uga ana ing kutha-kuthane Manasye, Efraim lan Simeon, nganti tekan ing kutha-kuthane Naftali, kang ing kana-kene wis dadi jugrugan,

7. Sang Nata dhawuh mbubrahi sakehe misbyah lan tugu brahala, ngremuki lan nggecaki sakehe reca tatahan sarta nggecaki sakehe padupan ing saindenging tanah Israel. Sawuse mangkono Sang Nata banjur kondur menyang ing Yerusalem.

Kitab Toret ketemu maneh

34:8-33

8. Ing taun kang kaping wolulase paprentahane, sarampunge anggone nucekake nagara lan padalemaning Sang Yehuwah, Sang Prabu nuli dhawuh marang Sang Safan bin Azalya, lan Sang Maaseya, wali kota, sarta Sang Yoah bin Yoahas, hartakaning nagara, supaya padha mbangun padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe.

9. Iku banjur padha sowan marang ing ngarsane Imam Agung Hilkia prelu masrahake dhuwit kang wus kalebokake menyang ing padalemaning Allah lan kang wus kaklumpukake dening para wong Lewi, yaiku para jaga-gapura, saka para wong Manasye lan Efraim, sarta sakehe wong Israel kang isih manggon ana ing kono tuwin uga saka wong Yehuda lan Benyamin apadene saka para wong kang manggon ing Yerusalem.

10. Dhuwit mau nuli kapasrahake marang para wong kang padha diangkat dadi juru rumeksa padalemaning Pangeran Yehuwah; wong iku banjur migunakake dhuwit kanggo ndandani padalemaning Sang Yehuwah.

11. Dhuwite dibayarake marang para tukang kayu lan para tukang bangunan, padha dianggo tuku watu tatahan lan kayu kanggo blandar sarta kanggo ragangane gedhong-gedhong, kang wus rusak lan ora kagalih dening para ratu ing Yehuda.

12. Wong-wong mau anggone padha nindakake pagaweane kalawan tumemen. Anadene wong-wong kang padha kadadekake lelurahe yaiku: Yahat lan Obaja, wong Lewi saka bani Merari; sabanjure kang manggedheni sakabehe iku Zakharia lan Mesulam saka bani Kehat. Sakehe wong Lewi kang pinter ngunekake piranti-piranti musik

13. padha dadi tetindhihe kuli lan nuntun ing sajrone nindakake pagawean apa bae. Ing antarane para wong Lewi iku ana kang dadi juru tulis, lurah lan jaga-gapura.

14. Nalika padha ngetokake dhuwit kang wus kalebokake menyang ing padalemaning Yehuwah, Imam Agung Hilkia manggih kitab Torete Pangeran Yehuwah, kang wus kaparingake lumantar Nabi Musa.

15. Imam Agung Hilkia tumuli ngandika marang Sang Safan, sekretaris nagara: “Kula kala wau manggih kitab Toret wonten ing padalemaning Sang Yehuwah!” Imam Agung Hilkia banjur masrahake kitab iku marang Sang Safan,

16. dene Sang Safan nuli mbekta kitab mau marang ing ngarsane Sang Nata lan uga matur mangkene: “Sadaya dhawuh dalem dhateng para abdi dalem, sampun katindakaken.

17. Arta ingkang wonten ing padalemaning Sang Yehuwah sampun dipun pendhet saha lajeng kapasrahaken dhateng para lurah lan para tukang.”

18. Sang Safan, sekretaris nagara iku uga munjuk marang Sang Prabu: “Imam Agung Hilkia kala wau masrahaken kitab dhateng abdi-dalem kawula.” Sang Safan tumuli maosake saperangan ana ing ngarsane Sang Nata.

19. Bareng Sang Prabu midhanget sabdaning Toret mau, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane.

20. Sawuse mangkono nuli paring dhawuh marang Imam Agung Hilkia, marang Sang Ahikam bin Safan, marang Abdon bin Mikha, marang Sang Safan, sekretaris nagara mau lan marang Sang Asaya, priyagung abdine Sang Prabu, pangandikane:

21. “Padha mangkata, ingsun padha suwunna pitedah marang Pangeran Yehuwah, kanggo para kang isih kari ana ing Yehuda, bab sabdaning kitab kang katemu iki, sabab bebenduning Pangeran Yehuwah nggegirisi banget kang kaesokake marang kita, amarga para leluhur kita padha ora netepi pangandikaning Sang Yehuwah kalawan nindakake trep kaya kang tinulis ing kitab iki!”

22. Imam Agung Hilkia nuli mundur bebarengan karo para priyagung kang padha ngemban dhawuhe Sang Nata, banjur padha tindak menyang ing daleme Nabi Hulda, nabi wanita, semahe lurah reksa busana, yaiku Salum bin Tokhat bin Hasra. Nabi wanita iku daleme ana ing Yerusalem, ana ing pakampungan anyar. Para priyagung mau tumuli padha mratelakake prelune anggone kautus.

23. Wanita iku nuli matur: “Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Sira padha matura marang kang ngutus sira sowan ing ngarsaningSun mangkene:

24. Makaten pangandikaning Sang Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai marang ing panggonan kene lan marang kang padha ngenggoni, yaiku sakehe ipat-ipat kang katulisan ana ing kitab kang wus kawaca ana ing ngarepe ratu ing Yehuda,

25. amarga padha ngungkurake marang Ingsun lan sesaji kurban marang allah liyane; sedyane arep gawe gerahing panggalihingSun sarana sakehe gegaweane tangane. Mulane bebenduningSun kang mulad-mulad bakal kaesokake ing panggonan kene sarta iku ora bakal sirep-sirep.

26. Nanging marang ratu Yehuda kang wus ngutus sira kabeh nyuwun pitedahing Sang Yehuwah, sira padha matura mangkene: Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Mungguh tembung kang wus sira rungu iku

27. ing sarehne sira wus ngatonake panalangsanira lan ngesorake awakira ana ing ngarsaning Allah nalika sira krungu pangandikane tumrap panggonan iki lan tumrap para kang padha ngenggoni, ing sarehne sira ngesorake awakira ana ing ngarsaningSun, lan nyuwek-nyuwek panganggonira sarta nangis ana ing ngarsaningSun, Ingsun ya wus miyarsakake iku, -- makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah --

28. mulane lah sira bakal Suntunggalake kalawan para leluhurira lan sira bakal kakubur ana ing pakuburanira kalawan tentrem, sarta mripatira bakal ora ndeleng marang sakehe bilai kang bakal Sundhatengake marang ing panggonan iki lan marang kang padha manggon ing kene.” Para utusan nuli padha ngaturake pangandika mau marang Sang Prabu.

29. Sawuse iku Sang Nata dhawuh nglempakake sakehe pinituwa ing Yehuda lan ing Yerusalem.

30. Sang Prabu nuli tindak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah, kadherekake ing wong Yehuda lan kang manggon ing Yerusalem kabeh, para imam, para wong Lewi, lan wong sabangsa kabeh, kang gedhe lan kang isih cilik. Sang Prabu banjur maosake wong mau kabeh sakehing sabda ing kitab prajanjian kang katemu ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah mau.

31. Sawuse mangkono Sang Nata tumuli jumeneng ana ing panggenane sarta damel prajanjian ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, manawa bakal manut marang Pangeran Yehuwah, netepi ing pepakene, pranatane lan katetepane kalawan gumolonging atine, tuwin kalawan gumolonging nyawane sarta bakal nindakake sabdaning prajanjian kang katulis ing kitab mau.

32. Sakehe wong ing Yerusalem lan ing Benyamin padha kadhawuhan ndherek manjing ing prajanjian iku. Anadene para wong ing Yerusalem iya padha tumindak manut prajanjianing Allah, yaiku Gusti Allahe para leluhure.

33. Sang Prabu Yosia nyingkirake sakehe dewaning kanisthan ing dhaerahe wong Israel kabeh sarta dhawuh marang sakehe wong kang ana ing tanah Israel supaya padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe. Ing sajege sugenge Sang Prabu Yosia, wong-wong ora padha nyimpang saka anggone manut marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.