Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 14 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Sang Prabu Abia banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta nuli kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Pangeran Asa, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane. Ing nalika jaman paprentahane nagara tentrem lawase sepuluh taun.

Sang Prabu Asa. Sang Zerakh kasoran

14:2-15

2. Anadene Sang Prabu Asa iku nindakake apa kang becik lan bener ana ing paningaling Yehuwah Gusti Allahe.

3. Misbyah-misbyah asing lan tengger-tengger pangurbanan padha kasingkirake, tugu-tugu brahala padha digempuri, sarta saka-saka brahala padha disirnakake.

4. Wong Yehuda padha didhawuhi supaya ngupaya Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure lan supaya padha nglakonana angger-angger lan pepakon.

5. Tengger-tengger pangurbanan lan padupan-padupan ing sakehe kutha ing Yehuda padha disingkirake, dene karajane iya ngalami tentrem ing sajroning kawengku dening panjenengane.

6. Ing sarehne kaanane nagara tentrem lan ora katempuh ing perang ing taun-taun iku, panjenengane saged mbangun kutha-kutha beteng ana ing Yehuda. Pangeran Yehuwah ngganjar katentreman marang panjenengane.

7. Pangandikane Sang Prabu marang wong Yehuda mangkene: “Ayo, kutha-kutha iki padha disantosani, padha dipageri tembok lan didekeki panggungan, gapura saslarak-slarake. Nagara iki isih ana ing tangan kita, amarga kita padha ngupaya marang Yehuwah, Gusti Allah kita sarta Panjenengane ngupaya kita lan maringi marang kita katentreman kang warata.” Tumuli padha tumandang mbangun sarta iku bisa tumindak becik.

8. Para wadya-balane Sang Prabu Asa kang saka ing Yehuda gunggunge telung atus ewu, prajurit kang sikep tameng gedhe lan tumbak, dene kang saka ing Benyamin gunggunge rong atus wolung puluh ewu, prajurit kang sikep tameng cilik, iku wadya-bala panahan. Kabeh iku prawira kang gagah prakosa.

9. Kacarita Sang Zerakh, wong Etiopia, nglurug perang nglawan wong Yehuda kalawan nggawa wadya-bala kehe sayuta lan kareta telung atus. Lakune wus tekan ing Maresa.

10. Sang Prabu Asa banjur miyos mapagake. Pabarisane katata ana ing lebak Zefata, ing sacedhake Maresa.

11. Sang Prabu Asa nuli nyebut marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, kajawi Paduka boten wonten sanesipun malih ingkang saged mitulungi ingkang ringkih nglawan ingkang kiyat. Paduka mugi karsaa mitulungi kawula sadaya, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, amargi kawula sami sumendhe dhumateng Paduka sarta anggen kawula sami majeng nglawan wadya-bala ingkang ageng punika mawi asma Paduka. Dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah kawula sadaya. Paduka sampun ngantos marengaken manungsa gadhah kakiyatan kangge nglawan Paduka!”

12. Pangeran Yehuwah banjur ngawonake para wong Etiopia iku ana ing ngarsane Sang Prabu Asa lan ing ngarepe Yehuda. Wong Etiopia padha keplayu,

13. tumuli kaoyak dening Sang Prabu Asa sawadya-balane nganti tekan ing Gerar. Wong Etiopia akeh kang tiwas, ora ana kang lestari urip, awit padha sirna ana ing ngarsaning Yehuwah lan ana ing ngarepe wadya-balane.

14. Sakehe kutha ing sakubenge Gerar padha kabedhah, amarga kang manggon padha katempuh ing pagirising Yehuwah. Kabeh kutha mau padha kajarahan, awit akeh banget jarahane.

15. Dalasan tendha-tendhane wong kang padha ngingu raja-kaya uga direbut sarta akeh wedhus lan unta kang padha dibandhangi minangka jarahan. Nuli padha bali menyang ing Yerusalem.