Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 27 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Yotam

27:1-9

1. Pangeran Yotam nalika jumeneng ratu yuswane salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun. Kang ibu asma Yerusa, putri putrane Sang Zadhok.

2. Sang Prabu nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah, plek kaya kang dilampahi dening Sang Prabu Uzia, kang rama, mung bae panjenengane ora lumebet ing padalemaning Yehuwah. Nanging rakyat isih terus bae anggone nindakake bab kang gawe rusak.

3. Sang Nata yasa Gapura Luhur ana ing padalemaning Sang Yehuwah lan nganakake pembangunan akeh ing tembok Ofel.

4. Panjenengane uga yasa kutha-kutha ana ing pagunungan ing Yehuda lan beteng-beteng sarta panggung-panggung ana ing alas-alas.

5. Sang Nata perang nglawan ratuning bani Amon, kang tumuli dikawonake satemah ing taun iku uga bani Amon nyaosi marang panjenengane dhuwit satus talenta selaka, gandum sepuluh ewu kor lan sair sapuluh ewu kor. Uga ing taun kang kapindho lan kang katelu bani Amon saos bulubekti samono marang panjenengane.

6. Sang Prabu Yotam dadi santosa, awit sugenge madhep marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe.

7. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yotam, sakehe perange lan lampah-lampahe, lah iku kabeh katulisan ing buku bab para ratu ing Israel lan Yehuda.

8. Nalika jumeneng ratu panjenengane yuswa salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun.

9. Sang Prabu Yotam tumuli kepareng aso nunggil karo para leluhure lan banjur kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Dene Pangeran Akhas, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.