Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 19 Kitab Sutji (JAV)

Sang Yehu, wong sidik, melehake Sang Prabu Yosafat

19:1-3

1. Sang Prabu Yosafat ratu ing Yehuda kondur menyang ing kadhatone ing Yerusalem kalawan wilujeng.

2. Nalika iku Nabi Yehu bin Hanani, wong sidik, tindak manggihi Sang Prabu Yosafat lan munjuk marang panjenengane: “Punapa leres paduka mitulungi tiyang duraka saha memitran kaliyan tiyang ingkang sami sengit dhateng Pangeran Yehuwah? Margi saking prakawis punika Pangeran Yehuwah duka dhateng paduka.

3. Nanging taksik wonten bab-bab ingkang sae ingkang pinanggih wonten ing paduka, amargi paduka nyingkiraken tugu-tugu brahala saking ing nagari punika saha ngupadosi Gusti Allah kalayan temen-temen.”

Sang Prabu Yosafat ngangkat para hakim

19:4-11

4. Sang Prabu Yosafat akedhaton ana ing Yerusalem. Panjenengane tindak mider-mider ing wilayah-wilayah, wiwit saka ing Bersyeba nganti tekan ing pagunungan Efraim kalawan dhawuh supaya rakyat padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

5. Sang Nata uga ngedegake hakim ana ing saindenging nagara, yaiku ing sakehe kutha-beteng ing Yehuda, ing saben kutha.

6. Para hakim iku padha kaparingan piweling mangkene: “Apa kang sira tindakake iku katimbang-timbanga, amarga anggonira padha nindakake pangadilan iku ora kanggo manungsa, nanging kagem Pangeran Yehuwah, kang celak kalawan sira, manawa sira padha nindakake pangadilan.

7. Mulane sira muga padha kalimputana ing rasa wedi marang Sang Yehuwah. Sira padha tumindaka kalawan ngati-ati, awit pratingkah culika, ngeloni utawa nampani besel iku ora tinemu ana ing Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”

8. Ana ing Yerusalem Sang Prabu Yosafat uga ngangkat wong Lewi, para imam lan para leluhuring kulawangsa Israel sawetara padha kadhawuhan aweh putusan ing bab angger-anggering Yehuwah lan ing bab para-padu. Iku padha manggon ana ing Yerusalem,

9. sarta padha didhawuhi mangkene: “Sira kudu padha tumindak kalawan wedi asih marang Pangeran Yehuwah, kalawan setya lan tulusing ati, lire mangkene:

10. Ing saben prakara kang diajokake marang sira dening para sadulurira kang padha manggon ing kutha, yaiku prakara ngwutahake getih, utawa bab angger-angger dhedhawuhan, katetepan lan pranatan, wong-wong iku padha sira elingna, supaya aja nganti kaluputan marang Pangeran Yehuwah, satemah sira lan para sadulurira padha katempuh ing bebendune. Padha tumindaka mangkono, sira ora bakal padha kaluputan.

11. Lah Imam Agung Amarya iku kang sunangkat dadi lelurahira tumrap ing sakehe prakara kang gegayutan karo Gusti Allah lan Zebaja bin Ismael, pangareping turune Yehuda, tumrap sakehe prakara karajan, dene wong Lewi bakal padha mbiyantu sira dadi juru ngatur. Padha tumindaka kalawan kenceng! Muga Pangeran Yehuwah nunggala kalawan wong kang tumemen.”