Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 23 Kitab Sutji (JAV)

1. Nanging ing taun kang kaping pitune Imam Yoyadha nggemblengake tekade nganakake pasarujukan karo para panggedhening wadya-bala satus, yaiku: Azarya bin Yeroham, Ismael bin Yohanan, Azarya bin Obed, Maaseya bin Adaya lan Elisafat bin Zikhri.

2. Iku padha mider-mider ing tanah Yehuda lan nglumpukake para wong Lewi ing sakehe kutha ing Yehuda lan para tetindhihing kulawangsane wong Israel, iku padha teka ing Yerusalem kabeh.

3. Wong sapasamuwan iku kabeh banjur padha gawe prajanjian karo Sang Prabu ana ing padalemaning Allah. Imam Yoyadha ngandika marang wong-wong mau: “Delengen, iki putrane Sang Nata! Kareben panjenengane ngasta paprentahan, kaya kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah tumrap para tedhake Sang Prabu Dawud.

4. Iki kang kudu padha koktindakake: Panunggalanmu, yaiku kang wus rampung anggone nglakoni kawajibane ing dina Sabat, imam utawa wong Lewi, iku kang sapratelon padha dadia jaga gapura,

5. sapratelon maneh padha mapana ana ing kadhaton, lan kang sapratelon ana ing Gapura Dhasar, dene rakyat kabeh padha anaa ing plataraning padalemane Sang Yehuwah.

6. Sapa bae ora kena lumebu ing padalemaning Yehuwah, kajaba para imam lan para wong Lewi kang lagi nindakake kawajibane. Iku kena lumebu, awit iku padha suci, nanging rakyat kabeh kudu padha netepi pranataning Yehuwah.

7. Para wong Lewi padha anaa ing sakubenge Sang Prabu, siji-sijine sikepa gegaman, lan sapa bae kang lumebu ing padaleman iku kapatenana, sarta manawa Sang Prabu miyos utawa lumebet, iku dherekna.”

8. Para wong Lewi lan wong Yehuda kabeh padha nglakoni apa sadhawuhe Imam Yoyadha kabeh; siji-sijine nggawa wong-wonge kang wus rampung anggone nindakake kawajibane ing dina Sabat bebarengan karo para wong kang lumebu prelu nindakake kawajibane ing dina iku, awit golongan-golongan iku ora ana kang diliburake dening Imam Yoyadha.

9. Imam Yoyadha nuli maringi tumbak marang para tetindhihing wadya-bala satus mau, lan tameng cilik sarta tameng gedhe, kagungane Sang Prabu Dawud, kang ana ing padalemaning Allah.

10. Panjenengane mapanake rakyat kabeh kalawan padha sikep gegaman tumbak wiwit ing sisih tengene padaleman nganti tekan ing sisih kiwaning padaleman kalawan ngubengi misbyah lan padaleman mau prelu ngayomi Sang Nata.

11. Sawuse mangkono Imam Yoyadha lan para putrane banjur ngaturi miyos Sang Rajaputra, kang tumuli diagemi makutha lan dicaosi angger-anggering Allah, nuli padha njumenengake panjenengane dadi ratu sarta njebadi panjenengane lan banjur padha alok: “Sugenga Sang Prabu!”

12. Bareng Sang Putri Atalya miyarsa alok-aloke rakyat kang padha mlayu-mlayu marani lan ngluhurake Sang Nata, panjenengane tumuli tindak manggihi rakyat iku menyang ing padalemaning Yehuwah.

13. Banjur mirsa Sang Nata jumeneng ing sacedhake sakane ing dalan lumebu lan para panggedhe sarta para kang nggawa kalasangka ana ing sacedhake Sang Prabu, dene rakyat ing nagara kabeh padha abungah-bungah karo ngunekake kalasangka, sarta para juru ngidung padha nuntun kang ngrepekake kekidungan pepujian kalawan nyekel piranti-pirantining musik. Sang Putri Atalya banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kambi alok: “Kiyanat, kiyanat!”

14. Nanging Imam Yoyadha tumuli dhawuh marang para panggedhening wadya-bala satus supaya padha metu, yaiku para wong kang dadi tetindhihing wadya-bala sarta padha dipangandikani: “Wong iku gawanen metu saka ing satengahe pabarisan! Sapa kang mbelani patenana kalawan pedhang!” Sabab wus ana dhawuhe imam mau: “Aja kokpateni ana ing padalemaning Yehuwah!”

15. Sang putri nuli kacepeng lan bareng tindake tekan ing dalem lumebu ing kraton, ing gapura jaran, banjur disedani ana ing kono.

16. Imam Yoyadha nuli damel prajanjian ing antarane panjenengane kalawan rakyat kabeh karo Sang Prabu, manawa kabeh padha dadi umating Yehuwah.

17. Sawuse mangkono rakyat kabeh tumuli lumebu ing omah pepundhen Baal, iku banjur karubuhake; misbyah-misbyahe lan reca-recane padha diremuki; Matan, imame Baal, dipateni ana ing sangarepe misbyah-misbyah mau.

18. Imam Yoyadha nuli masrahake kawajiban rumeksa padalemaning Yehuwah marang para imam lan para wong Lewi, kang wus kapantha-pantha dening Sang Prabu Dawud kanggo pagawean ing sajroning padalemane Pangeran Yehuwah, yaiku saos kurban obaran marang Sang Yehuwah -- kaya kang katulisan ing Torete Nabi Musa -- kanthi asumyak-sumyak lan kalawan kekidungan manut pitedhahe Sang Prabu Dawud.

19. Imam Yoyadha uga mranata para kang kadhawuhan jaga lawanging gapura-gapura ing padalemaning Yehuwah, supaya aja nganti ana wong kang lumebu, kang nandhang sadhengaha najis.

20. Sawuse iku para panggedhening rakyat lan rakyat ing nagara kabeh padha kaajak ndherekake Sang Prabu mandhap saka ing padalemaning Yehuwah: banjur padha lumebu ing kadhaton ngliwati gapura Luhur, tumuli nglenggahake Sang Prabu ing dhamparing karajan.

21. Rakyat sanagara kabeh padha abungah-bungah sarta kaananing nagara banjur tentrem, sawuse Sang Putri Atalya disedani kalawan pedhang.