Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 21 Kitab Sutji (JAV)

1. Wasana Sang Prabu Yosafat kepareng aso nunggil karo para leluhure, lan banjur kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Dene Pangeran Yoram, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

Sang Prabu Yoram

21:2-20

2. Anadene para sadhereke, para putrane Sang Prabu Yosafat, yaiku: Pangeran Azarya, Pangeran Yehiel, Pangeran Zakharya, Pangeran Azariahu, Pangeran Mikhael lan Pangeran Sefaca. Iku kabeh padha putrane Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda.

3. Kabeh padha tampa peparing akeh saka kang rama, arupa emas, selaka lan barang-barang kang pangaji, uga kutha-kutha beteng ing Yehuda. Mung bae kalenggahaning ratu kaparingake marang Pangeran Yoram, amarga iku putra pambajeng.

4. Bareng Sang Prabu Yoram ngasta paprentahan ing karajane kang rama lan rumaos santosa, Sang Prabu banjur nyedani para sadhereke kabeh kalawan pedhang, uga para panggedhening Israel sawatara.

5. Sang Prabu Yoram yuswa telung puluh loro taun nalika jumeneng ratu iku lan anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase wolung taun.

6. Sugenge ngenut lampah-lampahe para ratu ing Israel kaya tindake brayate Sang Prabu Akhab, amarga garwane iku putri putrane Sang Prabu Akhab. Kang dilampahi iku apa kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah.

7. Nanging sanadyan mangkono Pangeran Yehuwah ora karsa nyirnakake tedhake Sang Prabu Dawud marga saka anane prajanjian kang dianakake kalawan Sang Prabu Dawud, laras karo anggone prajanji, manawa Panjenengane bakal paring turun marang Sang Prabu Dawud dalah satedhak turune nganti ing salawas-lawase.

8. Ing nalika jamane Sang Prabu Yoram, Edom mbalela marang pangwasane Yehuda lan banjur njumenengake ratu dhewe.

9. Sang Prabu Yoram dalasan para panggedhening wadya-balane lan sakehe kretane padha maju perang; ing wayah bengi Sang Nata wungu sarta kalawan kadherekake para tetindhihing wadya-bala kretan panjenengane nuli nrobos pabarisane wong Edom kang ngepung.

10. Kaya mangkono Edom anggone mbalela marang pangwasane Yehuda lan banjur mardika nganti saprene. Ing nalika samana Libna uga mbalela marang pangwasane Yehuda. Mulane mangkono sabab Sang Nata nilar Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

11. Sarta maneh panjenengane yasa tengger-tengger pangurbanan ana ing gunung-gunung ing tanah Yehuda. Wong kang padha manggon ing Yerusalem padha dibujuk supaya laku jina lan wong Yehuda padha disasarake.

12. Nuli ana layang kang diaturake marang panjenengane saka Nabi Elia kang mangkene surasane: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Ing sarehne sira ora lumaku ing dalane Yosafat, bapakira lan Asa, ratu ing Yehuda,

13. nanging ngenut ing lakune para ratu ing Israel lan mbujuk Yehuda lan para wong ing Yerusalem supaya laku jina, padha kaya kang ditindakake dening brayate Akhab, mangkono uga sarehne sira wus mateni para sadulurira, sakehe turune bapakira kang luwih becik tinimbang karo sira,

14. mulane Pangeran Yehuwah bakal ndhatengake wewelak gedhe marang rakyatira, anak-anakira, para bojonira, apadene marang sakehe barang darbekira.

15. Dene sira dhewe bakal nandhang lelara kang nggegirisi, sawijining lelara usus, satemah manawa wis sawetara mangsa ususira bakal metu marga saka lelara iku.”

16. Pangeran Yehuwah banjur nenangi atine wong Filisti lan wong Arab kang manggon cedhak karo wong Etiopia supaya padha nglawan Sang Prabu Yoram.

17. Iku nuli padha nglurug nglawan Yehuda, padha lumebu mrono lan ngusungi sakehe barang darbe kang tinemu ana ing kratone Sang Prabu, minangka jarahan, uga para putra lan para garwane, satemah ora ana putra siji bae kari kajaba Pangeran Yoas, putrane kang wuragil.

18. Sawuse iku kabeh kelakon Pangeran Yehuwah banjur ndhawahake wewelak marang Sang Nata arupa lelara usus, kang ora bisa mari.

19. Let sawetara mangsa, kira-kira sawuse rong taun, ususe padha metu marga saka gerahe mau, wasana banjur seda kalawan nandhang rekaos kang nggegirisi. Rakyate ora ngurubake geni kagem panjenengane kayadene kang katindakake kagem para leluhure.

20. Nalika jumeneng ratu panjenengane yuswa telung puluh loro taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase wolung taun. Sedane ora ana kang nangisi. Anggone nyarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, nanging ora ana ing pasareane para ratu.