Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 30 Kitab Sutji (JAV)

Sang Prabu Hizkia ngriyayakake Paskah

30:1--31:1

1. Sawuse mangkono Sang Prabu Hizkia banjur utusan marang wong Israel lan wong Yehuda kabeh, malah iya damel serat marang Efraim lan Manasye, supaya padha teka ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel, ana ing padalemaning Sang Yehuwah ing Yerusalem.

2. Sang Nata lan para panggedhe sarta wong sapasamuwan ing Yerusalem kabeh padha ngrancang bakal ngriyayakake Paskah ing sasi kapindho,

3. amarga ora padha bisa ngriyayakake ing wektu apa mesthine, jalaran para imam kang nucekake awake cacahe durung nyukupi sarta rakyat durung nglumpuk ana ing Yerusalem.

4. Sang Prabu karsa nampeni rancangan iku, samono uga wong sapasamuwan kabeh.

5. Nuli padha mutus nggiyarake pangumuman ing satanah Israel kabeh, wiwit Bersyeba nganti tekan ing Dhan supaya padha tekaa ing Yerusalem prelu ngriyayakake Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, amarga durung padha ngriyayakake kanthi patrap kang umum kaya kang wus katulis.

6. Para utusan tumuli padha mangkat rerikatan menyang ing saindenging tanah Israel lan Yehuda kalawan nggawa layang saka Sang Prabu lan para panggedhe sarta padha mratelakake miturut dhawuhe Sang Prabu mangkene: “He, wong Israel, padha balia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Eyang Abraham, Iskak lan Israel, Panjenengane mesthi iya banjur bakal wangsul marang panunggalanmu kang isih kari, yaiku kang padha bisa oncat saka ing astane para ratu ing Asyur.

7. Aja padha tumindak kaya para leluhurmu lan para sadulurmu kang padha ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, satemah banjur ngalami rusak nggegirisi kaya kang wus padha kokdeleng dhewe iku.

8. Lah saiki aja padha ngakokake githokmu, kaya para leluhurmu. Masrahna awakmu marang Pangeran Yehuwah lan padha menyanga ing pasucen kang wus kasucekake kanggo ing salawas-lawase sarta padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya bebendune kang mulad-mulad sumingkira saka ing kowe kabeh.

9. Amarga manawa kowe padha bali marang Pangeran Yehuwah, para sadulurmu lan anak-anakmu bakal oleh sih-piwelas saka wong-wong kang padha nawan, satemah padha bali menyang ing nagara kene. Amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat asih lan welasan: Panjenengane ora bakal ngengokake wedanane saka kowe, manawa kowe padha bali marang Panjenengane.”

10. Nalika para utusan-kilat iku padha mider-mider ing kutha-kutha, ngliwati tanah Efraim lan Manasye nganti tekan ing Zebulon, padha digeguyu lan dipoyoki.

11. Nanging panunggalane wong Asyer, Manasye lan Zebulon ana sawatara kang ngesorake awake lan padha teka ing Yerusalem.

12. Ana ing Yehuda pranyata manawa astane Gusti Allah nggemblengake atine wong-wong anggone padha nglakoni dhawuhe Sang Prabu sarta para panggedhe, cundhuk karo pangandikaning Yehuwah.

13. Wong akeh kang nglumpuk ana ing Yerusalem, nganti dadi pasamuwan kang gedhe banget, padha ngriyayakake dina gedhe mangan roti tanpa ragi ing sasi kang kapindho.

14. Nuli padha tumandang nyingkirake misbyah-misbyah kang ana ing Yerusalem; uga sakehe misbyah kurban padupan disingkirake lan kabuwang menyang ing Lebak Kidron.

15. Sawuse iku banjur padha nyembeleh wedhus gembel Paskah ing tanggal patbelas sasi kapindho. Para imam lan para wong Lewi padha rumangsa isin, tumuli padha nucekake awake sarta nggawa kurban obaran menyang ing padalemaning Yehuwah.

16. Padha ngadeg ing papane manut pranatan kang tumindak kanggo wong-wong iku dhewe-dhewe, nocogi Torete Nabi Musa, abdining Allah; para imam padha nyiramake getih kang digawa dening para wong Lewi.

17. Ing sarehne ing satengahe pasamuwan akeh kang ora nucekake awake, satemah dadi kawajibane wong Lewi nyembeleh wedhus-wedhus gembel Paskah kanggo saben wong kang ora nucekake awake kagem Pangeran Yehuwah, marga padha najis.

18. Amarga rakyat -- kang akeh saka Efraim, Manasye, Isakhar lan Zebulon -- akeh banget kang ora nucekake awake. Ewadene padha mangan Paskah, sanadyan ora cocog karo apa kang katulis. Nanging Sang Prabu Hizkia ndongakake wong-wong mau, unjuke: “Pangeran Yehuwah, ingkang asih-darma, mugi karsaa paring pangapunten dhateng

19. sakathahing tiyang ingkang kalayan saestu anggenipun gadhah kekajengan madosi Gusti Allah, inggih punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allahing para leluhuripun, sanadyan kasucenipun boten timbang kaliyan papan pasucen.”

20. Pangeran Yehuwah midhangetake marang Sang Prabu Hizkia lan bangsa iku kepareng lestari slamet.

21. Pitung dina lawase wong Israel kang ana ing Yerusalem anggone padha ngriyayakake dina gedhe mangan roti tanpa ragi kalawan kabungahan kang gedhe, dene para wong Lewi lan para imam saben dina padha ngrepekake kidung pepujian kagem Pangeran Yehuwah kalawan ngetog kakuwatan.

22. Sang Prabu Hizkia paring pangalembana marang sakehe wong Lewi kang anggone leladi marang Pangeran Yehuwah kanthi wasis. Kaya mangkono anggone wong-wong padha mangan pangan riyaya ing sajrone pitung dina, kambi saos kurban slametan sarta ngunjukake panuwun marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

23. Sawuse iku wong sapasamuwan kabeh padha saiyeg nerusake riyayane pitung dina engkas. Banjur padha pista pitung dina engkas kalawan seneng.

24. Amarga Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, paring pasumbang marang pasamuwan awujud sapi lanang sewu lan wedhus pitung ewu. Para panggedhe uga padha nyumbang marang pasamuwan sapi lanang sewu lan wedhus sapuluh ewu. Sarta para imam wis akeh banget kang padha nucekake awake.

25. Wong sapasamuwan ing Yehuda padha sumyak-sumyak, uga para imam lan para wong Lewi, lan wong sapasamuwan kabeh kang padha teka saka ing tanah Israel, sarta para wong ngamanca, kang teka saka ing tanah Israel lan kang manggon ing Yehuda.

26. Kabungahan kang tinemu ana ing Yerusalem gedhe banget, awit wiwit jamane Sang Prabu Suleman, putrane Sang Prabu Dawud, ing Yerusalem ora tau ana lelakon kang kaya mangkono iku.

27. Sawuse mangkono para imam Lewi padha ngadeg lan mberkahi rakyat. Swarane kapiyarsakake dening Pangeran Yehuwah lan pandongane sumengka marang ing padalemane kang suci ing swarga.