Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 7 Kitab Sutji (JAV)

Geni tumurun saka ing langit; kidung pamuji

7:1-3

1. Bareng Sang Prabu Suleman wus mungkasi pandongane, nuli ana geni kang tumurun saka ing langit kang mangsa kurban obaran lan kurban-kurban sembelehan nganti tapis, sarta padaleman mau banjur kapenuhan ing kamulyane Sang Yehuwah.

2. Para Imam padha ora bisa lumebu ing padalemane Pangeran Yehuwah, amarga kamulyane Sang Yehuwah ngebeki padaleman kono.

3. Nalika wong Israel kabeh padha sumurup geni kang tumurun lan kamulyane Sang Yehuwah kang nglimputi padaleman mau, banjur padha jengkeng ana ing jrambah, raine konjem ing bumi, tumuli padha sujud nyembah sarta padha ngrepekake kidung pamuji sokur kagem Pangeran Yehuwah: “Marga Panjenengane iku becik! Sih-kadarmane iku pranyata langgeng ing salawase.”

Kurban paresmian lan riyaya

7:4-10

4. Sang Prabu Suleman lan sabangsa kabeh banjur padha ngunjukake kurban sembelehan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

5. Minangka kurban sembelehan Sang Prabu Suleman nyaosake sapi rolikur ewu lan wedhus satus rong puluh ewu. Kaya mangkono anggone Sang Prabu lan wong sabangsa kabeh padha ngresmekake padalemaning Allah.

6. Para imam wus padha mapan ana ing panggonane. Samono uga para wong Lewi iya wus padha samekta piranti-piranti musik kanggo ngluhurake Pangeran Yehuwah, yaiku -- piranti-piranti musik yasane Sang Prabu Dawud kanggo ngiringi kidung panuwun konjuk marang Sang Yehuwah: “Sih-kadarmane iku pranyata langgeng ing salawase!” yaiku samangsa Sang Prabu Dawud dhawuh supaya padha ngidungake pepujian. Manawa pinuju mangkono iku para imam padha ngadeg ngadhepake wong-wong mau kambi ngunekake kalasangka, dene wong Israel padha ngadeg kabeh.

7. Sang Prabu Suleman banjur nucekake tengah-tengahe plataran ing sangarepe padalemaning Yehuwah, amarga sakehe kurban obaran lan gajih kurban slametan padha kaupakara ana ing kono, awit misbyahe tembaga yasane Sang Prabu Suleman ora kamot manawa kanggo kurban obaran lan kurban dhaharan sarta sakehe gajih kurban mau.

8. Ing nalika iku uga Sang Prabu Suleman nganakake riyaya tancebing tarub suwene pitung dina dalah wong sabangsa kabeh, sawijining pasamuwan kang luwih dening gedhe, wiwit dalan kang lumebu menyang ing kutha Hamat nganti tekan ing kali Mesir.

9. Ing dina kang kaping wolu padha nganakake parepatan agung, amarga mentas padha ngriyayakake paresmiane misbyah lawase pitung dina lan riyaya tancebing tarub lawase pitung dina.

10. Ing dina kang kaping telulikur, sasi kang kapitu wong kabeh padha kalilan mundur mulih menyang ing tarube kalawan bungah lan seneng awit saka kadarman kang wus kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang Sang Prabu Dawud, marang Sang Prabu Suleman, sarta marang wong Israel, umate.

Pangeran ngatingal kang kaping pindhone marang Sang Prabu Suleman

7:11-22

11. Kaya mangkono anggone Sang Prabu Suleman ngrampungake padalemaning Yehuwah lan kadhatone Sang Prabu sarta anggone wus saged ngleksanani samubarang kabeh kang tuwuh ing sajroning panggalihe ing bab anggone karsa yasa padalemaning Yehuwah lan kadhatone.

12. Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ing wayah bengi ngatingal marang Sang Prabu Suleman lan ngandika marang panjenengane mangkene: “Pandonganira wus Sunpiyarsakake sarta panggonan iki wus Sunpilih kagem Ingsun minangka dalem pangorbanan.

13. Manawa Ingsun nginebake langit, satemah banjur ora ana udan, lan manawa Ingsun dhawuh marang walang-walang supaya padha mangsa pametuning bumi nganti tapis, sarta manawa Ingsun ndhatengake pageblug ana ing satengahe umatingSun,

14. mangka umatingSun kang sesebutane kapirid saka ing asmaningSun, iku tumuli ngesorake awake, ndedonga lan ngupaya marang wedananingSun sarta banjur mratobat ngunduri lakune kang ala, Ingsun bakal miyarsakake saka ing swarga lan ngapura marang dosane, apadene nagarane bakal Sunpulihake.

15. Saiki paningalingSun mirsani lan talinganingSun nilingake pandonga saka ing panggonan kene.

16. Padaleman iki saiki wus Sunpilih lan Sunsucekake, supaya asmaningSun lestari ana ing kono nganti ing salawase; paningalingSun lan panggalihingSun tansah bakal ana ing kono.

17. Anadene sira, manawa lakunira ana ing ngarsaningSun kayadene Dawud, bapakira lan nindakake apa kang cundhuk karo sakehe dhedhawuhaningSun marang sira, sarta manawa sira lestari manut miturut marang sakehe katetepan lan pranataningSun,

18. Ingsun bakal nyantosakake dhamparing karajanira laras karo prajanjian kang wus Sunanakake karo Dawud, bapakira, wiraose: Turunira, kang nyekel paprentahan ing Israel, bakal ora ana pedhote.

19. Nanging manawa sira padha mungkur lan ninggal sakehe katetepan lan dhawuhingSun kang wus Sunparingake marang sira sarta banjur lunga ngabekti marang allah liyane tuwin sujud lan nyembah marang iku,

20. sira bakal Sunbethot saka ing buminingSun kang wus Sunparingake marang sira, sarta padaleman kang wus Sunsucekake kagem asmaningSun iki bakal Sunbucal saka ing ngarsaningSun tuwin bakal Sundadekake pocapan lan pepoyokan ana ing antarane sakehing bangsa,

21. apamaneh saben wong kang liwat padaleman kang banget anggone kaluhurake iki, bakal gumun lan ngucap: Apa ta sababe dene Pangeran Yehuwah nganti nandukake kang mangkene iki marang nagara kene lan marang padaleman iki?

22. Nuli bakal ana kang kandha: Amarga wong-wong padha ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, kang wus ngirid metu saka ing tanah Mesir lan padha rumaket marang allah liyane, lan sujud sarta nyembah marang iku lan ngabekti marang iku. Iya iku sababe anggone Panjenengane banjur ndhatengake sakehe bilai iki marang wong-wong mau.”