Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 21 Kitab Sutji (JAV)

Pedhange Sang Yehuwah nglawan Yerusalem

21:1-27

1. Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira marepa menyang ing Yerusalem lan ngucapna panyendhu kang akeh marang papane kang suci sarta medhara wangsit kang nglawan tanah Israel.

3. Tanah Israel kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal nglawan sira lan bakal ngunus pedhangingSun saka ing warangkane tuwin banjur nyirnakake wong kang bener lan kang duraka saka ing tengahira.

4. Sarehne Ingsun arsa nyirnakake wong kang bener lan kang duraka saka ing tengahira, mulane pedhangingSun bakal kaunus saka ing warangkane banjur nglawan sakehing manungsa wiwit saka ing kidul nganti tekan ing lor.

5. Ing kono wong kabeh bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah ngunus pedhangingSun saka ing warangkane sarta ora bakal kawarangkakake maneh.

6. Anadene sira anaking manungsa, sesambata! Sira sesambata ana ing ngarepe wong-wong mau kaya wong kang tugel bangkekane lan kang ana ing sajroning kasangsaran kang pait.

7. Dene manawa padha takon marang sira: Yagene kowe sesambat? Wangsulana: Marga saka ana pawarta! Manawa pawarta iku wus sumebar, saben wong atine bakal remuk lan sakehe tangan dadi jimpe, sakehe semangat ilang lan sakehe wong padha giris nganti kapoyuh-poyuh. Lah iku bakal teka lan mesthi bakal kelakon. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

8. Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

9. “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan pratelakna: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Pedhang! Pedhang! Kang wus diasah lan uga wus kagebeg!

10. Diasah kanggo ngwutahake getih lan kagebeg supaya kelap-kelap kaya kilat. Apa aku kabeh bakal padha bungah-bungah? -- Tekene putraningSun iku ngremehake sawernane kayu!

11. Pedhang iku kapasrahake supaya kagebeg lan kena dianggo; pedhang iku kaasah lan kagebeg nuli kawenehake marang ing tangane si juru memateni.

12. Jerit-jerit lan nangisa, he anaking manungsa! Amarga pedhang iku kanggo nglawan umatingSun tuwin nglawan sakehing panggedhening Israel; wong-wong iku lan umatingSun padha bareng kamangsa ing pedhang. Mulane sira ceblek-cebleka cethik minangka tandhaning kasusahan.

13. Awit wis kelakon cinoba lan ora ana siji bae kang bisa tahan. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

14. Anadene sira anaking manungsa, medhara wangsit lan keplok-keploka, pedhang iku cikben dadi tikel loro, tikel telu. Iku pedhang kanggo memateni, pedhang kanggo mateni gedhen-gedhenan, kang mider-mider nyirnakake wong-wong mau,

15. supaya padha remuk atine lan kang tumeka ing pati wuwuh-wuwuh ana ing ngarepe saben gapurane. Ingsun kang dhawuh ngwutahake getih kalawan pedhang iku. Adhuh, pedhange iku kagawe kayadene kilat lan digebeg kanggo ngwutahake getih.

16. Medhanga manengen, mangiwa, menyanga ngendi bae arepira.

17. Sarta Ingsun uga bakal akeplok-keplok tuwin bentering panggalihingSun banjur wus lilih. Ingsun Yehuwah kang mangandikakake iku.”

18. Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

19. “He, sira anaking manungsa, nggambara dalan loro kang bakal diliwati ing pedhange ratu ing Babil, loro-lorone iku saka nagara siji. Sira masanga plang-dalan ing wiwitane dalan kang ngener menyang ing saben kutha.

20. Sira nggambara dalan kang kanggo liwat pedhang mau anggone banjur nglawan Raba, kutha-karajane bani Amon lan nglawan Yehuda, marang beteng Yerusalem.

21. Amarga ratu ing Babil bakal ana ing dalan simpangan kono, yaiku ing wiwitane dalan loro mau, prelu arep nindakake patenungan. Panahe dikrocok, terafim dijaluki pituduh lan atining kewan katiti-priksa.

22. Tangane tengen banjur oleh panah patenungan tumrap Yerusalem: swarane wong kang mateni lan ngucapake pekik pertempuran supaya keprungua lan nuli masang totog-totog gapura sarta ngundhug-undhug lemah minangka tembok pangepungan tuwin ngedegake beteng pangepungan.

23. Nanging tumrap wong-wong mau, iku kaaranan patenungan apus-apusan, sanadyan padha nglairake sumpah kang dakik-dakik, nanging wong iku eling marang kaluputane wong mau, mulane banjur padha dicekel.

24. Awit saka iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne anggonira padha nglakoni kaluputanira iku njalari banjur kelingan marga saka kawiyake panerakira iku, satemah dosa-dosanira ing sajrone sakehing panggawenira tumuli padha kasumurupan, ing sarehne sira banjur padha dadi kelingan maneh, mulane sira bakal padha dicekel kalawan kekerasan.

25. Anadene sira, he ratu ing Israel, wong duraka kang ala, kang wus tumeka ing titimangsanira tampa pangadilan kang wekasan,

26. mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Serbanira sira singkirna lan mbuwanga makuthanira! Kaanan saiki iki ora ana kang tetep, kang endhek kadhuwurake, kang dhuwur kudu kaendhekake.

27. Reruntuhan, reruntuhan, bakal Sundadekake reruntuhan! Iki uga bakal ora lestari mangkono, nganti sarawuhe kang kagungan wewenang marang iku, kang bakal Sunparingake iku.”

Pedhange Sang Yehuwah nglawan bani Amon

21:28-32

28. “Anadene sira, he anaking manungsa, medhara wangsit lan mratelakna: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap bani Amon sarta panacade marang wong-wong iku: Pedhang, pedhange wus kaunus kanggo ngwutahake getih, wus kagebeg kanggo nyirnakake lan supaya gilap kaya kilat --

29. ing nalika iku wong nyumurupi wahyu-wahyu kang goroh tumrap sira lan nandukake patenungan apus-apusan marang sira -- supaya banjur katamakake ing gulune para wong kang duraka lan ala, kang wus tumeka ing waktune bakal tampa pangadilan kang wekasan.

30. Warangkakna maneh iku! Ingsun bakal ngukum sira ana ing panggonanira katitahake sarta ana ing nagara asalira.

31. Ingsun bakal ngesokake bebenduningSun marang sira kabeh lan nyemburake genining dedukaningSun sarta sira bakal Sunpasrahake ing tangane para wong kang tanpa pikiran kang nuwuhake karusakan.

32. Sira bakal dadi memangsaning geni, getihira bakal wutah ana ing satengahing tanah kono tuwin sira bakal ora kaelingan maneh, sabab Ingsun, Yehuwah kang mangandikakake iku.”