Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 7 Kitab Sutji (JAV)

Kawusananing Yerusalem

7:1-27

1. Sawuse mangkono ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira kandhaa: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang tanah Israel: Wus tumeka ing wekasane! Tanah ing keblat papat wus tumeka ing wekasane!

3. Saiki wus tumeka ing wekasanira lan Ingsun bakal ngesokake bebenduningSun marang sira, lan sira bakal Sunadili laras kalawan panggawenira sarta Ingsun bakal males marang sakehing tumindakira kang nistha.

4. Ingsun ora bakal rumaos eman tumrap sira tuwin ora bakal nandukake kawelasan, nanging Ingsun bakal males marang sira cundhuk kalawan tumindakira, lan panggawenira kang nistha, iku bakal tumempuh marang sira sarta sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.”

5. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Lah, bilai kasusul bilai, iku bakal nekani!

6. Wus tumeka ing wekasanira, kaya-kaya jumedhul nglawan marang sira, delengen tekane!

7. Kasangsaran nekani sira, he para kang manggon ing tanah! Wus tumeka ing wektune, wus tumeka ing dinane! Dinaning pageger, dudu swaraning surak-surak ana ing gunung-gunung.

8. Saiki Ingsun enggal-enggal bakal ngesokake dedukaningSun marang sira lan ngatogake bebenduningSun marang sira, Ingsun bakal ngadili sira laras kalawan tumindakira lan males sakehing panggawenira kang nistha.

9. Ingsun ora bakal rumaos eman lan ora bakal nandukake kawelasan; sira bakal Sunwales cundhuk kalawan panggawenira lan tumindakira kang nistha bakal tumempuh marang sira. Sira banjur bakal sumurup, yen Ingsun, Yehuwah kang nyirnakake.

10. Lah sanyata wus tumeka ing dinane: bilai bakal tumempuh, gebuge wus semi, piangkuhe wus kembang,

11. panganiaya wus thukul dadi gitik kang tumrap ing duraka; wong-wonge ora ana kang kari, apa-apane, iya kaluberane, iya kamulyane, entek sakaluhurane pisan.

12. Wus tumeka ing wektune, wus meh tumeka ing dinane. Sing tuku aja bungah, sing adol aja susah, awit bebendu kang murub tumempuh marang sagolongane kabeh kang rame iku.

13. Amarga kang adol ora bakal mbaleni dodolane, sanadyan bokmanawa isih urip, sabab bebendu kang murub tumempuh marang sagolongane kabeh kang rame iku lan ora kena diduwa sarta ora ana wong kang bisa ngukuhi nyawane marga saka kaluputane.

14. Ngunekna kalasangka lan samubarang kabeh padha cawisna! Nanging ora ana wong siji-sijia kang maju perang, amarga bebenduningSun kang mulad-mulad tumempuh marang sakehing karameane.

15. Ing jaban kutha pedhang, ing jero kutha pageblug lan kaliren! Sing sapa ana ing jaban kutha bakal mati dening pedhang, lan sing sapa ana ing jero kutha bakal tumpes marga kaliren utawa dening pageblug.

16. Lan sanadyan bokmanawa panunggalane ana kang bisa oncat, iku bakal padha manggon ana ing gunung-gunung kaya manuk perkutut ing lembah-lembah, kabeh padha nggluruh-nggluruh awit saka pialane dhewe.

17. Sakehing tangan padha lemes lan kabeh wong padha kepoyuh-poyuh marga saking wedine.

18. Kabeh bakal padha manganggo bagor, bakal padha kalimputan ing rasa kaget, bakal padha kalimputan ing wirang lan sirahe padha ngundhul kabeh.

19. Salakane dibuwangi ing lurung lan emase bakal kaanggep najis. Emase lan salakane ora bisa ngluwari wong-wong mau ing dina bebendune Pangeran Yehuwah. Bakal padha ora bisa maregi lan ora bisa ngiseni wetenge. Sabab iku dadi sandhungan kang njalari tumibane ing kaluputan.

20. Wong-wong mau padha ngrerengga awake kalawan emase lan salakane lan endahing rerenggane iki dadi jalaraning gumunggung. Emas lan salaka dianggo gawe reca-recane kang nistha lan dewa-dewane kang najisake. Awit saka iku emase lan salakane bakal Sundadekake nenajis tumrap wong-wong iku.

21. Iku bakal Sunulungake dadi jarahan marang tangane para wong manca lan dadi rayahan marang wong duraka ing bumi iki, sarta bakal kanajisake.

22. Ingsun bakal mlengos ora mirsani wong-wong iku, lan para wong ambek siya bakal najisake padalemaningSun kang aji, bakal dileboni lan dinajisake,

23. sarta kasirnakake.Sabab nagara iku kapenuhan ing utang getih, lan kutha iku kebak panganiaya.

24. Bangsa-bangsa kang ambek siya dhewe bakal Suntogake bae anggone padha teka, iku bakal padha ngebeki omahe; Ingsun bakal mungkasi gumunggunge, kang tuwuhe marga saka kakuwatane iku, sarta papan-papane pasucen bakal kanajisake.

25. Padha tinempuh ing pagiris lan banjur padha ngupaya slamet, nanging ora bisa oleh.

26. Kasangsaran bakal gilir-gumanti tekane, pakabaran bakal sumebar susul-sumusul. Padha kepengin oleh wahyu saka nabi, piwulanging imam ilang, uga pituture para pinituwa.

27. Ratu bakal nandhang prihatin lan panggedhe bakal kalimputan ing rasa geter sarta tangane sakehe wong kang manggon ing nagara bakal lemes marga saka wedi. Ingsun bakal nandukake marang wong-wong iku kang cundhuk karo panggawene lan Ingsun bakal ngadili laras karo patrap anggone padha ngadili. Ing kono wong-wong iku bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.”