Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 37 Kitab Sutji (JAV)

Tangine Israel

37:1-14

1. Aku banjur kalimputan ing pangwaose Sang Yehuwah sarta Panjenengane nuli ngirid aku metu lumantar Rohe tuwin mapanake aku ana ing satengahing lembah, dene lembah iki kebak balung.

2. Panjenengane ngirid aku mubeng-mubeng ndeleng balung-balung mau, lah pancen akeh banget, padha pating slebar ana ing lembah kono: padha garing mekingking.

3. Panjenengane tumuli ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, balung-balung iki apa bisa diuripake maneh?” Aku munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka ingkang nguningani!”

4. Nuli aku dipangandikani: “Sira medhara wangsit tumrap balung-balung iki lan tuturana mangkene: He balung-balung kang garing, rungokna pangandikane Sang Yehuwah!

5. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang balung-balung iki: Ingsun nganjingi sira kalawan rohing kauripan, supaya sira urip maneh.

6. Ingsun bakal maringi otot marang sira lan nukulake daging ana ing sira, Ingsun bakal nutupi sira kalawan kulit sarta paring marang sira rohing kauripan, supaya sira padha urip maneh. Sira banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

7. Aku banjur medhar wangsit kaya kang kadhawuhake marang aku; lan bareng aku wus mendhar wangsit, padha sanalika tumuli ana swara keprungu, swara pating kropyak, lah balung-balung mau padha ngumpul.

8. Sajrone aku ngawasake iku, lah aku nuli ndeleng otot-otot lan daging kang tumuwuh ing balung-balung mau, sawuse mangkono banjur katutupan ing kulit, nanging durung padha ambekan.

9. Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Sira medhara wangsit marang rohing kauripan iku, medhara wangsit, he, anaking manungsa, lan tutura marang rohing kauripan iku mangkene: He rohing kauripan, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira tekaa saka ing keblat papat, wong-wong kang pinatenan iki padha sira damonana, supaya padha urip maneh!”

10. Aku nuli medhar wangsit kaya kang kadhawuhake marang aku. Rohing kauripan mau banjur lumebu ing wong-wong mau, temah banjur padha urip maneh lan padha ngadeg. Dadi wadya-bala kang akeh banget.

11. Aku nuli dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, balung-balung iki kabeh turune Israel. Lah wong-wong iku rak padha kandha dhewe: Balung-balungku wis padha dadi garing, aku kabeh wus ora duwe pangarep-arep, aku wus padha sirna.

12. Awit saka iku sira medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun mbikak kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun, lan Ingsun bakal ngirid sira menyang ing tanah Israel.

13. Sarta sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun mbikaki kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun.

14. Ingsun bakal nganjingake RohingSun ana ing sira, satemah sira padha urip maneh lan Ingsun bakal mapanake sira ana ing tanahira. Ing kono sira bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, kang mangandikakake iku lan nindakake iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

Karajan Israel lan Yehuda didadekake siji maneh

37:15-28

15. Sawuse mangkono nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

16. “He, sira anaking manungsa, sira njupuka blabag, ing dhuwur sira tulisana: Kanggo Yehuda lan para wong Israel kang nunggal kalawan dheweke. Banjur njupuka blabag liyane, ing dhuwur sira tulisana: Kanggo Yusuf -- blabage Efraim -- lan kabeh turune Israel kang tetunggalan kalawan dheweke.

17. Blabag loro iku banjur sira dadekna siji, temah loro-lorone iku dadi siji ana ing tanganira.

18. Ing kono manawa mitra-mitranira tunggal bangsa padha takon marang sira: Apa kowe ora gelem nerangake marang aku kabeh, apa tegese iki,

19. iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun mundhut blabage Yusup -- kang ana ing tangane Efraim -- kalawan suku-suku Israel kang padha tetunggalan karo dheweke, lan Sungandheng karo blabage Yehuda, Sundadekake blabag siji ana ing astaningSun.

20. Sajrone sira nyekel blabag-blabag kang sira tulisi ana ing ngarepe wong-wong iku mau,

21. iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun nimbali para wong Israel saka ing satengahing bangsa-bangsa, kang padha ditekani, Sunklempakake saka ing ngendi-endi sarta bakal Sunirid menyang ing tanahe,

22. bakal Sundadekake bangsa siji ana ing tanahe, ana ing gunung-gununge Israel, tuwin raja siji kang bakal ngereh wong iku kabeh; banjur ora dadi bangsa loro maneh lan ora kabage dadi rong karajan maneh,

23. ora najisake awake maneh kalawan para brahalane lan dewa-dewane kang marakake najis sarta kalawan sakehe panerake. Nanging bakal padha Sunluwari saka ing sakehing panylewenge kang njalari dosane, apadene bakal padha Sunresiki satemah banjur bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun bakal dadi Allahe.

24. AbdiningSun Dawud kang bakal dadi rajane lan wong-wong mau kabeh bakal mung duwe pangon siji sarta lakune bakal manut miturut ing pranatan-pranataningSun lan bakal padha nglakoni katetepaningSun kalawan setya.

25. Bakal padha manggon ing tanah kang Sunparingake marang abdiningSun Yakub, kang dienggoni dening para leluhure, iya wong-wong mau, iya anak-anake dalah para putune lan buyute, kabeh bakal padha manggon ing kono ing salawas-lawase, lan abdiningSun Dawud bakal dadi ratune ing salawas-lawase.

26. Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wong-wong mau kabeh lan iku bakal dadi prajanjian kang langgeng. Ingsun bakal mberkahi wong-wong iku, bakal Sundamel tangkar-tumangkar tuwin Sunparingi papan pasuceningSun ana ing tengah-tengahe ing salawas-lawase.

27. Papan padalemaningSun uga bakal ana ing kono. Ingsun bakal dadi Allahe sarta dheweke kabeh bakal dadi umatingSun.

28. Ing kono para bangsa bakal pada sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah kang nucekake Israel, marga papan pasuceningSun ana ing satengahe ing salawas-lawase.”