Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 44 Kitab Sutji (JAV)

Gapura wetan kang mineb

44:1-3

1. Sawuse mangkono panjenengane mbekta wangsul aku menyang ing gapurane njaba pasucen, kang marep mangetan; gapura iki mineb.

2. Sang Yehuwah banjur ngandika marang aku: “Gapura iki kudu terus mineb, ora kena menga lan aja nganti ana wong kang lumebu mrene, sabab Sang Yehuwah, Allahe Israel, wus lumebet miyos ing kene; mulane gapura iki kudu terus mineb.

3. Mung Sang Prabu sarehne jumeneng raja, diparengake lenggah ing kono lan dhahar ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Sang Prabu iku bakal lumebet miyos ing bangsaling gapura sarta anggone tedhak iya miyos ing kono.”

Pituduh bab tata pangibadah lan bab para imam

44:4-31

4. Aku banjur kabekta ngliwati gapura lor menyang ing sangarepe Padaleman Suci; aku nyumurupi lah Padalemane Sang Yehuwah kapenuhan ing kamulyane Sang Yehuwah; aku nuli sujud nyembah.

5. Sang Yehuwah ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, waspadakna kang temenan, delengen kalawan tliti lan rungokna kalawan terwaca samubarang kabeh kang bakal Sunpangandikakake marang sira bab pranatan-pranataning Padalemane Sang Yehuwah lan sakehing angger-anggere sarta gatekna temenan sapa kang diparingake lumebu tuwin sapa kang kudu kabalekake saka ing papan suci iku.

6. Sira celathua marang golongan pembrontak, yaiku turune Israel: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: He, turune Israel, panggawenira kang nistha iku wus cukup,

7. yaiku anggonira nglilani wong-wong manca, wong-wong kang ora tetak mungguh ing ati lan badane, lumebu ing pasuceningSun lan marga saka mangkono padha najisake pasucen iku nalika sira padha ngunjukake dhaharaningSun, yaiku gajih lan getih. Marga saka panggawenira kang mangkono iku sira padha ngrusak prajanjianingSun ngluwihi sakehing pratingkahira kang nistha kang uwis-uwis.

8. Sira ora padha rumeksa marang barang-barangingSun kang suci sarta sira padha ngangkat wong-wong mau sira dadekake kang nindakake kawajibanira marang Ingsun ana ing pasuceningSun.

9. Marga saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Wong-wong manca kang atine lan badane ora katetakan, siji bae ora ana kang kaparengake lumebu ing pasuceningSun, yaiku saben wong manca kang ana ing satengahe wong Israel.

10. Dene wong-wong Lewi kang ngedohi Ingsun nalika Israel tumindak mblasar nilar Ingsun, ngenut brahala-brahalane, iku kang padha nanggung paukumane.

11. Ana ing pasuceningSun iya para wong Lewi iku kang nduweni kawajiban jaga ana ing gapura-gapuraning Padaleman Suci; iya wong-wong iku kang kawajiban nyembeleh kurban obaran lan kurban sembelehan kanggo bangsa iku tuwin nindakake kawajiban kanggo bangsa iku minangka anggone leladi marang bangsa iku.

12. Ing sarehne para wong Lewi iku wus leladi marang bangsa iku, ana ing ngarepe para brahalane, tuwin tumraping turune Israel banjur wus dadi sandhungan, kang njalari tumibane ing kaluputan, iya marga saka iku Ingsun supaos tumrap wong-wong iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong-wong iku bakal nanggung paukumane dhewe.

13. Ora bakal padha sowan ing ngarsaningSun prelu nindakake pagaweaning imam ana ing ngarsaningSun utawa iya ora bakal nyedhaki sakehing barangingSun kang suci tuwin pisungsung-pisungsung kang suci linuwih; bakal padha nanggung kawirangane kang marga saka pratingkah-pratingkahe kang nistha.

14. Mulane wong-wong iku mung bakal Suntetepake dadi kang padha nyambut gawe ana ing Padaleman Suci lan leladi ing bab samubarang kabeh kang gegayutan karo iku sarta nindakake samubarang kabeh kang prelu ana ing kono.

15. Nanging para imam, wong Lewi turune Zadhok, kang nindakake kawajiban-kawajiban ana ing pasuceningSun, nalika wong Israel padha mblasar nilar Ingsun, iya para wong iku kang bakal sowan ing ngarsaningSun prelu ngunjukake marang Ingsun gajih lan getih. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

16. Wong-wong iku kang bakal sowan ing ngarsaningSun prelu nindakake pangibadah lan kang bakal nindakake kawajibane kagem Ingsun.

17. Manawa para imam arep lumebu ngliwati gapura-gapura plataran njero, kudu manganggo sandhangan lena, ora kena manganggo sandhangan wulu wedhus yen pinuju nindakake kawajiban ana ing gapura-gapura ing plataran njero utawa pinuju nindakake tata-pangibadah ana ing Padaleman Suci.

18. Kudu nganggo serban lena lan clana lena sarta aja nganti nganggo sabuk kang marakake kringeten.

19. Manawa metu menyang ing plataran njaba nemoni umat kagungane Sang Yehuwah, kudu cucul sandhangane kang dianggo nalika nindakake pangibadah, iku kudu kasimpen ing kamar-kamar suci, banjur nganggo sandhangan liyane, supaya umat iku aja dadi suci amarga kagepok dening sandhangan mau.

20. Ora kena gundhul nanging iya ora kena gondrong, kudu diingu cendhak!

21. Para imam ora kena ngombe anggur, manawa arep lumebu ing plataran njero.

22. Randha utawa wong wadon kang wus kapegat dening sing lanang ora kena dipek bojo, nanging mung prawan turune Israel utawa randhaning imam, iku kena dipek bojo.

23. Para imam iku kudu mulang marang umatingSun bab beda-bedane kang suci lan kang ora suci sarta nerangake beda-bedane kang najis lan kang ora najis.

24. Manawa ana prakara kudu tumindak dadi hakim sarta anggone ngakimi kudu manut ing pranatan-pranataningSun. Ing dina-dina gedhe kagunganingSun para imam kudu nindakake angger-anggeringSun lan katetepan-katetepaningSun sarta dina-dina Sabatingsun kudu disucekake.

25. Para imam ora kena ndeleng mayit amarga jalaran saka mangkono wong-wong mau banjur dadi najis. Kenane najisake awake mung tumrap mayite bapakne, ibune, anake lanang utawa wadon, kakangne utawa adhine lanang, mbakyune utawa adhine wadon kang durung omah-omah.

26. Sawuse nucekake awake banjur ngetunga pitung dina engkas,

27. dene ing dina lumebune ing pasucen maneh, menyang ing plataran njero prelu nindakake tata-pangibadah ing pasucen, kudu ngaturake kurban pangruwating dosane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

28. Para imam ora oleh panduman pusaka, amarga Ingsun kang dadi pusakane, sarta aja diwenehi tanah ana ing Israel, awit Ingsun kang dadi pandumane.

29. Sesaosan, kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha iku kang kena mangan mung para imam, mangkono uga kabeh kang kamligekake ana ing tanah Israel, iku dadi pandumane.

30. Sabanjure apa kang becik dhewe tumrap pembarepe apa bae lan sakehe sesaosan mligi apa bae, sakehe sesaosanira kang kusus iku dadi pandumane para imam; uga glepungira gandum kang becik dhewe iku kudu sira wenehake marang imam, supaya anakira oleha berkah.

31. Sakehing manuk utawa kewan kang wus mati, utawa sisaning kewan galak iku ora kena kapangan dening para imam.”