Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 42 Kitab Sutji (JAV)

Kamar-kamaring para imam

42:1-14

1. Aku banjur dibekta menyang ing plataran njaba ing sisih lor menyang ing kamar-kamar kang mangku plataran tutupan lan arep-arepan karo gedhong kang ana ing pojok kulon.

2. Dawane gedhong kamar-kamar iku ing sisih lor satus asta dene ambane seket asta.

3. Arep-arepan karo kang rong puluh asta saka ing plataran jero lan arep-arepan karo srasahan kang dumunung ing plataran njaba ana empere arep-arepan sungsun telu.

4. Ing ngarepe kamar-kamar mau ana dalan kang lumebu ing gedhong, ambane sepuluh asta lan dawane satus asta, dene lawang-lawange mlebu ana ing sisih lor.

5. Kamar-kamar kang ana ing dhuwur iku luwih cilik katimbang kang ana ngisor lan kang ana ing tengahing gedhong mau, amarga emper-empere iku papane luwih amba tinimbang kamar-kamar iku.

6. Sarehne kamar-kamar iku sungsun telu lan ora nganggo saka kaya kang ana ing plataran njaba, mulane kamar-kamar dhuwur luwih cilik tinimbang kamar-kamar ngisor utawa kamar tengah.

7. Ing njaba ana temboke kang sajajar karo larikaning kamar-kamar, dununge ana ing sacedhake plataran njaba ana ing sangarepe kamar-kamar; dawane seket asta.

8. Dene dawane larikan kamar-kamar ing sapinggiring plataran njaba iku iya seket asta, nanging larikan kamar-kamar kang marep menyang ing Padaleman Suci iku satus asta.

9. Kamar-kamar iki ing ngisor ana lawange lumebu saka ing wetan, yaiku manawa wong saka ing plataran njaba kepengin lumebu,

10. dene dununge lawang iku ana ing wiwitaning tembok njaba.Ing sisih kidul ing sangarepe plataran tutupan lan ing sangarepe gedhong ing pojok kulon uga ana kamar-kamare

11. tuwin ing ngarepe ana gange. Kamar-kamar iki wujude padha karo kang ana ing sisih lor, iya dawane lan ambane, iya lawang-lawange metu, lan pasang-rakite. Lawang-lawange mlebu ing sisih lor

12. iya padha karo lawang-lawang lumebu ing kamar-kamar kang ana ing sisih kidul. Ing wiwitaning dalan kang ana ing sisihe tembok uga ana lawange, yaiku lawang kang kanggo ing wong kang kepengin lumebu ing kamar saka ing wetan.

13. Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kamar-kamar ing sisih lor lan kidul kang mangku plataran tutupan, iku kamar-kamar suci, panggonane para imam kang sowan ing ngarsaning Sang Yehuwah padha mangan atur-atur kang suci linuwih. Ana ing kono iku anggone padha ndekek atur-atur kang suci linuwih, kurban dhaharan, kurban pangruwating dosa lan kurban dhendha, amarga papan iku suci.

14. Manawa para imam lumebu ing pasucen, ora bakal metu menyang ing plataran njaba, sadurunge cucul sandhangan ana ing kono yaiku sandhangane kang dianggo nalika nganakake pangibadah, amarga sandhangan mau suci. Mulane kudu nganggo sandhangan liyane, sawuse mangkono lagi kena menyang ing panggonane umate Sang Yehuwah.”

Ukuran-ukuraning wewengkone Padaleman Suci

42:15-20

15. Sawise rampung anggone ngukur gedhong-gedhong ing jero kabeh, aku banjur kabekta menyang ing gapura kang marep mangetan, nuli panjenengane ngukur wewengkone Padaleman Suci mau.

16. Sisih wetan kaukur nganggo teken ukuran: limang atus asta manut teken ukuran iku. Panjenengane tumuli pindhah

17. lan ngukur sisih lor: limang atus asta manut teken ukuran. Nuli pindhah maneh

18. lan ngukur sisih kidul: limang atus asta manut teken ukuran.

19. Banjur pindhah mangulon nuli ngukur: limang atus asta manut teken ukuran.

20. Sisihe papat pisan kaukur. Ing sakubenge wewengkon iku ana temboke: dawane limang atus asta lan ambane limang atus asta. Iku kanggo misahake kang suci karo kang ora suci.