Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 47 Kitab Sutji (JAV)

Kali kang mili saka ing Padaleman Suci

47:1-12

1. Aku banjur kabekta bali menyang ing lawanging Padaleman Suci, lah ing kono ana banyu kang mili metu saka ing sangisoring tlundhaging lawange Padaleman Suci iku, lan iline mangetan, amarga Padaleman Suci iku uga marep mangetan; anadene iline banyu mau saka ing sangisore perangane Padaleman Suci ing sisih tengen, ing sakidule misbyah.

2. Aku nuli kairid metu ngliwati gapura lor lan aku kabekta mubeng-mubeng saka ing njaba menyang ing gapura njaba kang marep mangetan, lan banyune iku metu saka ing sisih kidul.

3. Priya mau tumuli tindak mangetan kalawan ngasta tali ukuran; panjenengane ngukur sewu asta lan banjur dhawuh marang aku supaya nyemplung ing banyu kono, jerone banyu sapolok.

4. Panjenengane ngukur sewu asta maneh lan dhawuh marang aku supaya nyemplung maneh, saiki jerone wis sadhengkul; panjenengane tumuli ngukur sewu asta maneh lan dhawuh marang aku supaya nyemplung maneh, saiki jerone wis sabangkekan.

5. Panjenengane ngukur sapisan maneh sewu asta, saiki banyu iku wus dadi kali, aku ora bisa mlaku maneh ana ing kono, sabab banyune wus saya dhuwur, satemah wong bisa nglangi. Kali kang wus ora kena disabrangi maneh.

6. Aku banjur dipangandikani: “He, anaking manungsa, apa iku wus kokdeleng?” Aku nuli kabekta bali metu ing urut pinggiring kali.

7. Sajrone lumaku bali iku, lah ing pinggire kali kiwa tengen ana wit-witane akeh.

8. Panjenengane ngandika marang aku: “Kali iki mili menyang ing wilayah wetan, lan mudhun menyang Araba-Yarden, lan mutah ing Sagara Asin; banyune kang asin banget iku banjur dadi tawa,

9. satemah menyang ngendi bae iline kali iku, sakehing makhluk kang urip kang kumroyok ana ing kono bakal urip. Iwake bakal dadi akeh, amarga menyang ngendi bae parane banyu iku, ing kono banyune sagara banjur dadi tawa, lan menyang ngendi bae iline kali iku, samubarang kabeh kang ana ing kono bakal urip.

10. Mulane ing saurut pinggiring kali mau wiwit ing En-Gedi nganti tekan ing En-Eglaim kebak wong kang padha golek iwak; dhaerah kono banjur dadi papan ngepe jala, sarta ing kali kono ana iwake warna-warna, kaya iwak-iwak ing sagara gedhe, akeh banget.

11. Nanging embel-embel lan rawa-rawane ora dadi tawa, iku dadi panggonan njupuk uyah.

12. Ing pinggire kali kiwa tengen ana wite wowohan warna-warna, kang godhonge ora alum lan wohe ora entek-entek; saben sasi awoh maneh, sabab wit-wit iku oleh banyu saka papan kang suci iku. Wohe bakal dadi pangan, dene godhonge kanggo tamba.”

Wates-watese tanah Israel

47:13-20

13. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki wates-watese tanah kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusakanira ing antarane suku Israel rolas, Yusuf tampa rong bagean.

14. Tanah iku kudu sira bage rata, yaiku tanah kang kalawan supaos Sunjanjekake Sunparingake marang leluhurira, mulane tanah iku dadi tanah-pusakanira.

15. Iki watese tanah iku: ing sisih lor: saka sagara gedhe terus, ngliwati Hetlon tekan ing dalan kang mlebu ing Hamat banjur terus, ngliwati Zedad,

16. Berota, Sibraim, kang dumunung ing antarane kuta Damsyik lan wilayahe kutha Hamat, terus tekan ing Hazar-Enon kang dumunung ing wilayahe kutha Hauran.

17. Dadi tapel-watese iku wiwit ing sagara nganti tekan ing Hazar-Enon, temah wilayahe kutha Damsyik iku uga wilayahe kutha Hamat dumunung ing salore. Iku ing sisih lor.

18. Ing sisih wetan: wiwit saka ing Hazar-Enon kang dumunung ing antarane Hauran lan Damsyik, bengawan Yarden dadi tapel-wates ing antarane Gilead lan tanah Israel, terus ngener ing Sagara Wetan nganti tekan ing Tamar. Iku ing sisih wetan.

19. Ing sisih kidul: tapel-watese wiwit saka ing Tamar terus, ngliwati sumber Meriba ing sacedhake Kadhesy, terus nganti tekan kali Mesir, banjur terus nganti tekan ing sagara gedhe. Yaiku tapel-watese ing sisih kidul, adu wates karo Negeb.

20. Ing sisih kulon: Sagara gedhe dadi tapel wates nganti tekan ing panggonan lumebune dalan menyang ing Hamat. Iku ing sisih kulon.”

Pambageane tanah Israel

47:21--48:29

21. “Tanah iki kang kudu sira bage ing antaranira kabeh manut suku-sukune Israel.

22. Iku kudu sira bage dadi tanah-pusaka ana ing antaranira kabeh lan ana ing antarane para wong manca kang padha manggon ana ing tengahira, kang padha anak-anak ing satengahira, sarta iku kudu sira rengkuh padha kayadene wong Israel asli; iku iya kudu oleh bagean tanah pusaka ana ing satengahe suku-suku Israel.

23. Dadi manawa ing satengahe sawijining suku ana wonge manca, iku kudu sira wenehi tanah-pusaka. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.