Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 5 Kitab Sutji (JAV)

1. He, anaking manungsa, sira njupuka pedhang kang landhep, anggonen kayadene ladinge panyukuran tukang cukur; rambuting sirahira lan jenggotira cukuren; nuli njupuka timbangan, rambutira bage-bagenen.

2. Sapratelon kudu sira obong ing geni ana ing satengahing kutha iku, samangsa wus ganep wektu pangepunge; sapratelon jupuken lan sabeten kalawan pedhang ana ing sakubenge lan sapratelon sira awut-awuta ing angin, dene Ingsun bakal ngunus pedhang kagawe mbujeng.

3. Sira njupuka rambut iku sathithik sira bundhelana ing poncoting jubahira.

4. Nuli sira njupuka maneh sawatara, sira cemplungna ing geni, cikben kobong; iku bakal metu genine kang mangsa turune Israel kabeh. Sira banjur ngucapa mangkene:

5. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Yaiki Yerusalem! Iki Sunpapanake ana ing satengahing bangsa-bangsa lan kaubengan ing nagara-nagarane.

6. Iku wus mbalela marang pranatan-pranataningSun, ngluwihi alane para bangsa, tuwin marang katetepaningSun ngluwihi nagara-nagara ing sakubenge, amarga padha nampik pranataningSun sarta kalakuane ora cocog kalawan katetepaningSun.

7. Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne alanira ngluwihi para bangsa ing sakubengira tuwin kalakuanira ora cocog kalawan katetepaningSun sarta ora nindakake pranatan-pranataningSun, malah sira netepi pranatan-pranantaning bangsa-bangsa ing sakubengira,

8. mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah, Ingsun, iya Ingsun piyambak kang bakal nglawan sira lan Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang sira ana ing ngarepe para bangsa.

9. Marga saka panggawenira kang jember iku, Ingsun bakal nandukake marang sira apa kang durung tau Suntindakake lan kang ora bakal Suntindakake maneh.

10. Mulane bakal kelakon bapa padha mangan anake dhewe ana ing tengahira, lan uga anak padha mangan bapakne dhewe, sarta Ingsun bakal nandukake paukuman marang sira ana ing satengahira, sarta kabeh kekarenira bakal Sunsebar-sebarake ing sakehing keblat kabeh.

11. Awit saka iku dhemi Ingsun gesang, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, marga saka anggonira najisake pasuceningSun kalawan sakehing dewanira kang nistha lan kalawan sakehing durakanira, lah Ingsun piyambak bakal ngrubuhake sira; Ingsun ora bakal ngeman lan ora bakal nandukake kawelasan.

12. Panunggalanira sapratelon bakal mati dening pageblug lan mati kaliren ana ing tengahira; sapratelon bakal tiwas dening pedhang ana ing sakubengira; lan sapratelon bakal Sunsebar-sebarake ing sakehing keblat sarta bakal Ingsun bujeng kalawan pedhang ligan.

13. Kaya mangkono anggoningSun bakal ngatogake bebenduningSun marang wong-wong mau, satemah bentering panggalihingSun banjur lilih sarta Ingsun wus rumaos marem. Ing kono wong-wong iku bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah kang mangandikakake iku ing sajroning butajenganingSun, nalika Ingsun ngesokake bebenduningSun mau.

14. Sira bakal Sundadekake jugrugan lan cacadan ana ing satengahing para bangsa ing sakubengira ana ing ngarepe sakehing wong kang padha liwat.

15. Sira bakal dadi cacadan lan cecampahan, minangka pepenget lan dadi bab kang ngeram-eramake tumrap para bangsa ing sakubengira, yaiku ing samangsa Ingsun nibakake paukuman marang sira ing sajroning bendu lan duka sarta ing sajroning pangrangketingSun kang nggegirisi -- Ingsun, Pangeran Yehuwah kang mangandikakake --

16. ing nalika Ingsun ndhatengake paceklik kang nggegirisi, kang neniwasi sarta kang Sundhatengake kanggo numpes sira kabeh, nalika Ingsun mbangetake paceklik tumrap sira kabeh lan nyirnakake pasadhiyanira pangan.

17. Ingsun bakal ndhatengake paceklik marang sira kabeh lan kewan-kewan galak ing satengahira, kang bakal ngentekake anak-anakira; pageblug bakal nekani sira lan bakal ana getih kang mili ana ing tengahira sarta Ingsun bakal ndhatengake pedhang marang sira, Ingsun, Yehuwah kang mangandikakake iku kabeh.”