Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 12 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Yeheskiel nggambar anggone Israel kabuwang

12:1-28

1. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira iku manggon ana ing satengahing golongan kang mbalela kang ana mripate kanggo ndeleng, nanging ora ndeleng lan ana kupinge kanggo ngrungokake, nanging ora krungu, amarga iku golongan kang mbalela.

3. Mulane sira, anaking manungsa, nyawisna kapreluaning wong buwangan lan ing wayah awan sira lumakua kayadene wong buwangan ana ing ngarepe wong-wong mau; mangkata saka ing panggonanira saiki menyang panggonan liyane kayadene wong buwangan ana ing ngarepe. Bokmanawa banjur padha ngakoni manawa padha wangkot.

4. Barang-barangira sira gawanana metu kayadene barange wong buwangan ing wektu awan, ana ing ngarepe wong-wong mau; lan ing wayah bengi sira dhewe metua ing sapandelenge wong-wong mau, kayadene wong kang kudu metu lan mangkat menyang ing papan pambuwangan.

5. Sira gawea bolongan ing tembok ing sapandelenge wong-wong mau sarta metua mbrobos ing kono.

6. Barang-barangira panggulen ana ing ngarepe lan gawanen metu ing wayah bengi kang peteng; sira nutupana rainira, nganti sira ora ndeleng lemah; amarga sira Sundadekake gegambarane turune Israel.”

7. Aku banjur nindakake apa sadhawuhe marang aku: ing wayah awan aku nggawa barang-barang kayadene barange wong buwangan lan ing wayah bengi aku gawe bolongan ing tembok kalawan tanganku; ing wayah bengi kang peteng ing sapandelenge wong-wong mau aku metu kalawan manggul barang-barangku.

8. Esuke ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

9. “He, anaking manungsa, apa turune Israel jinis kang wangkot iku ora takon marang sira: Panjenengan punika nindakaken punapa?

10. Iku wangsulana mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Wangsite Allah iki tumuju marang ratu ing Yerusalem lan kabeh turune Israel kang ana ing kana.

11. Sira tutura: Aku iki dadi gegambaran tumrap kowe kabeh. Apa kang daktindakake iki bakal tumanduk marang wong-wong iku: bakal dadi wong buwangan kabuwang menyang ing pambuwangan.

12. Lan ratune bakal manggul barang-barange ing wayah bengi kang peteng lan bakal tindak miyos. Wong bakal mbotol tembok kanggo dalan miyose. Panjenengane bakal nutupi pasuryane supaya ora mirsa lemah.

13. Ingsun bakal masang jaringingSun kanggo nangkep dheweke. Iku bakal kena ing jaringingSun lan banjur bakal Sunbekta menyang ing Babil, tanahe wong Kasdim, nanging tanah iku ora bakal kadeleng, banjur bakal mati ana ing kana.

14. Lan sakehe wong kang padha ana ing sacedhake, para pambantune lan wadya-balane, bakal Sunsebar ing sakehing keblat sarta Ingsun bakal ana ing burine kalawan ngunus pedhang.

15. Ing kono bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku manawa wus padha Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar-sebar menyang ing sakehing nagara.

16. Nanging ana panunggalane kang bakal Sunkarekake sathithik, kang oncat saka ing pedhang, kang ora mati kaliren lan ora katempuh ing pageblug, supaya padha nyaritakake sakehe panggawene wong-wong mau kang nistha ana ing satengahe para bangsa, kang padha ditekani, satemah padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

17. Banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

18. “He, anaking manungsa, sira mangana panganira kalawan gumeter lan ngombea kalawan nrethek tuwin kalawan ati kang sumelang

19. lan tutura marang para kang padha manggon ing nagara iki mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah bab para wong Yerusalem kang ana ing tanah Israel: Iku bakal padha mangan pangane kalawan ati sumelang lan ngombe banyu kalawan ati kang susah banget, supaya tanahe dadi sepi mamring, awit isine wus sirna, marga saka panganiayane para wong kang padha manggon ing kono kabeh.

20. Kutha-kutha kang isih dienggoni ing wong bakal padha dadi gempuran lan tanah kono bakal dadi sepi mamring; ing kono sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.”

21. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

22. “He, anaking manungsa, bebasan apa kang tinemu ana ing satengahira ana ing tanah Israel, kang surasane: Wektune wus suwe, nanging ora ana wahyu siji bae kang kelakon?

23. Mulane tutura marang wong-wong mau: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngilangi bebasan iki, satemah bakal ora ana wong kang ngucapake iku maneh ana ing tanah Israel; malah padha sira kandhanana mangkene: Wektune wus cedhak lan saben wahyu bakal kelakon.

24. Sabab ora bakal ana maneh wahyu apas-apusan utawa pameca kang nasarake ing satengahe turune Israel.

25. Amarga Ingsun, Yehuwah bakal ngandika lan apa kang Sunpangandikakake bakal kelakon, lan pangandika iku ora bakal kaundur-undur maneh awit sajrone sira isih padha urip, he jinis kang wangkot, Ingsun bakal nglairake pangandika kang bakal Suntetepi. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

26. Banjur ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

27. “He, anaking manungsa, lah turune Israel padha ngucap: Wahyu kang dideleng iku isih suwe banget bakale kelakon, pameca kang diucapake iku tumuju marang bab kang isih adoh banget.

28. Mulane sira pratelaa marang wong-wong mau: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Ora ana pangandikaningSun siji bae kang bakal kaundur-undur. Apa kang Sunpangandikakake bakal kelakon. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.