Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 27 Kitab Sutji (JAV)

Kidung pangadhuh tumrap Tirus

27:1-36

1. Ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, sira anake manungsa, ngucapna pangadhuh tumrap Tirus,

3. lan kandhaa marang Tirus, kang dumunung ing dalan kang anjog ing samodra lan kang laku dagang karo para bangsa ing dhaerah-dhaerah pesisir kang akeh: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:He Tirus, sira celathu:aku iki kapal kang endahing endah.

4. Wilayahira ing tengah samodra;ahli bangunanira gawe kaendahanira kanthi sampurna.

5. Badanira sakojurkang digawe kayu beros ing Senir,ahli-ahli mau njupuk kayu eres ing gunung Libanonkagawe cagaking layarira.

6. Wit gedhe saka ing Basankanggo gawe dhayungira;gladhagira kang digawe gadhingwinengku ing kayu cemara saka ing pesisir Kitim.

7. Layarira kang digawelena aluskang manca warnasaka ing tanah Mesir;iku dadi tetengerira.Dene tendhanira kang digawekain wungu tuwalan kain wungu enomsaka ing pesisir Elisa.

8. Wong Sidon lan wong Arwadkang dadi pandhayungira;tukang-tukangira, he Tirus, padha dumunung ana ing sira,iku padha dadi matrusira.

9. Para pinituwa lan ahli-ahli ing Gebal padha dumunung ana ing siraarep ndandani karusakanira.kabeh kapal laut dalah para punggawane padha labuh ana ing siraarep ngijolake barang dedagangane.

10. Wong Parsi, Lud lan Put,kang padha dadi prajuritiraana ing antarane wadya-balanira.Tameng lan topong dicanthelake ana ing sira;iku kabeh muwuhi kamulyanira.

11. Wong Arwad dalah wadya-balane padha menek ing tembok-tembokira mubeng lan wong Gamad padha menek ing panggung-panggungira; padha nyanthelake tameng-tamenge ana ing tembok-tembokira mubeng, iku padha njalari sampurnaning kaendahanira.

12. Tarsis dedagangan kalawan sira awit saka akehe lan warna-warnaning barang dagangan; padha ngijolake salaka, wesi, timah putih lan timah ireng karo barang-barangira.

13. Yawan, Tubal lan Mesekh padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake batur tukon, barang saka tembaga karo barang daganganira.

14. Wong-wong ing Bet-Togarma ngijolake jaran kreta, jaran tunggangan sarta bihal karo barang-barangira.

15. Wong Rodhus dedagangan karo sira; dhaerah pesisir akeh kang dadi dhaerah pasaranira; iku padha nggawa gadhing lan kayu ireng minangka urup-urupan.

16. Edom dedagangan karo sira, marga saka akehe pametunira; iku padha ngijolake sesotya mirah, kain wungu enom, sandhangan manca warna, kain lena alus, mutiara lan sesotya dlima, diijolake karo barang-barangira.

17. Yuda lan tanah Israel dedagangan karo sira; iku padha ngijolake gandum saka Minit, blendok mur, madu, lenga lan balsem dilirokake karo barang daganganira.

18. Damsyik dedagangan karo sira marga saka akehe pametunira, marga saka akehe barangira kang warna-warna. Anggur saka Khelbon, wulu wedhus saka Sakhar,

19. lan anggur diijolake barang-barangira; wesi kang wus digembleng saka ing Uzal, kayu teja lan tebu tinemu ana ing antarane barang daganganira.

20. Dedan dedagangan kalawan sira ing bab lulang kanggo lapak jaran.

21. Arab lan kabeh panggedhening Kedar dedagangan kalawan sira ing bab cempe, wedhus gembel lanang lan wedhus jawa lanang; yaiku kang kanggo dedagangan kalawan sira.

22. Para sudagar ing Syeba lan ing Raema padha dedagangan kalawan sira; iku padha ngijolake sakehe bumbu-bumbu kang apik dhewe, sakehe sesotya kang larang-larang lan emas, dilirokake karo barang-barangira.

23. Haran, Kane, Eden, Asyur lan Kilmad dedagangan karo sira.

24. Iku padha dedagangan ana ing pasar-pasarira ing bab jubah kang luwih dening endah, kain wungu tuwa, sandhangan kang manca warna, babut kang manca warna lan tali plintiran kang kuwat.

25. Kapal-kapal Tarsis padha nggawa barang dagangan iki kanggo sira.Sira kebak momotan kang abotana ing tengah samodra.

26. Sira kagawa dening para pendhayungira menyang ing samodra kang ngilak-ilak.Nanging ana ing tengah samodra iku sira tinempuh ing prahara saka wetan.

27. Raja-darbekira, barangira, daganganira,punggawaning kapalira lan matrusirapara tukangira lan para langgananiradalasan kabeh prajuritira kang ana ing sira,malah kabeh kang padha nunggang,padha kleleb ana ing samodra ing nalika sira ambles.

28. Krungu panjeriting para matrusira ikutanah dharatan gumeter.

29. Wong kabeh padha ninggal kapal-kapale,kabeh kang padha ngolahake dhayung.Kabeh punggawa kapal lan para matruspadha lumayu menyang ing dharatan.

30. Pangadhuh seru, panjerit ngaru-arakeprungu ing sira;padha nguwur-uwuri awu sirahe,padha gulung ana ing lebu.

31. Padha gundhul, marga saka siralan padha nganggo bagor;padha nangis, atine ora karu-karuwan marga saka sirapangadhuh kang banget.

32. Sajrone ngadhuh-adhuh marga saka sirapadha nangis asesambat:Sapa kang kaya Tirus kang wus kasirnakakeana ing tengahing samodra iku.

33. Satekane barangira saka ing sagarasira gawe wareging bangsa akeh,kalawan raja-darbekira lan daganganira kang akeh,sira nyugihake para raja ing donya.

34. Saiki sira dirusak lan disirnakakesaka ing sagara lan ambles marang ing dhasaring samodra;daganganira lan kabeh wongira kang padha nunggangambles bareng kalawan sira.

35. Wong pesisir kaget kabeh nyumurupi sira;para rajane padha gumeter, raine nyureng.

36. Bangsa-bangsa kang padha dedagangan, ngeses-ngeses ing bab sira,wekasaning uripira nggegirisilan sira sirna ing salawas-lawase.”