Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 9 Kitab Sutji (JAV)

Para wong duraka ing Yerusalem padha dipateni

9:1-11

1. Aku banjur krungu Panjenengane ngandika kalawan swara sora mangkene: “Padha majua mrene, he para kang kuwajiban nibakake paukuman marang kutha iki! Siji-sijine nggawaa piranti kanggo nyirnakake.”

2. Lah ana wong lanang enem kang teka saka ing lawang gapura ing dhuwur, kang marep ngalor, siji-sijine nggawa piranti pangremuk. Panunggalane ana siji kang manganggo mori, kang ing lambunge ana pirantine kanggo nulis. Wong mau padha lumebu lan ngadeg sandhing misbyah tembaga.

3. Ing nalika iku kamulyaning Allahe Israel wus mumbul saka ing kerub papane sakawit, minggah ing tlundhaging lawange Padaleman Suci. Pangeran banjur nimbali wong kang manganggo mori lan nggawa piranti nulis ana ing lambunge,

4. sarta kapangandikanan mangkene: “Sira lumakua saka ing satengahing kutha, yaiku Yerusalem lan nulisa aksara T ing bathuke wong-wong kang padha sesambat marga saka sakehing panggawe nistha kang katindakake ana ing kono.”

5. Dene sapangrunguku wong liya-liyane padha dipangandikani mangkene: “Wong iku etutna, kutha iku dlajahana lan sira menthungana nganti mati! Sira aja ngrasa eman lan aja nandukake piwelas.

6. Para wong tuwa, wong enom lanang wadon, bocah-bocah lan wong wadon, iku padha sira patenana lan sirnakna! Nanging sakehing wong kang mawa tandha aksara T iku aja sira kapak-kapakake! Lan wiwitane saka ing papan pasuceningSun!” Banjur padha miwiti saka para pinituwa kang ana ing sangarepe Padaleman Suci.

7. Sawuse mangkono padha dipangandikani mangkene: “Padaleman Suci iku sira najisna, plataran-platarane kebakana wong-wong kang wus kapatenan. Wis padha mangkata!” Nuli padha mangkat, wong-wong ing sajroning kutha padha dipenthungi nganti mati.

8. Sajrone padha mateni wong-wong iku -- ing nalika iku aku kari ana ing buri -- aku banjur sujud lan munjuk kalawan sora mangkene: “Dhuh Pangeran Yehuwah, punapa karsa Paduka badhe nyirnakaken sadaya kekantunanipun Israel ing salebetipun Paduka ngesokaken bebendu Paduka dhateng Yerusalem punika?”

9. Paring wangsulane marang aku: “Kaluputane turune Israel lan Yehuda iku akeh banget, nganti tanah iki kebak utang getih lan kutha iki kebak kaanan kang ora adil; awit padha ngucap mangkene: Pangeran Yehuwah wus nilar tanah iki; Pangeran Yehuwah ora mirsani iki.

10. Mulane Ingsun uga ora bakal ngraos eman lan ora bakal nandukake kawelasan; kalakuane bakal Suntampekake marang sirahe wong iku kabeh.”

11. Ing kono wong kang manganggo mori lan nggawa piranti nulis ana ing lambunge iku banjur lapur, unjuke: “Kawula sampun nglampahi punapa ingkang Paduka dhawuhaken dhumateng kawula.”