Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 43 Kitab Sutji (JAV)

Sang Yehuwah kondur menyang ing Padaleman Suci kalawan kamulyan

43:1-12

1. Aku banjur kabekta menyang ing gapura, yaiku gapura kang marep mangetan.

2. Lah kamulyaning Allahe Israel rawuh saka ing wetan banjur keprungu swara kaya kumrasaking grojogan lan bumi katon mencorong marga saka kamulyane.

3. Kang dakdeleng nalika Sang Yehuwah rawuh prelu nyirnakake kutha iku lan kaya kang dakdeleng ana ing pinggiring kali Kebar, mulane aku banjur sujud.

4. Nalika kamulyaning Sang Yehuwah lumebet ing Padaleman Suci, nglangkungi gapura kang marep mangetan.

5. Sang Roh mau tumuli njunjung aku lan mbekta aku menyang ing plataran njero, lah, Padaleman Suci iku kapenuhan ing kamulyaning Sang Yehuwah.

6. Aku banjur krungu Panjenengane mangandikani aku saka ing sajroning Padaleman Suci -- priya kang ngukur Padaleman Suci mau jumeneng ing sandhingku --

7. mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He, anaking manungsa, iku dhamparingSun lan papaning tlapakaningSun; Ingsun bakal dedalem ana ing kene ana ing satengahing wong Israel, ing salawas-lawase sarta turune Israel ora bakal najisake maneh asmaningSun kang suci, iya wong-wong iku kabeh, iya para rajane, kalawan anggone laku jina utawa kalawan mayite para rajane kang wis padha mati;

8. uga ora kalawan mrenahake tlundhaging lawange cedhak ing tlundhaging lawangingSun utawa ngedegake saka-sakaning lawange cedhak ing saka-sakaning lawangingSun, nganti mung tembok kang misahake Ingsun lan wong-wong mau. Anggone najisake asmaningSun kang suci kalawan tingkah-polahe kang nistha, mulane marga saka dukaningSun banjur Suntumpes.

9. Saiki bakal padha ngedohake anggone ora setya lan mayite para rajane saka ing ngarsaningSun, tuwin Ingsun bakal dedalem ana ing satengahe ing salawas-lawase.

10. Anadene sira, he, anaking manungsa, sira nerangna marang turune Israel bab Padaleman Suci iki, supaya padha wirang nyumurupi kaluputan-kaluputane; uga bab wujude lan tata-rakite Padaleman Suci iku.

11. Dene manawa padha rumangsa wirang nyumurupi samubarang kabeh kang katindakake, Padaleman Suci iku gambaren, perang-perangane, lawang-lawange metu lan lawang-lawange lumebu sarta wujud-wujude kabeh; padha sira sumurupna marang sakehing pranatane lan angger-anggere sarta iku tulisen ana ing ngarepe, supaya banjur padha nglakoni sakehing angger-anggere lan pranatane kalawan setya.

12. Iki katemtuane tumrap Padaleman Suci iku: wilayah ing pucaking gunung iku kabeh suci linuwih. Lah yaiki katemtuan tumrap Padaleman Suci iku.”

Ukuraning misbyah lan anggone karesmekake

43:13-27

13. Iki ukuran-ukuraning misbyah nganggo ukuran asta, yaiku asta kang dawane padha karo asta lumrah katambahan satebah: kalene jerone saasta, ambane saasta sarta ing sakubenge kalen mau pinggirane dhuwure satebah. Iki dhuwure misbyah iku:

14. saka ing dhasare ing lemah nganti tekan ing wengku ngisor ana rong asta lan ambane wengku mau saasta. Saka ing wengku ngisor nganti tekan ing wengku dhuwur ana patang asta dene wengkune ambane uga saasta.

15. Prapen mau dhuwure patang asta lan ana sungune papat.

16. Prapene dawane rolas asta lan ambane rolas asta, dadine pesagi.

17. Wengkune prapen iku dawane patbelas asta lan ambane patbelas asta, dadi uga pesagi. Ing sakubenge misbyah mau ana kalene, kang ambane saasta tuwin ing sakubenge kalen iku ana pinggirane, kang ambane satengah asta. Undhak-undhakane misbyah dumunung ing sisih wetan.

18. Aku banjur dipangandikani: “He, anaking manungsa, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: pranatan tumrap misbyah iku mangkene: Manawa wus rampung panggawene lan bakal kawiwitan nyaosake kurban obaran ana ing kono sarta bakal nyiramake getih,

19. para imam trah Lewi turune Zadhok sira wenehana sapi lanang siji kang isih enom kanggo kurban pangruwating dosa, amarga iya wong-wong iku kang Sunparengake sowan marang ing ngarsaningSun prelu ngunjukake pangabekti. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

20. Lan sira njupuka getih iku sathithik nuli leletna ing sunguning misbyah papat pisan tuwin ing pojoke papat kubenge sarta ing pinggire mubeng; kaya mangkono anggonira nucekake misbyah mau lan anggonira nganakake pirukun tumrap iku.

21. Sira banjur njupuka sapi lanang kanggo kurban pangruwating dosa mau, iku kudu kaobong ana ing panggonan kang wus katemtokake ing wewengkone Padaleman Suci, ing sajabane pasucen.

22. Ing dina kang kapindho sira misungsungna wedhus lanang kang tanpa cacad minangka kurban pangruwating dosa lan misbyahe sira sucekna kaya nalika disucekake kalawan sapi lanang.

23. Sawuse sira ngrampungake upacara pasucen sira misungsungna sapi lanang enom kang tanpa cacad siji lan wedhus gembel lanang siji panunggalane wedhus-wedhus gembel kang tanpa cacad.

24. Iku gawanen marang ing ngarsane Sang Yehuwah lan imam-imam banjur padha nguwur-uwurana uyah kewan-kewan iku nuli iku kapisungsungna minangka kurban obaran marang Sang Yehuwah.

25. Ing sajroning pitung dina ing saben dinane sira olaha wedhus siji minangka kurban pangruwating dosa; sira uga olaha sapi lanang enom siji lan wedhus gembel lanang siji panunggalane wedhus-wedhus kang tanpa cacad.

26. Pitung dina lawase anggone kudu nebus lan nucekake misbyah iku; mangkono iku patrape anggone ngresmekake misbyah mau.

27. Sawuse mungkasi pitung dina mau, ing dina kawolu lan sateruse imam-imam padha nyaosna kurban-kurbanira obaran lan kurban-kurban kaslametanira ana ing misbyah kono; ing kono Ingsun bakal karenan menggah ing sira kabeh. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”