Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 29 Kitab Sutji (JAV)

Pameca nglawan Mesir lan Sang Prabu Pringon

29:1-16

1. Ing taun kang kaping sapuluh, tanggal rolas ing sasi kasapuluh ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang Pringon, raja Mesir lan nglairna pameca nglawan ratu iku lan saindenging tanah Mesir.

3. Sira celathua lan tutura: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Pringon, raja Mesir, baya gedhe kang ngglongsor ana ing satengahe cawangan-cawanganing bengawanira, yaiku bengawan Nil sarta kang celathu: Bengawan Nil iku kagunganingsun, ingsun kang gawe.

4. Uwangira bakal Sunetrapi ganthol, iwak-iwak ing cawanganing bengawanira Nil bakal Sunkraketake ing sisikira. Sira dalah iwak kang padha kraket ing sisikira bakal Sunsendhal metu saka ing satengahe cawanganing bengawanira

5. tuwin sira bakal Sununcalake marang ing ara-ara samun, sira dalah sakehing iwak ing cawanganing bengawanira. Sira bakal tiba ing ara-ara lan ora bakal dikukup utawa dikubur. Sira bakal Sunpakakake kewan alasan lan manuk ing awang-awang.

6. Ing kono kabeh pendhudhuk Mesir bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah. Awitdene sira iku upamane teken pring kanggo turuning Israel:

7. ing nalika padha nyekel sira kalawan tangan, sira banjur putung lan natoni pundhake wong mau kabeh; lan nalika padha sendhen marang sira, sira nuli putung sarta wong-wong mau banjur padha gloyoran kabeh.

8. Milanipun makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun bakal ndhatengake pedhang kang nglawan marang sira, tuwin kang nyirnakake manungsa lan kewan kang ana ing sira,

9. satemah tanah Mesir banjur dadi sepi mamring lan dadi reruntuhan. Ing kono banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.Ing sarehne sira celathu: Bengawan Nil iku ingsun kang kagungan, ingsun kang gawe,

10. mulane lah Ingsun dadi mungsuhira lan mungsuhe cawanganing bengawanira sarta tanah Mesir bakal Sundadekake reruntuhan lan sepi mamring wiwit saka ing Migdol nganti tekan ing Siene, malah nganti tekan ing tapel-watese tanah Etiopia.

11. Ora ana wong siji-sijia kang bakal liwat ing kono, malah kewan siji wae iya ora, sarta tanah iku bakal ora dienggoni lawase patang puluh taun.

12. Tanah Mesir bakal Sundadekake sepi mamring ana ing satengahe nagara-nagara kang wus kamusnakake lan kutha-kuthane bakal sepi mamring ana ing satengahe kutha-kutha kang wus kagempur lawase patang puluh taun. Wong Mesir bakal Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar, marang ing sakehing nagara.

13. Amargi makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing wekasane patang puluh taun mau para wong Mesir kang sumebar ana ing satengahe para bangsa iku bakal Sunklumpukake.

14. Tuwin kaanane tanah Mesir bakal Sunpulihake sarta wong-wong mau bakal Sunbalekake marang tanah Patros, yaiku tanah asale; ana ing kana bakal dadi karajan kang ringkih.

15. Dadi karajan kang ringkih dhewe ana ing antarane karajan-karajan liyane lan ora bakal bisa ngunggulake awake maneh ngungkuli bangsa-bangsa liya. Bakal Sundadekake ringkih banget, satemah ora bakal bisa ngereh bangsa-bangsa maneh.

16. Lan ora bakal dadi andel-andele turune Israel maneh, kang ngelingake marang kaluputane Israel, manawa Israel marani lan njaluk tulung mrono. Ing kono Mesir bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.”

Mesir dadi pituwase Sang Prabu Nebukadnezar

29:17-21

17. Tumuli ing taun kang kaping pitulikur, tanggal siji sasi siji, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

18. “He, anaking manungsa, Nebukadnezar raja Babil, akon marang wadya-balane supaya padha ngepeng anggone nglawan Tirus; sakehing sirah wus gundhul lan sakehe pundhak wus padha babak, ewadene raja iku sarta wadya-balane ora oleh kauntungan saka ing Tirus ing bab anggone mbudidaya nglawan Tirus mau.

19. Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun maringake tanah Mesir marang Nebukadnezar, raja Babil lan iku bakal ngangkut kasugihane; tuwin bakal ngrerampas lan njejarah lan iki minangka pituwase wadya-balane.

20. Nebukadnezar bakal Sunparingi tanah Mesir minangka ganjaran tumrap apa kang wus dilakoni, sabab wus tumindak ing gawe kagem Ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

21. Ing dina iku Ingsun bakal nukulake sungu kanggo turune Israel lan ndadosake sira banjur bisa caturan maneh ana ing satengahe wong-wong mau. Ing kono nuli bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”