Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 30 Kitab Sutji (JAV)

Paukumane Sang Yehuwah marang Mesir

30:1-19

1. Ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan pratelaa: Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Padha nangisa lan ngucapa: Adhuh, dina iku!

3. Dina iku wus cedhak, dinane Sang Yehuwah wus cedhak, dina mendhung kang peteng; iku dinane para bangsa.

4. Pedhang nekani Mesir lan Etiopia bakal gumeter ing nalikane wong-wong padha ambruk pinatenan ana ing Mesir tuwin kasugihane digawa mlayu sarta pandhemen-pandhemene padha kabongkar.

5. Wong Etiopia, Put, Lud, wong ing saidenging tanah Arab, wong Libia sarta para wong saka ing nagara kang sekuthon karo bangsa-bangsa iku bakal padha ambruk mati dening pedhang bebarengan.

6. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Para wong kang padha mbiyantu Mesir bakal ambruk mati, tuwin kumlungkunge Mesir kang awit saka kakuwatane bakal sirna. Wiwit saka ing Migdol nganti tumeka ing Siene wong-wong bakal mati dening pedhang. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

7. Mesir bakal kasirnakake ana ing satengahe nagara kang wus padha sepi mamring lan kutha-kuthane bakal kagolong kutha kang wus padha rusak.

8. Ing kono wong-wong bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku ing nalikane Ingsun nganakake geni ana ing Mesir satemah sakehing wong kang mbiyantu padha sirna.

9. Ing dina iku para utusaningSun bakal padha mangkat kalawan rerikatan prelu banjur gawe kagete Etiopia kang lagi seneng-seneng, temahan bakal padha gumeter ing dina tumibane paukuman tumrap Mesir; amarga iku nyata-nyata bakal kelakon.

10. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngicali kasugihane Mesir lumantar Nebukadnezar, raja ing Babil.

11. Panjenengane kalawan wadya-balane; yaiku umat kang ambek siya dhewe ing antarane para bangsa, bakal nyirnakake tanah iku lan bakal ngunus pedhang nglawan Mesir sarta bakal padha ngebaki tanah iku kalawan wong kang padha dipateni.

12. Ingsun bakal ngasatake cawanganing bengawan Nil sarta bakal masrahake tanah iku marang ing tangane wong ala, apadene bakal nyirnakake tanah iku dalah saisine lumantar bangsa liyan. Ingsun, Yehuwah, kang mangandikakake bab iku.

13. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal ngrisak para brahalane lan ngicali dewa-dewaning Memfis; tuwin ing tanah Mesir bakal ora ana panggedhene maneh sarta Ingsun bakal nuwuhake pagiris ana ing kana.

14. Ingsun bakal nyirnakake Patros lan nganakake geni ana ing Soan sarta ndhawahake paukuman marang Tebe.

15. Ingsun bakal ngesokake bebenduningSun marang Sin, betenge Mesir lan nyirnakake kasugihane Tebe.

16. Ingsun bakal nganakake geni ana ing Mesir, Sin bakal gumeter apadene Tebe bakal karebut lan tembok-temboke bakal kabongkar.

17. Para nom-noman On lan Pi-Beset bakal padha ambruk dening pedhang tuwin para wong wadon bakal kaboyongan.

18. Ing Takhpanhes bakal ana pagowong ing wayah raina, yaiku ing nalikane Ingsun mepesake panguwasane Mesir ana ing kana lan anggone kumlungkung, kang marga saka kakuwatane, bakal sirna. Kutha iku bakal katutupan ing mendhung, dene anak-anake wadon bakal kaboyongan.

19. Sabanjure Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Mesir, temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.”

Sirnane panguwasane Mesir

30:20-26

20. Nalika ing taun kang kaping sawelas, tanggal pitu sasi kapisan, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

21. “He, anaking manungsa, tangan kakuwatane Pringon, raja ing Mesir, wus Suntugel lan tangane iku ora kablebed supaya pulih maneh, ora ana kang mblebed supaya dadi kuwat maneh, lan bisa ngacungake pedhang.

22. Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhe Pringon, raja ing Mesir, tuwin Ingsun bakal nugel tangane, kang isih kuwat sarta kang wus tugel, apadene bakal ndhawahake pedhang kang ana ing tangane.

23. Wong Mesir bakal Sunbuyarake ana ing antarane para bangsa lan Sunsebar menyang sakehing nagara.

24. Ingsun bakal nyantosakake tangane raja ing Babil lan bakal maringake pedhangingSun ana ing tangane, nanging tangane Pringon bakal Suntugel lan dheweke bakal ngadhuh-adhuh kaya wong kang tatu banget ana ing ngarepe.

25. Ingsun mesthi bakal nyantosakake tangane raja Babil, nanging tangane Raja Pringon bakal lemes. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku nalika Ingsun maringake pedhangingSun ing tangane raja ing Babil, kang tumuli kaacungake marang ing tanah Mesir.

26. Ingsun bakal mbuyarake wong Mesir ana ing antarane para bangsa lan nyebar wong-wong mau menyang ing sakehe nagara. Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”