Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34
  35. 35
  36. 36
  37. 37
  38. 38
  39. 39
  40. 40
  41. 41
  42. 42
  43. 43
  44. 44
  45. 45
  46. 46
  47. 47
  48. 48

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 31 Kitab Sutji (JAV)

Raja Pringon kagambar kayadene wit eres kang kategor

31:1-18

1. Ing taun kang kaping sawelas, tanggal siji sasi telu, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, sira tutura marang Pringon, raja ing Mesir lan marang sagolongane mangkene:Ing sajroning kamulyanirasapa kang bisa madhani sira?

3. Lah, sira Sunpadhakakekalawan wit eres ing Libanon,kang pange ngrempayak endah-endahlan kang godhonge ngrembuyung;wite dhuwur bangetpucuke nganti sundhul langit.

4. Kali-kali kang ndadekake gedhe,samodra agung ndadekake dhuwur,iku kang njalari kali-kali padha milingubengi panggonane ikulan kalen-kalen padha milimenyang ing sakehing wit-witan kang ana ing ara-ara.

5. Awit saka iku dhuwurengungkuli sakehing wit-witan ing ara-ara;pange kang cilik-cilik saya akeh,pange kang gedhe padha dadi dawamarga kaluberan ing banyu akeh.

6. Kang padha nusuh ana ing pange kang cilik-ciliksakehing manuk ing ngawang-awang,dene kang ana ing sangisoring pang-pang gedhekabeh kewan ing alas kang padha manak,sarta sakehing bangsa kang gedhepadha ngeyub ana ing sangisore.

7. Wit mau endah marga saka gedhenelan marga pange kang gedhe padha dawa-dawa;jalaran oyode padha nlosornganti tekan ing banyu kang agung.

8. Wit eres kang ana ing patamananing Allahora bakal padha bisa nandhingi,samono uga wit berosora bakal padha bisa madhani pang-pange kang cilik,sarta wit armon ora ana kang kena katandhingakekaro pang-pange kang gedhe.Sakehing wit-witan ing patamananing Allahora ana kang bisa katandhingakeing bab kaendahane.

9. Ingsun kang gawe bangeting endahedalah pange kang gedhe-gedhe kang nggrembel.Sakehing wit-witan ing patamanan Eden ing patamananing Allahpadha meri.

10. Marga saka iku Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Sarehne wit iku dhuwur, pucuke nganti sundhul langit sarta marga saka dhuwure iku banjur dadi kumlungkung,

11. mulane wus Sunulungake marang ing tangane wong kang kwasa ana ing antarane para bangsa, supaya kapatrapana kang salaras kalawan pialane; wus Suntundhung.

12. Wong-wong manca, yaiku umat kang ambek siya dhewe ing antarane para bangsa, bakal negor wit iku lan banjur kaetogake bae; pange kang gedhe-gedhe padha tiba ana ing gunung-gunung lan ing lembah-lembah sarta pange kang cilik-cilik padha sempal tiba ing dhasaring kaline nagara iku tuwin sakehing bangsa ing bumi padha lunga lumayu saka ing pangaubane, wit iku nuli kaetogake bae.

13. Sakehing manuk ing awang-awang padha mencok ing wit kang wus gumlimpang iku lan sakehing kewan ing alas padha manggon ing antarane pang-pange kang gedhe.

14. Kabeh iki kelakone supaya sakehing wit-witan ing sapinggiring banyu aja padha ngunggul-unggulake dhiri lan pucuke aja nganti kasundhulake ing langit sarta supaya wit-witan kang gedhe, yaiku kabeh kang nesep banyu akeh, aja padha nerusake anggone kumlungkung; amarga kabeh wus padha kaulungake marang pati, ing telenging bumi ing satengahe anak-anaking manungsa kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan.

15. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina tumurune marang ing jagading wong mati, samodra agung Sundhawuhi bela-sungkawa. Kali-kaline padha Sunendheg iline, satemah banyune kang gedhe banjur kabendung. Lan marga saka dheweke gunung Libanon Sundadekake manganggo bagor tuwin sakehe wit-witan ing alas Sundadekake alum lesu.

16. Para bangsa kang krungu gumebruging ambruke, padha Sundamel gumeter, yaiku ing nalikane Ingsun nglebokake dheweke menyang ing jagading wong mati, lan banjur nunggal kalawan kabeh kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan. Anadene sakehing wit-witan ing patamanan Eden, ing telenging bumi bakal rumangsa kalipur, yaiku wit-witan kang pinilih lan kang endah dhewe ing Libanon, kang nesep banyu akeh.

17. Iku uga padha melu mudhun bebarengan menyang ing jagading wong mati, yaiku para wong mati kang kena ing pedhang, lan kabeh kang padha manggon ing pangaubane ana ing satengahing bangsa-bangsa kang uga wus mati.

18. Mulane sira iku kena katandhing karo sapa ing panunggalane wit-witan ing patamanan Eden ing bab kamulyan lan kaluhuran? Sira bakal kaudhunake menyang ing telenging bumi bebarengan karo wit-witan ing patamanan Eden sarta bakal gumlethak ana ing satengahe para wong kang ora tetak, bebarengan karo para wong kang mati kena ing pedhang. Yaiku Pringon dalah sagolongane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”