Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 22 Kitab Sutji (JAV)

Bab tulung-tinulung

22:1-4

1. “Manawa kowe weruh sapi utawa wedhuse sadulurmu ketriwal, kowe aja ethok-ethok ora weruh, nanging mesthi kudu kokulihake menyang panggonane sadulurmu.

2. Dene manawa panggonane sadulurmu iku ora cedhak, utawa kowe ora sumurup sapa kang duwe, kewan iku nuli lebokna ing kandhangmu lan cikben ana ing kono, nganti digoleki dening sadulurmu, banjur kudu kokbalekake.

3. Mangkono uga tindakmu tumrap kuldine sadulurmu lan iya mangkono tumrap sandhangane, iya mangkono tumrap sabarang duweke sadulurmu kang ilang lan koktemu, aja nganti kowe ethok-ethok ora ngerti.

4. Manawa kowe weruh kuldi utawa sapine sadulurmu ambruk ana ing dalan, aja nganti kowe rewa-rewa ora weruh, poma sadulurmu iku rewangana nangekake.”

Pranatan warna-warna

22:5-12

5. “Wong wadon aja nganggo sandhangan wong lanang lan wong lanang aja nganggo sandhangan wong wadon, sabab sapa sing nglakoni mangkono iku dadi jember tumrap ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

6. Manawa kowe mrangguli susuh manuk ana ing dedalan, ana ing wit utawa ing lemah, isi anak utawa endhog, mangka embokne lagi ngengremi anake utawa endhoge, iku embokne aja nganti kokjupuk dalah anak-anake.

7. Saora-orane embokne uculna, mung anake bae kena kokjupuk; iku supaya kowe ginanjara slamet lan umur dawa.

8. Manawa kowe ngadegake omah anyar, payone omahmu iku gawekna pager, supaya omahmu iku aja nganti kapotangan getih, saupama ana wong tiba saka ing kono.

9. Pakebonanmu anggur aja koksebari wiji rong warna, supaya pametune wiji kang koksebar lan pametune pakebonan anggur iku aja nganti tumiba ing papan pasucen.

10. Anggonmu mluku aja nganggo sapi sisihan karo kuldi.

11. Kowe aja nganggo sandhangan tenunan kang bakale rong warna, yaiku wulu wedhus karo lena.

12. Jarit kang nutupi awakmu iku pasangana tali plintiran ing pojoke papat pisan.”

Tatanan ningkah

22:13-30

13. “Manawa ana wong lanang kang ngepek bojo, mangka sawuse sapaturon banjur disengiti,

14. sarta didakwa nglakoni pratingkah kang ora patut, diala-ala jenenge, pangucape: Wong wadon iki dakpek bojo, nanging bareng sapaturon, ora ana tandha-tandhane yen isih prawan;

15. ing kono bapa-biyunge bocah wadon mau padha njupuka tandhane prawan bocah iku, dituduhna marang tuwa-tuwane kutha ana ing gapura.

16. Bapakne bocah wadon mau tumuli matura marang para tuwa-tuwa iku: Kula sampun nyukakaken anak kula estri dhateng tiyang jaler punika dados semahipun, nanging lajeng dipun sengiti,

17. kaliyan malih, kauningana, tiyang jaler punika ndakwa anak kula nglampahi pandamel ingkang kirang pantes, pangucapipun: Anak sampeyan punika kula yektosi boten wonten tandhanipun manawi taksih prawan. Mangka punika tandhanipun manawi anak kula taksih prawan, jarite banjur dijerenga ana ing ngarepe tuwa-tuwane kutha.

18. Wong lanang mau tumuli dicekela dening para tuwa-tuwane kutha kono sarta dirangketa,

19. apadene didhendhaa satus sekel salaka, ditampakna marang bapakne bocah wadon, awit wong lanang mau wus ngalakake jenenge prawan ing Israel; apamaneh wong wadon mau tetepa dadi somahe, ora kena ditundhung sajege urip.

20. Nanging manawa pandakwa mau bener, tegese: bocah wadon iku pancen wus dudu prawan,

21. ing kono bocahe banjur digawaa metu menyang ing ngarepe lawanging omahe bapakne, tumuli dibenturana watu dening wong saisining kuthane, nganti mati, awit wus gawe kuceme wong Israel, dene laku jina ana ing omahe bapakne. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

22. Manawa ana wong lanang ketemu awor turu karo wong wadon kang duwe bojo, karo-karone padha kaukuma pati, iya kang lanang kang nuroni wong wadon mau, iya kang wadon. Kaya mangkono anggonmu kudu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

23. Manawa ana bocah wadon isih prawan kang wus duwe pacangan, ketemu karo wong lanang ana ing kutha, banjur dituroni,

24. sakaro-karone padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahe pepadhane. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.

25. Nanging manawa wong lanang mau ketemu bocah wadon kang wus pacangan iku ana ing ara-ara, banjur diroda-peksa lan dituroni dening wong mau, kang kaukum pati mung wonge lanang dhewe, kang nuroni mau;

26. bocahe wadon aja kokkapak-kapakake. Bocah prawan iku ora ana dosane kang laras karo paukuman pati, marga prakara iku padha kaya manawa ana wong dirampog pepadhane lan dipateni.

27. Sarehne anggone ketemu ana ing ara-ara, mulane sanadyan bocah wadon kang wus pacangan mau bengok-bengok, nanging ora ana kang mitulungi.

28. Manawa ana wong lanang ketemu bocah wadon isih prawan lan durung pacangan, mangka banjur dicandhak lan dipeksa dituroni, sarta tumuli konangan,

29. wong lanang kang nuroni iku banjur menehana dhuwit seket sekel salaka marang bapakne bocah wadon, lan iku tumuli dadia somahe, marga wus diroda-peksa; kang wadon mau ora kena dipegat sajege urip.

30. Wong lanang ora kena njupuk somahe bapakne, ora kena ngungkabi jarite bapakne.”