Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 25 Kitab Sutji (JAV)

Nglawan tindak sawenang-wenang

25:1-4

1. “Yen ana wong para-padu sawatara kang padha seba marang pangadilan nyuwun adil, kang bener iya dibenerna lan kang luput kaukuma.

2. Dene saupama kang luput iku patut kaukum gebug, hakim nuli akona wong mau mangkureb, banjur mrentahna nggebugi ana ing ngarepe, cacahing panggebuge gumantung gedhe-ciliking kaluputane.

3. Panggebuge aja luwih saka kaping patang puluh; supaya sadulurmu iku aja nganti asor ana ing pandelengmu, manawa panggebuge luwih saka samono.

4. Kowe aja mbrangus cangkeme sapi kang lagi dianggo nggiling.”

Bab omah-omah karo sadulure bojone kang wus tinggal donya

25:5-10

5. “Manawa ana sadulur lanang padha manggon tetunggalan, mangka kang siji mati ora tinggal anak lanang, ing kono randhane kang mati mau aja omah-omah karo wong liya kang dudu kulawargane, nanging sadulure kang lanang iku kang wajib ngepek bojo, lan kalawan mangkono dadine nindakake kawajibaning ningkah ipe.

6. Banjur anak lanang pembarep kang lair iku dianggepa anake sadulure kang wus mati, supaya jenenge aja nganti cures saka ing antarane wong Israel,

7. nanging saupama wong iku ora seneng ngepek ipene mau, ipene tumuli ngadhepa marang para tuwa-tuwa ana ing gapura sarta matura: Ipe kula boten purun nggesangaken namaning sadherekipun wonten ing Israel, boten purun netepi kawajiban ningkah ipe dhateng kula.

8. Ing kono para tuwa-tuwane kutha ngundanga ipe kang mbangkang mau sarta dipituturana; dene saupama meksa emoh sarta matur: Kula boten remen mendhet semah tiyang punika,

9. banjur dicedhakana dening tilas bojone sadulure iku ana ing ngarepane para tuwa-tuwa, dicopota trumpahe lan raine diidonana karo ngucapa: Kaya mangkene iki kang mesthi katandukake marang wong kang ora gelem nuwuhake turun marang sadulure.

10. Sarta turune wong iku ana ing Israel bakal kasebut: turune wong kang trumpahe dicopot ing wong.”

Larangan tumrap tindak saru

25:11-12

11. “Manawa ana wong lanang padha kerengan, mangka somahe kang siji banjur nyedhak arep mitulungi kang lanang saka tangane kang menthung, kalawan gumrageh nyekel kawirangane mungsuhe kang lanang,

12. wong wadon iku kethoken tangane, aja kokmesakake.”

Bab timbangan lan takeran kang bener

25:13-16

13. “Ing kanthongmu aja ana watu timbangan rong warna, gedhe lan cilik.

14. Ing omahmu aja ana takeran efa rong warna, gedhe lan cilik.

15. Watu timbanganmu kudu kang wutuh lan cocog; lan takeranmu efa kudu kang wutuh lan cocog, supaya kowe didawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.

16. Sing sapa duwe pokal kang mangkono iku, yaiku: saben wong kang nandukake cidra, iku jember tumrap ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”

Bangsa Amalek kudu katumpes

25:17-19

17. “Kowe elinga apa kang dadi panggawene wong Amalek marang kowe, ana ing dalan nalikane kowe metu saka ing tanah Mesir;

18. yaiku anggone mapagake kowe ana ing dalan, sarta nggecak panunggalanmu kang ringkih kang padha lumaku ana ing buri, mangka kowe lagi sayah lan lesu. Wong mau padha ora wedi marang Gusti Allah.

19. Mulane besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus kelakon maringi tentrem marang kowe, uwal saka sakehe mungsuh ing saubengmu, ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu lan tanah-pusakamu, kowe banjur nyirnakna pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisore langit. Iku kowe aja nganti lali!”