Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24
  25. 25
  26. 26
  27. 27
  28. 28
  29. 29
  30. 30
  31. 31
  32. 32
  33. 33
  34. 34

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 9 Kitab Sutji (JAV)

Bangsa Israel dielingake supaya aja nganti ngendel-endelake lelabuhane

9:1-6

1. “He wong Israel, rungokna. Saiki kowe bakal nyabrang bengawan Yarden, arep lumebu sarta ngenggoni tanahe bangsa-bangsa kang cacahe lan kakuwatane ngungkuli kowe, yaiku kang kutha-kuthane gedhe lan mawa balowarti kang dhuwure nganti sundhul ing langit;

2. bangsa kang gedhe lan dhuwur dedeg-pangadege, wong Enak kang wus koksumurupi lan kokrungu kaloke: Sapa kang bisa menang karo wong Enak?

3. Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.

4. Anadene samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus nundhungi bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, kowe aja padha duwe osik ing atimu: Marga saka lelabetanku Pangeran Yehuwah anggone ngirid aku lumebu lan ngebeki nagara iki; sanyatane marga saka pamblasare bangsa-bangsa iku anggone padha ditundhungi metu dening Sang Yehuwah saka ing ngarepmu.

5. Ora marga saka lelabetan utawa saka jujuring atimu anggonmu lumebu ngejegi nagarane, nanging marga saka pamblasare para bangsa iku, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, anggone nundhungi metu saka ing ngarepmu, sarta maneh supaya netepana prajanjine kang wus didhawuhake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Rama Abraham, Rama Iskak lan Rama Yakub.

6. Kang iku kawruhana, yen ora marga saka lelabetanmu anggone Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, maringake nagara kang becik iku marang kowe supaya dadi duwekmu. Satemene kowe iku bangsa kang wangkot.”

Lelakon bab murtade ana ing gunung Horeb

9:7-29

7. “Elinga, aja lali, yen kowe wus padha ndadekake dukane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing pasamunan. Wiwit budhalmu saka ing tanah Mesir nganti tekamu ing kene iki, kowe tansah padha nglawan marang Pangeran Yehuwah.

8. Ana ing gunung Horeb kowe padha njalari dukane Pangeran Yehuwah, malah saka bangeting dukane, nganti kowe arep padha ditumpes.

9. Nalika aku wus munggah ing gunung bakal nampani papan watu, iya papaning prasetyan damelane Pangeran Yehuwah kang wus katetepake karo kowe, aku banjur nginep ana ing dhuwur gunung kono lawase nganti patang puluh dina patang puluh bengi, ora mangan roti lan ora ngombe banyu.

10. Pangeran Yehuwah banjur maringake papan watu loro marang aku, isi seratan tapak astane Gusti Allah, kang surasane padha karo pangandika kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe ana ing gunung saka ing tengahe geni, mbeneri dinane pasamuwan.

11. Sawuse patang puluh dina patang puluh bengi mau, Pangeran Yehuwah banjur maringake papan watu loro marang aku, iya papane prasetyan iku.

12. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang aku, mangkene: Sira ngadega, dienggal mudhuna, awit bangsanira kang sira entasake saka ing tanah Mesir iku wus nglakoni duraka; enggal temen anggone padha nyleweng saka ing dalan kang wus Sundhawuhake, wus padha gawe sesembahan reca cor-coran.

13. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang aku: Bangsa iki wus Sunsekseni, pancen bangsa kang wangkot.

14. Ingsun aja sira penggak, bangsa iki bakal Suntumpes lan jenenge Sunsirnakake saka ing sangisore langit; nanging sira bakal Sundadekake bangsa kang luwih kwasa lan luwih akeh cacahe tinimbang bangsa iki.

15. Aku banjur mudhun saka ing gunung, kang lagi murub; dene papane prasetyan sakarone daksangga ing tanganku loro.

16. Aku tumuli weruh, sanyata-nyata kowe wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus padha gawe reca pedhet cor-coran; enggal temen anggonmu padha nyleweng saka ing dalan kang wus didhawuhake dening Sang Yehuwah marang kowe.

17. Ing kono papan watu loro mau dakcekel kalawan kenceng banget, dakbanting saka ing tanganku loro, lan dakremuk ana ing ngarepmu.

18. Aku banjur tumelung sujud ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, kaya kang dhisik, ora mangan roti lan ora ngombe banyu, kabeh mau marga saka dosa kang wus padha koklakoni, yaiku kowe wus padha duwe pokal kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, nganti njalari gerahing panggalihe.

19. Aku ndhredheg nyumurupi duka lan bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad marang kowe, nganti karsane bakal numpes marang kowe kabeh. Nanging ing sapisan iki Pangeran Yehuwah iya nyembadani panyuwunku.

20. Kamas Harun iya didukani banget, nganti karsane iya bakal ditumpes. Kamas Harun iya dakdongakake uga ing nalika samana.

21. Nanging wohing panggawemu kang dosa, yaiku reca pedhet mau dakjupuk lan dakobong, nuli dakgecak lan dakgiling nganti lembute sabledug; bubukane banjur dakbuwang menyang ing kali kang mili saka ing gunung.

22. Uga ana ing Tabera lan ing Masa sarta ing Kibrot-Taawa kowe tansah padha njalari dukane Pangeran Yehuwah.

23. Mangkono uga nalika Sang Yehuwah dhawuh marang kowe supaya mangkat saka ing Kadesy-Barnea, pangandikane: Padha mangkata, ngejegana nagara peparingingSun marang sira, ing kono kowe padha mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe ora nggugu marang Panjenengane lan ora ngestokake dhawuhe.

24. Malah kowe iku padha nglawan marang Sang Yehuwah wiwit aku wanuh karo kowe.

25. Aku tumuli sujud ana ing ngarsane Sang Yehuwah, -- anggonku sujud patang puluh dina patang puluh bengi --, marga wus ana pangandikane Pangeran Yehuwah, yen bakal numpes marang kowe kabeh,

26. mulane aku nyenyuwun marang Pangeran Yehuwah, unjukku: Dhuh Gusti Allah, mugi sampun ngantos nyirnakaken umat Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka tebus kaliyan kaluhuran Paduka saha ingkang sampun Paduka entasaken saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa.

27. Paduka mugi karsaa ngengeti dhateng para abdi Paduka Eyang Abraham, Iskak lan Yakub; sampun ngantos ngengeti dhateng wangkoting manahipun bangsa punika, punapa malih dhateng duraka saha dosanipun;

28. supados nagari, pinangkanipun anggen kawula sami Paduka entasaken punika sampun ngantos sami cariyos: Sarehne Sang Yehuwah ora kaconggah nglebokake bangsa iku menyang ing tanah kang wus dijanjekake marang wong-wong iku, lan marga saka sengite, mulane wong iku padha diirid metu arep dipateni ana ing pasamunan.

29. Bangsa punika rak kagungan Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka entasaken margi saking kasekten Paduka ingkang linangkung, saha klayan lengen Paduka ingkang kaulukaken?”